Seputar Islam
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 25 Juli 2025, Khidmat dan Menyentuh, Ada PDF Disini
Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumullah, Monggo kito sami takwo dumateng Gusti Allah ing panggenan pundi kimawon, kanti nindaaken sedoyo perintahipun la
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Kedah kito mangertosi bilih tiyang ingkang remen syukur, bakal dipun tambahi rejekine. Sinaoso rejeki niku arupi wiji alit. Gusti Allah dawuh:
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ
Artosipun: Lan ilingo, nalikane Gusti Allah paring maklumat: saktemene lamun siro kabeh podo syukur, mongko ingsun tambahi, lan lamun siro kabeh kufur, mongko saktemene sikso ingsun iku banget larane (Ibrahim: 7)
Ayat meniko wonten tafsir Ibnu Katsir dipun tegesaken bilih syukur dumateng nikmat ingkang dipun paringi kaliyan Gusti Allah niku bakal dipun tambahi kenikmatane, kosok wangsule, sinten kimawon ingkang kufur nikmat, bakal dipun sikso.
Muyassar anggitane Imam Sa’di dipun sebataken:
وَالشُّكْرُ هُوَ اِعْتِرَافُ اْلقَلْبِ بِنِعَمِ اللهِ وَالثّنَاءُ عَلىَ اللهِ بِها وَصَرْفُهَا فيِ مَرْضَاةِ اللهِ تعالى
Artosipun: Syukur niku pengakuane penggaleh marang nikmate Gusti Allah lan muji dumateng Gusti Allah lan nggunaaken nikmat ingdalem ridane Gusti Allah.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Saking dawuh-dawuh kasebat, perlu kito niti pirso penggaleh piyambak; nopo kito sampun muji lan syukur ingatase nikmat-nikmat? Pramilo, monggo kito katahaken ngucap alhamdulillah kanti dipun sarengi tindak lampah ingkang sae minongko dados raos syukur.
Amergi tasik katah sanget tiyang ingkang supe bersyukur. Gusti Allah sampun dawuh:
وَقَلِيلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ
Artosipun: Kedik banget saking kawulo ingsun ingkang akeh syukure (Saba’: 13)Pramilo, ampun ngantos kito supe kaliyan dawuhe Gusti Allah ingkang sampun ngimutaken dumateng kito sedoyo supados remen ngalampahi syukur ingatase nikmat ingkang dipun paringaken kito.
Akhiron, mugi-mugi kito saget kalebet tiyang ingkang remen muji dan syukur dumateng Gusti Allah, hinggo kecatet umate Kanjeng Nabi Muhammad ingkang minassyakirin. Amin.
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم: رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah II:
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi Hari Kemerdekaan, Khidmat dan Penuh Makna, Ada PDF Disini |
![]() |
---|
Doa Ketika Mendengar Petir dan Melihat Kilat, Lengkap Mudah Diamalkan |
![]() |
---|
Bacaan Niat dan Cara Melakukan Tayamum di Mobil Hingga Pesawat |
![]() |
---|
Doa-doa untuk Para Pahlawan, Pejuang Kemerdekaan, Tulisan Arab dan Latin Beserta Artinya |
![]() |
---|
Hadits Hiasilah Rumah dengan Bacaan Alquran, Tulisan Arab, Makna dan Manfaatnya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.