Seputar Islam
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 11 Juli 2025, Khidmat dan Bermakna Dalam
Berikut ini akan disajikan selengkapnya contoh teks Khutbah Jumat terbaru dalam Bahasa Jawa edisi 11 Juli 2025 yang khidmat dan bermakna untuk bagikan
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan selengkapnya contoh teks Khutbah Jumat terbaru dalam Bahasa Jawa edisi 11 Juli 2025 yang khidmat dan bermakna untuk bagikan pada Jamaah Sholat Jumat.
_______
Materi Khutbah Jumat
"Santri Kudu Ngajeni Guru lan Tiyang Sepuh"
Khutbah I:
اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوْا فِى الْمَجٰلِسِ فَافْسَحُوْا يَفْسَحِ اللّٰهُ لَكُمْۚ وَاِذَا قِيْلَ انْشُزُوْا فَانْشُزُوْا يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kimawon. Kito kedah semangat anggenipun nindaaken sedoyo perkawis ingkang dipun ajaraken kaliyan Kanjeng Nabi.
Ampun ngantos kito anggur-angguran mboten manfaataken wekdal ingkang sampun diparingaken kito sedoyo. Padahal pati soyo parek lan kito kedah cekelan netepi agomo Islam. Gusti Allah dawuh wonten surat Ali Imran, 102:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan ojo mati kejobo netepi Islam.
Takwo dumateng Gusti Allah kedah dipun tenani ngantos ajal dumugi, misale kito kedah ningkataken amal ibadah kesaenan, taqarrub marang Gusti Allah, tumindak becik marang tiyang lintu, ngajeni guru lan tiyang sepuh. Sehinggo pagesangan kito soyo berkah lan pikantuk rido guru lan tiyang sepuh.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Pangkate guru lan tiyang sepuh niku mulyo wonten ngersane Gusti Allah. Setunggale dawuh ingkang dipun kutip saking Lubabul Hadis, njelasaken kemuliaane guru nggih meniko:
مَنْ أكْرَمَ عَالِمًا فَقَدْ أكْرَمَنِي، ومَنْ أكرَمَنِي فَقَدْ أكرَمَ اللهَ، ومَنْ أكرَمَ اللهَ فَمَأوَاهُ الجَنَّةَ
Artosipun: Sopo wonge mulyakno tiyang alim (guru), mongko temen mulyakno ingsun, sopo mulyakno ingsun, mongko temen mulyakno Gusti Allah, sopo mulyakno Gusti Allah, mongko manggon ing suwargo (Lubabul Hadis)
Tegese, sinten kimawon ingkang dados murid, dados santri, mongko wajib ngajeni lan hurmat marang gurune. Amergi guru niku tiyang alim ingkang pangkate mulyo mungguh Kanjeng Nabi lan mulyo wonten ngersane Gusti Allah.
Lajeng kemulyaane tiyang sepuh dipun dawuhaken ing hadis:
Khutbah Jumat
Bahasa Jawa
11 Juli 2025
Kumpulan Khutbah Jumat 2025
Tribunsumsel.com
Jamaah Sholat Jumat
Dzikir dan Doa Jumat Sore Setelah Sholat Ashar, Lengkap dengan Tulisan Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Materi Khutbah Jumat Menyambut Rabiul Akhir 1447 H yang Berkesan dan Khidmat, Ada PDF Disini |
![]() |
---|
Bacaan Doa dan Zikir Al Jabbar, Lengkap Tulisan Latin Serta Terjemahannya |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Bulan Rabiul Awal, Singkat dan Mudah Dipahami |
![]() |
---|
Jawaban Jazakallahu Khairan/Jazakillahu Khairan, Ucapan Terimakasih Bahasa Arab |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.