Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Rabiul Akhir Bahasa Jawa, Singkat dan Mengandung Makna, Tersedia PDF

Berikut akan disajikan bacaan Khutbah Jumat Rabiul Akhir dalam Bahasa Jawa yang singkat dan mengandung makna mendalam, tersedia juga dalam format PDF

Tribunsumsel.com
Contoh Teks Khutbah Jumat Rabiul Akhir Bahasa Jawa, Singkat dan Mengandung Makna, Tersedia PDF 

Kedah kito mangertosi bilih Kanjeng Nabi dipun utus Gusti Allah supados paring tupo tulodo sae, ndandani, nyempurnaaken akhlak menungso supados mboten kejlumprung ing dalan pepeteng. Gusti Allah dawuh:

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا  

​​​​​​​Artosipun: Lan nopo kimawon ingkang dipun perintahaken Rasulullah, mongko lampahono. Lan nopo kimawon ingkang dipun cegah, mongko adohono, tinggalno (Al-Hasyr: 7).

Tafsir Ibn Katsir mertelaaken kapan Kanjeng Nabi perintah nindaaken kebecikan, mongko inggal dipun laksanaaken. Lan kapan Kanjeng Nabi ngelarang saking perkawis awon, mongko inggal dipun tebihi.

​​​​​​​Dawuh meniko estu penting sanget tumrap tiyang ingkang ngaku nderek, manut dumateng Kanjeng Nabi. Keranten jaman sakmangke katah tiyang ingkang nulayani dawuh lan remen ninda’aken kemaksiatan, tebih saking akhlak mulyo. Wonten setunggale hadis Kanjeng Nabi dawuh:

بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ

​​​​​​​Artosipun: Ingsun diutus supoyo nyempurnakno akhlak bagus (HR. Baihaqi)

Hadis niki nuduhaken bilih salah setunggale tugas utama Kanjeng Nabi nggih meniko ndandani, nyempurnaake akhlake umat supados tambah sae. Kranten akhlak sae niku dados tetenger ibadahe nggih sae, sesrawungan kaliyan tetonggo, sanak raket nggih sae.

Jamaah Ingkang dipun Welasi Gusti Allah

Sarujuk kaliyan hadis meniko, wonten setunggale ayat dipun sebataken:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُـوْلِ اللَّهِ أسْـوَةٌ حَسَـنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُوْااللَّهَ وَاليَوْمَ الآخِرَ وَذَكَرَاللَّهَ كَثِيْرًا

​​​​​​​Artosipun: Temen wis ono tupo tulodo (uswah) saking Rasulullah kagem sinten kimawon ingkang ngarep-ngarep marang rahmate Gusti Allah lan dino akhir, lan piyambake ngatahaken dzikir marang Allah. (Al-Ahzab: 21)

​​​​​​​Pramilo, monggo kito ngatahaken nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi, neladani akhlake dumateng sinten kimawon. Amergi Kanjeng Nabi mboten nate ngelarani marang tiyang lintu.

​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan kekiatan saking Gusti Allah supados saget ngelampahi kesaenan ingkang sampun dipun tuduhaken Kanjeng Nabi lan cancut taliwondo ndandani akhlak kito sedoyo. Amiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ، وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 
Khutbah II:

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved