Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Nuzulul Quran Bahasa Jawa yang Penuh Makna dan Khidmat, Ada LINK PDF

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.. Wonten ing kesempatan Jumat inkang minulyo meniko monggo kita sami ningkataken iman lan takwa dumateng Allah SWT

Tribunsumsel.com
KHUTBAH JUMAT NUZULUL QURAN - Ilustrasi malam Nuzulul Quran. Inilah Contoh Teks Khutbah Jumat Nuzulul Quran Bahasa Jawa yang Penuh Makna dan Khidmat, Ada LINK PDF. 

TRIBUNSUMSEL.COM - Inilah sajian selengkapnya Contoh Teks Khutbah Jumat Nuzulul Quran Bahasa Jawa yang Penuh Makna dan Khidmat edisi 14 Maret 2025. Tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan berikut.

  • Unduh PDF Materi Khutbah Jumat >>> [Disini:]

_________

"Empat Keutamaan Membaca Al-Qur’an"

Khutbah I

 اَلْحَمْدُ لله، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ الْفُرْقَانَ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَنَذَيِرًا، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَيْنَا بِأَنْوَاعِ النِّعَمِ مِدْرَارًا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُطَهِّرُوْنَ اللهَ تَطْهِيْرًا. فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ فِىْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ. بسم الله الرحمن الرحيم، شَهْرُ رَمَضَانَ ٱلَّذِى أُنزِلَ فِيهِ ٱلْقُرْءَانُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَٰتٍ مِّنَ ٱلْهُدَىٰ وَٱلْفُرْقَانِ ۚ فَمَن شَهِدَ مِنكُمُ ٱلشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۖ وَمَن كَانَ مَرِيضًا أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ ۗ يُرِيدُ ٱللَّهُ بِكُمُ ٱلْيُسْرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ ٱلْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا ٱلْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَىٰكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Wonten ing kesempatan Jumat inkang minulyo meniko monggo kita sami ningkataken iman lan takwa dumateng Allah SWT. Tegesipun, ngelampahi sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisan-awisan ipun.

Perlu dipun mangertosi bilih Iman lan Takwa meniko sak sae-saene sangu supados kito selamet wonten ing alam dunyo dumugi benjing wonten ing akhirot. Pramilo, wonten ing wulan Ramadhan ingkang kebak Rohmat lan maghfiroh meniko kito manfaataken kanthi sak saenipun kangge nyuwun Ridhonipun Allah SWT.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Ing wulan Ramadhan wonten setunggal peristiwa agung ingkang dados sejarah Umat Islam sak dunyo. Peristiwa inggih meniko mandhapipun Al Qu’an wonten tanggal 17 Ramadhan. Kados dawuhipun Allah SWT wonten Surat Al Baqoroh ayat 185:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Artosipun: “Wulan Ramadhan yoiku wulan sing sak jerone ono Al Qur’an mudun, dadi petunjuk umat manungso lan penjelasan-penjelasan tentang pituduh lan bedakno antarane sing bener lan batil.”

Nuzulul Qur’an meniko peringatan pertama kali mandhap ipun Al Qur’an dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten  Gua Hira. Wonten ing mriku, Rasulallah SAW dipun dugeni malaikat Jibril kelawan mbeto Surat Al Alaq ayat 1-5: 

اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ. خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ. اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ. الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ. عَلَّمَ الْإِنسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ

Pramilo, Ramadhan ugi dipun wastani Syahrul Qur’an utawi wulan Al Qur’an. Al Quran meniko dados petunjuk lan gadah pinten-pinten keistimewaan. Al Qur’an meniko kitab ingkang nyempurnaaken kitab-kitab Allah ingkang sampun diturunaken sak derengipun. Al Qur’an ugi dados salah setunggal mujizat Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Bacaan Lainnya
Khutbah Jumat Nuzulul Qur’an PDF Terbaru, Empat Keutamaan Membaca Al-Qur’an (B. Indonesia)Download Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat PDF: Al Qur’an Sebagai Petunjuk Yang Nyata (B. Jawa)Download Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat PDF: Al Qur’an Sebagai Petunjuk Yang Nyata (B. Indonesia)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Wonten ing Ramadhan 1446 Hijriyah utawi tahun 2025 Masehi meniko, Nuzulul Qur’an ingsya Allah dinten Senin, 17 Maret 2025 utawi 17 Ramadhan. Milo mboten heran katah masyarakat ingkang meringati kelawan macem-macem coro. Mulai ngawontenaken kegiatan ten masjid utawi mushola, buka bersama, ngantos ngatamaken Al Qur’an.

Sedoyo meniko dalam rangka hormat dateng mandhap ipun Kalamullah arupi Al Qur’anul Karim. Kegiatan meniko ugi dados pengeling lan nancepaken nilai-nilai Islam khusus ipun dateng anak-anak generasi selajengipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Katah sanget keistimewaan ingkang saget kito pendhet saking Al Qur’an. Nopo maleh kito purun maos lan ngamalaken ing wulan Ramadhan. Ing antawis ipun sekawan (4) keistimewan Al Qur’an inggih meniko:

1. Angsal Syafaat ing dinten kiamat

Dipun jelasakan wonten hadist Riwayat Muslim bilih tiang ingkang maos Al Qur’an angsal Syafaat ing dinten kiamat. Tentu, kelawan waosan ingkang leres, tajwid lan makhorijul huruf ipun leres.

اقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ

“Moco siro ing Al Qur’an, sebab dewek e bakal teko ing dino kiamat wenehi syafaat nang sopo wae sing moco Al Qur’an.”(HR. Muslim)

2. Tiang ingkang lancar maos  Al Qur’an bakal bareng poro malaikat

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikan:

الْمَاهِرُ بِالْقُرْآنِ مَعَ السَّفَرَةِ الْكِرَامِ الْبَرَرَةِ وَالَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ وَيَتَتَعْتَعُ فِيهِ وَهُوَ عَلَيْهِ شَاقٌّ لَهُ أَجْرَانِ

“Wong sing lancar moco Al Qur’an bakal bareng karo malaikat utusan sing mulyo tur ngabekti, tapi wong sing moco Al Qur’an kelawan nyendat-nyendat tur abot, mongko dewek e oleh ganjaran 2 (loro).” (HR. Muslim)

3. Maos sak huruf Al Qur’an angsal 10 kebagusan

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh:

مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا لَا أَقُولُ الم حَرْفٌ وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ

“Sopo wonge sing moco sak huruf teko kitab Allah, mongko dewek e bakal oleh siji kebagusan teko huruf sing diwoco, lan siji kebagusan ditikelaken dadi sepuluh. Aku gak ngarani Alif Laam Miim kuwi siji huruf, tetapi alif siji huruf, lam siji huruf dan Mim siji huruf.” (HR. Tirmidzi)

4. Tiang ingkang maos Al Qur’an ibarat buah utrujjah (kulite wangi, isine legi)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh,

مَثَلُ الْمُؤْمِنِ الَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ الْأُتْرُجَّةِ رِيحُهَا طَيِّبٌ وَطَعْمُهَا طَيِّبٌ وَمَثَلُ الْمُؤْمِنِ الَّذِي لَا يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ التَّمْرَةِ لَا رِيحَ لَهَا وَطَعْمُهَا حُلْوٌ وَمَثَلُ الْمُنَافِقِ الَّذِي يَقْرَأُ الْقُرْآنَ مَثَلُ الرَّيْحَانَةِ رِيحُهَا طَيِّبٌ وَطَعْمُهَا مُرٌّ وَمَثَلُ الْمُنَافِقِ الَّذِي لَا يَقْرَأُ الْقُرْآنَ كَمَثَلِ الْحَنْظَلَةِ لَيْسَ لَهَا رِيحٌ وَطَعْمُهَا مُرٌّ (البخاري)

“Ibarat wong mukmin moco Al Qur’an yoiku koyo buah utrujjah; ambune wangi lan rasane enak. Wong mukmin sing gak mocok Al Qur’an yoiku koyo buah kurmo; ora wangi tapi rasane legi. Wong munafik sing moco Al Qur’an yoiku koyo tanduran raihaanah (kemangi); ambune wangi tapi rasane pahit, tetapi wong munafik sing moco Al Qur’an yoiku koyo tanduran hanzhalah; ora mambu lan rasane pahit.” (HR.Bukhari-Muslim)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Pertanyaan sak lajengipun, sampun pinten ayat ingkang kito waos selama ramadhan? Sampun pinte juz ingkang kito waos?

Pramilo, Sak sampune kito semerap setengah saking keistimewaan Al Qur’an, monggo kito ambudi doyo supados angsal keistimewaan. Minimal, kito maos Al Qur’an meski mboten semerap artosipun lan ngamalaken isinipun. Sak repot-repote kito, monggo nyempataken maos Al Qur’an meski namung setunggal ayat. Keranten saben sak huruf ingkang kito waos bakal angsal 10 kebagusan.

Menawi wonten ingkang dereng saget maos, kito saget belajar dateng tiang ingkang langkung faham Al Qur’an. Belajar adab ipun, makhorijul huruf ipun, belajar tajwid ipun lan langkung-lankung belajar makna ipun. Ananging, kangge tiang ingkang dereng saget maos Al Qur’an sampun ngantos dipun pekso. Keranten kito mboten angsal ganjaran tetapi malah angsal duso.

Akhiripun, monggo kito nyuwun dateng Allah. Mugi-mugi ing wulan Ramadhan meniko kito dipun paringi kekuatan saget maos Al Qur’an. Sehinggo wonten ing dinten kiamat benjing kito angsal Syafaatipun. Amiin..

    بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَجَعَلَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاِت وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ البَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

 اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

***

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved