Sedekah Ruwah

3 Contoh Kata Sambutan Tuan Rumah Sedekah Ruwah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami

#Contoh 1: Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Sugeng enjing/sugeng siang/sugeng sonten/sugeng dalu. Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingka

Tribunsumsel.com
Ilustrasi Gambar Masjid - Berikut 3 Contoh Kata Sambutan Tuan Rumah Sedekah Ruwah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami. 

Kawula minangka sesulih saking ketua RT 06, badhe ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu punika.

Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.

Salajengipun, menawi anggenipun panitia gupuh suguh ugi aruh dhumateng panjenengan, kula minangka sesulihipun ingkang kagungan kersa nyuwun agungipun pangaksami.

Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.

Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten atur utawi tumindak kula ingkang kirang trep utawi kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.

Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh

#Contoh 3

Para rawuh, sesepuh, pinisepuh ingkang kinabekten
Bapak-bapak dalah ibu-ibu ingkang kinurmatan
sarta para kadang kaneman ingkang kula tresnani

Ingkang kapisan, sumangga kula dherekaken caos puja lan puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit wonten ing enjang/siyang/sonten/dalu punika kula panjenengan sedaya taksih kaparingan kasarasan saha kalodhangan makempal wonten ing pepanggihan arisan RT menika.

Kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng sedaya warga ingkang sampun paring kapitadosan dhumateng kula, ngundhuh saha caos pepanggenan kagem pepanggihan rutin arisan dalah rapat RT menika. Kanthi bombonging penggalih kula matur dhumateng panjenengan sedaya, sugeng rawuh ing papan panggenan kula menika.

Mugi-mugi rerembagan wonten ing enjang/siyang/sonten/dalu punika saged njurung kemajenganipun RT ingkang kula panjengenan sedaya tresnani menika.

Salajengipun, mbokmenawi anggen kula cepak papan panggenan kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Mboten kesupen kula ngaturaken panuwun dhumateng para kadang kaneman ingkang sampun urun pambiyantu kagem gancari lumadosipun pasugatan.

Cekap semanten atur kula, hambok bilih wonten lepat nyuwun pangapunten ingkang kathah.

**

Artikel lainnya di google news.

Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.

Halaman 2/2
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved