Isra Miraj

4 Contoh Pidato Tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah

Berikut ini 4 contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah.

Penulis: Vanda Rosetiati | Editor: Vanda Rosetiati
GRAFIS TRIBUN SUMSEL
Berikut ini 4 contoh pidato tentang Isra Miraj 1446 H/2025 Bahasa Jawa, Referensi Untuk Ceramah. 

Piyambakipun dipun timbali dening Allah, dipun tindakaken isro mulai saking Masjidil haram (Makkah) ngantos dumugi Masjidil Aqsa (Palestina). Selajeng Kanjeng Nabi mi'raj utawi dipun unggahaken mawi kendaraan ingkang cepetipun kados kilat (buraq), saking Masjidil Aqsa minggah dateng langit sap pitu ngantos dumugi Sidratul Muntaha, perlu nampi perintah saking Allah SWT. kanjeng Nabi soho umatipun dipun wajibaken nindakaken shalat gangsal wekdal.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!

Mangga wontenipun peringatan isra' mi'raj saat meniko kita sambut kanthi giat ningkataken amal ibadah terutami amal ibadah ingkang dados intinipun utawi hasilipun isra' mi'raj inggih meniko ibadah shalat gangsal wekdal, supadosa kito terjaga saking sifat keji lan munkar.

Kejawi saking menika, Kanjeng Nabi ugi dawuh wonten ing salah setunggilipun hadits:

اَلصَّلاَةُ عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ **الحديث

Artosipun:
Solat iku dadi cagake agama, mula sapa wonge ngadegaken shalat berarti deweke ngadegake agama, lan sing sapa wonge ninggal shalat berarti deweke ngrubuhaken agama.

Matur nuwun, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

-- Contoh Pidato Isra Miraj 2025 Bahasa Jawa (3) --

Bismillahirrahmanirrahim,

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kulo hormati bapak saha ibu guru sedoyo. Rencang-rencang ingkang kulo sayangi.

Sepindah mangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah ingkang tasih maringi pinten-pinten keberkahan.


Ingkang angka kalih, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang syafaatipun kita tengga wanten yaumil akhir mangke.

Hadirin sedoyo. Wekdal menika umat Islam nembe mengeti peringatan hari akbar, Isra Miraj.

Mugi pengetan punika nambah iman saha taqwa dumateng Allah SWT, ndadosaken kita sedaya umat ingkang pikantuk kamulyan.

Sebagai umat Islam tugas kita naming selalu takwa, ngelaksanaaken perintah Allah saha nebihi napa ingkang dipun larang dening Allah.

Halaman
1234
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved