Khutbah Jumat
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Isra' Miraj Edisi 10 Januari 2025 Paling Menyentuh, Ada PDF
Berikut akan contoh teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa bertemakan Isra' Miraj 1446H/2025 yang menyentuh hati dan khidmat untuk dibagikan. Tersedia juga da
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan contoh teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa bertemakan Isra' Miraj 1446H/2025 yang menyentuh hati dan khidmat untuk dibagikan. Tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.
- Unduh PDF Khutbah Jumat >>> [Klik Disini:]
======
"Mangayubagyo Isra’ Mi’raj"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّهِ وَاسِعِ الْفَضْلِ وَالْاِحْسَانِ، وَمُضَاعِفِ الْحَسَنَاتِ لِذَوِي الْاِيْمَانِ وَالْاِحْسَانِ، اَلْغَنِيِّ الَّذِيْ لَمْ تَزَلْ سَحَائِبُ جُوْدِهِ تَسِحُّ الْخَيْرَاتِ كُلَّ وَقْتٍ وَأَوَانٍ، أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ دَائِمُ الْمُلْكِ وَالسُّلْطَانِ، وَمُبْرِزُ كُلِّ مَنْ سِوَاهُ مِنَ الْعَدَمِ اِلَى الْوِجْدَانِ، عَالِمُ الظَّاهِرِ وَمَا انْطَوى عَلَيْهِ الْجَنَانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخيْرَتُهُ مِنْ نَوْعِ الْاِنْسَانِ، نَبِيٌّ رَفَعَ اللهُ بِهِ الْحَقَّ حَتَّى اتَّضَحَ وَاسْتَبَانَ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِه أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْجُوْدِ وَالْوَفَاءِ وَالْاِحْسَانِ. أَمَّا بَعْدُ، أَيُّهَا الْاِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، بِامْتِثَالِ أَوَامِرِه وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَمَن يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقْوَى الْقُلُوبِ
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Monggo kita sedoyo samiyo tansah netepi takwa dumateng Allah wonten ing kawontenan kados menopo kemawon, wonten ing pundi kemawon lan kapan mawon. Kanti tetep tansah nuhoni dateng kewajiban lan printahipun Allah.
Mekaten ugi nilar lan nebihi saking sedoya ingkang dipun awisi dening Allah. Pangajab kito mugi kito tansah kaparingan pengayoman lan rahmat saking ngarso dalem Allah ta’ala. Amin.
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Sampun sesarengan kito maklumi bilih saben Rejeb dumugi kito umat Islam mboten saget nyupekaken prastowo ageng ingkang dumados wonten ing Rejeb ing zamanipun Rasulullah sallallahu ‘alaihi wasallam.
Inggih prastowo Isra’ Mi’raj junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wasallam. Ingkang intinipun Allah kepareng nimbali sarono langsung dateng Kanjeng Nabi perlu paring wahyu perintah shalat fardlu. Saben Rejeb prastowo Isra’ Mi’raj dipun prengeti supados semangat kito tumandang ibadah ugi tansah dipun enggalaken soho dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminipun soho totocoro shalat ingkang langkung sae.
Jalaran mboten sekedik antawis kito ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmi-ilminipun, syarat rukunipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Pramilo manggo, samiyo purun nyinaoni ilmi peshalatan, mboten perlu lingsem.
Amergi shalat kito meniko milo tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kewalitas ibadah shalatipun. Amergi shalat kito kedah soyo sae, kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget nyawiji, kumawula dateng ngarsanipun Allah.
Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, nanging manahipun mboten nderek shalat, malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen-angenipun. Sahinggo katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab meniko Allah maringaken ancaman:
فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ
“Saktemene Neroko Wail iku kanggo wongkang podo shalat, yaiku wong kang podo lali karo shalate.” (QS Al Ma’un: 4-5).
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.