Hari Pahlawan

Contoh Teks Pidato Hari Pahlawan 2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami Untuk Referensi

#Contoh Teks Pidato-1 Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.. Dumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan. Poro bapak/ibu guru lan hadirin

Tribunsumsel.com
Contoh Teks Pidato Hari Pahlawan 2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami Untuk Referensi 

Kamardikaan, persatuan, lan kesatuan kang sampun diwujudake para pahlawan menika sakedahipun kito jogo, ampun ngantos wonten perpecahan kalian sederek sebangsa.

Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula kurmati, sumangga kita sedaya ndongakaken kangge perjuangan lan jasa para pahlawan.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugiyo kita sedaya saget dados warga negara kang saget njaga persatuan lan kesatuan bangsa.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

__________________________

#Contoh Teks Pidato-2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak Ibu (...)
Ingkang kula hormati staf TU
Lan Ingkang kula hormati para Bapak/Ibu undangan

Para rawuh ingkang kulo hormati

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan Nasional.

Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng.

Ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pengetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945.

Ananging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya.

Arek-arek Surabaya ingkang dipun pandhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved