Seputar Islam
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Akhir Tahun 2024, Jadi Wejangan untuk Intropeksi Diri
Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 27 Desember 2024 bertemakan tentang akhir tahun yang penuh dengan wejangan u
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 27 Desember 2024 bertemakan tentang akhir tahun yang penuh dengan wejangan untuk intropeksi diri sebelum menyambut tahun yang baru.
=====
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
"Petangan ing Akhir Tahun 2024"
Khutbah I
اَلْحَمدُ للّهِ الَّذِي جَعَلَ الْمُحَرَّمَ أَوَّلَ الشُّهُورِ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيكَ لَهُ العَزِيزُ الغَفُور, وَأشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي أَنْقَذَنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورِ اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ وَتَرَكَ المَعَاصِي والْفُجُورَ. أَمَّا بَعْد فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فازَ المُتَّقُونَ. قَالَ تَعَالَى فَاعتَبِرُوا يَا أولِي الأبصَارِ
Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo kito tansah nambahi ajrih lan takwa kito dumateng Allah taala, kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun. Wonten ing suasana pungkasaning warso puniko, kewajiban kito ihtiyar dedepe ngatahaken emut lan nyebut soho pandongo dateng Allah taala.
Soho waspodo ampun angantos leno, ngatahaken pandongo tetep tansah pinaringana pangreksa. Tansah nderek nuhoni pranataning agami. Ampun ngantos tledor nggegampil nglanggar pranataning Allah, Pengeran kito.
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Wekdal puniko kito wonten ing akhiripun tahun 2024. Mboten dangu malih kito bade lumebet ing warso enggal, 2025. Pramilo prayogi kito ngawontenaken petangan tumrap ngamal kito. Muhasabatunnafsi, mawas diri lan mulat sariro, dateng lampah ingkang sampun kepungkur.
Menawi kito panggihaken lampah doso lan duroko dateng Allah, prayogi enggal kito tobati lan kito tambeli kanti amal ingkang sae. Menawi kito panggihaken amal ingkang sampun sae, ibadah, lan taat jumbuh kaliyan syariat agami, kito jagi istikamahipun, syukur dipun tingkataken malih. Allah sampun paring dawuh:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
“He wong kang podo iman, podo wediyo siro ing Allah, lan becik supaya saben-saben pribadi ningali ing opo kang wis dilakoni kanggo ngadepi mongso kang bakal teko. Lan wediyo ing Gusti Allah. Temenan Allah iku Dzat Kang Moho Waspodo ing apa kang sira tindakake.” (QS Al Hasyr: 18)
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Pramilo mumpung tasih pinaringan kesempatan prayogi kito ngawontenaken petangan dateng pribadi kito sak derengipun dipun petang wonten ing ing yaumil hisab mangke. Wonten pangandiko:
“Podo ngetungo siro kabeh ing amal-amal iro dewe kabeh, sak durunge siro dihisab dening Allah.”
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Isi Teks Khutbah Jumat
Tribunsumsel.com
12 Rabiul Awal 1447 H Jatuh Pada Tanggal? Ini Kalender Hijriah September 2025 |
![]() |
---|
Doa Mohon Perlindungan dari Api Neraka, Audzubillahi Minannar Wamin Syarril Kuffari, Lengkap Arti |
![]() |
---|
Dua Bacaan Doa di Awal Bulan Rabiul Awal 1447 H, Tulisan Arab, Latin Arab dan Arti |
![]() |
---|
4 Doa Penutup Bulan Safar, Bacaan Latin Arab dan Arti, Kapan Waktu yang Tepat Mengamalkannya |
![]() |
---|
2 Doa Sedekah Subuh, Lengkap Tulisan Arab Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.