Isra Miraj

4 Contoh Pidato Tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah

Berikut ini 4 contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah.

Penulis: Vanda Rosetiati | Editor: Vanda Rosetiati
GRAFIS TRIBUN SUMSEL
Berikut ini 4 contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah. 

TRIBUNSUMSEL.COM - Contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, referensi untuk ceramah, silakan disimak pada artikel berikut.

Isra Miraj 1446H/2025 pada 27 Rajab bertepatan Senin, 27 Januari 2025. 

Rangkaian acara umumnya diadakan saat peringatan Isra Miraj, termasuk di antaranya ceramah agama. 

Berikut ini 4 contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah bagi yang memerlukan dikutip dari berbagai sumber. 

________

-- Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa (1) --


Assalamu’alaikum Wr. Wb.Hamdan Wa Sukrolillah, Washolatu wasalamu Ala Rosulillah, Amma ba’ du.

Dumateng bapak ibu guru ingkang kawulo hormati sarto rencang-rencang ingkang kawulatresnani. Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumatengGusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita,sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing panggonan mriki, ingkang sami-samihanggadahi tujuan mengeti adicara ISRA MI'RAJ, kang klebu ceramah agama kagem santapanrohani ing enjing punika.

Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sa’wa jare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkatakeniman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kitodhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkangdado larangan-laranganipun Allah swt.

Isro’ mi’roj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita
umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih Kanjeng Nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isro’, inggih pun ika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ingMasjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkangsampun dipun cawisa-
ken dening Allah SWT. 

Kanjeng Nabi mi’roj punika minggah dateng-langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punikalangit sap pitu.Kawulo ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro
lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun sagetdipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah SWT kagem kito sedoyo umat Islam.

Para hadirin hadirat Rahimmakumullah, Mbok menawi namung dumugi semanten, sesorahingkang saged kula aturaken, dene kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawiwonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur.

Wallahu muafik ila ‘aquamithorik,

Wassalamu’ alaikum wr. wb

-- Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa (2) --

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.

Puji syukur Alhamdulillah kaulo aturaken dateng gusti Allah SWT. ingkang sampun maringi pinten-pinten anugerah ingkang mboten saged kulo lan panjengean sedoyo itung katahipun, lan ugi sebab ridlo lan irodah ipun Allah, wonten ing saat sa'meniko, kulo lan panjenengan sedoyo sami-sami bermuwajjahah, pinanggih lan kempal sareng-sareng, wonten ing puniko majelis ingkang penuh barokah, mengenang kembali peristiwa ingkang bersejarah ingkang dipun alami dening Kanjeng Nabi Muhammad saw, inggih puniko tepat tanggal 27 Rajab tahun 11 sangking kenabian, utawi sewelas tahun sa' sampunipun Kanjeng Nabi nampi "SK" keangkat dados utusanipun Allah SWT. Inggih puniko naliko Kanjeng Nabi yuswa 51 tahun.

Piyambakipun dipun timbali dening Allah, dipun tindakaken isro mulai saking Masjidil haram (Makkah) ngantos dumugi Masjidil Aqsa (Palestina). Selajeng Kanjeng Nabi mi'raj utawi dipun unggahaken mawi kendaraan ingkang cepetipun kados kilat (buraq), saking Masjidil Aqsa minggah dateng langit sap pitu ngantos dumugi Sidratul Muntaha, perlu nampi perintah saking Allah SWT. kanjeng Nabi soho umatipun dipun wajibaken nindakaken shalat gangsal wekdal.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!

Mangga wontenipun peringatan isra' mi'raj saat meniko kita sambut kanthi giat ningkataken amal ibadah terutami amal ibadah ingkang dados intinipun utawi hasilipun isra' mi'raj inggih meniko ibadah shalat gangsal wekdal, supadosa kito terjaga saking sifat keji lan munkar.

Kejawi saking menika, Kanjeng Nabi ugi dawuh wonten ing salah setunggilipun hadits:

اَلصَّلاَةُ عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ **الحديث

Artosipun:
Solat iku dadi cagake agama, mula sapa wonge ngadegaken shalat berarti deweke ngadegake agama, lan sing sapa wonge ninggal shalat berarti deweke ngrubuhaken agama.

Matur nuwun, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

-- Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa (3) --

Bismillahirrahmanirrahim,

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kulo hormati bapak saha ibu guru sedoyo. Rencang-rencang ingkang kulo sayangi.

Sepindah mangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah ingkang tasih maringi pinten-pinten keberkahan.


Ingkang angka kalih, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang syafaatipun kita tengga wanten yaumil akhir mangke.

Hadirin sedoyo. Wekdal menika umat Islam nembe mengeti peringatan hari akbar, Isra Miraj.

Mugi pengetan punika nambah iman saha taqwa dumateng Allah SWT, ndadosaken kita sedaya umat ingkang pikantuk kamulyan.

Sebagai umat Islam tugas kita naming selalu takwa, ngelaksanaaken perintah Allah saha nebihi napa ingkang dipun larang dening Allah.


Hadirin, jaminan surga, Jannah kangge umat Islam meniko pasti. Kulo pitados, sedoyo ingkang rawuh wekdal menika tansah ngentosi wekdal saget mlebet wonten swarga.

Naming, mboten saget menawi naming nenggo tanpa berikhtiar, berusaha, beribadah dumateng Allah SWT.

Hadirin,

Menawi panjenengan lewat wonten pasarean, kathah priyayi ingkang sampun ngrumiyini kondur dumateng Allah.

Sejatosipun menawi dipun paringi pilihan kangge wangsul wonten dunyo, piyambakipun sanget sanget kersa. Amargi kangge nopo?

Kangge beribadah, menambah bekal supados saged mulyo wonten ing akhirat. Nah, hadirin sedoyo. Kata tasih gadah wekdal.

Mangga kita isi, kita manfaaten kanthi sae, ngleksanaaken amal kebaikan lan tansah tunduk dumateng aturanipun Allah SWT.

Hadirin, sejatosipun menambah amal jariyah menika gampil. Kathah amalan ingkang saged dipun laksanaaken tanpa kedah ngangge arta.

Berbakti dumateng tiyang sepuh, kerso biyantu sesame, sholat tepat waktu saha nambahi maos Al Quran.

Sedaya gratis lan pahalanipun luar biasa kathah saha berkah. Insyaallah kita saling ngelingaken supados tetep dados umat Islam ingkang beruntung fid dunya wal akhirat.

Matur nuwun, menawi wonten kalepatan kula nyuwun ngapunten, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


-- Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa (4) --

Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

Ingkang kawulo hormati ketua takmir Masjid (..........) Bapak kiai (.........)
Ingkang kawulo hormati sesepuh Masjid (.............)
Ingkang kito hormati kpala desa (...........) lan Ingkang kito hormati kpala desa (...........) lan ugi stafipun gi stafipun
Tokoh masyarakat desa (...........) sedoyonipun ingkang kawulo hormati
Lan sedoyo hadirin wal hadirot jamaah pengajian umum dalam rangka peringatan Isra' Mi'raj ingkang kawulo hormati ugi. 

Ingkang sepindah, langkung rumiyin monggo sesarengan kito ucapaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun amaringi katah-katah kenikmatan dumateng kito, kelawan ucapan Alhamdulillahirobbil 'alamin. lan sehinggo kito saget menghadiri acara peringatan Isra' Mi'raj di Masjid (................) ingkang mbten wonten alangan setungal punopo. 

Sholawat serta salam, mugi-mugi kaunjuk dumateng kanjeng nabi akhiruzzaman inggih puniko nabi Muhammad ibnu Abdullah ingkang kito tenggo syafaatipun  benjang w  benjang wonten di onten dinten akhir. nten akhir. Amin. 

Hadirin bapak ibu sekalaian ingkang kawulo hormati 

Keparengo kulo jumeneng wonten mriki aminagkani talanging atur mewakili saking ketua panitia, sepindahan ngucapaken ahlan wasahlan bikhudzurikum dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun sudi angrawuhi undangan saking  panitia,  panitia, mugi-mugi l mugi-mugi langkan pa angkan panjenenga njenengan sedoy n sedoyo pikantu o pikantuk ridhoni k ridhonipun Allah SWT pun Allah SWT. 

Kaping kalihipun kawulo aturaken maturnuwun sanget dumateng sedoyo warga lan aghniyak ingkang sampun ambantu dumateng panitia, sehinggo saget telaksana acara pengajian peringatan Isra' Mi'raj puniko kanti sae. 

Ingkang ongko tigo, kawulo minangkani wakil saking panitia ngucapaken gunging  pangapu  pangapunten mbok bilih dalam penyele penyelenggaraan nggaraan acara meniko taseh katah kekurangan dalam segala hal, sepindah maleh kulo atiraken pangapunten sanget. 

Menikolah sambutan saking kawulo, 

Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

===

Demikian, 4 Contoh Pidato Tentang Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah.

Baca juga: 5 Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Singkat Mudah Dihafal, Cocok Untuk Lomba Ceramah

Baca berita dan artikel lainnya langsung dari google news

Ikuti dan bergabung di saluran WhatsApp Tribunsumsel.com

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved