Seputar Islam
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 27 September 2024, Singkat dan Menyentuh, Ada PDF
Berikut adalah contoh naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 27 September 2024 yang singkat dan menyentuh hati untuk dibagikan kepada sesama m
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Artosipun: Ilingo, saben siro kabeh iku wong kang angon, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking angonane (HR. Muslim)
Sebagian ulama njelasaken wong angon teng hadis meniko maksude tiyang ingkang dipun paringi amanah, misale pemimpin kedah tanggungjawab ingatase rakyate, wong tuo kedah tanggungjawab ingatase putro-putrone, tiyang alim kedah tanggungjawab ingatase umate, tiyang sugeng kedah tanggungjawab ingatase tindak lampahe. Milo, sedoyo tanggungjawab niku wau bakal ditangletaken wonten ngersane Gusti Allah.
Katah sanget tindak lampah ingkang saget manfaati ing antawisipun: tolong-tinolong, pesen kebecikan, ucapan sae, rukun, tepo sliro. Nalikane wonten tiyang ingkang kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun tulung, mongko dipun tulungi, lan saling wasiat kelawan perkawis ingkang bener.
Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:
وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Artosipun: Demi mongso, saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar.
Ayat meniko pertelo sanget, kito sedoyo kedah nggunaaken umur, mongso ingkang sekedap kelawan perkawis ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh. Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun biasaaken tanpo rumongso nggurui.
Jamaah Ingkang Minulyo
Wonten setunggale dawuh Kanjeng Nabi nalikane dipun suwuni pirso poro sahabat:
يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ
Artosipun: Duh Kanjeng Nabi, sinten tiyang ingkang langkung sae? Kanjeng Nabi ngendiko: Wong kang dowo umure lan bagus amale (HR: Tirmidzi)
Hadis niki saget dipun pahami, tiyang ingkang sae niku ingkang pinaringan umur dowo kanti dipun isi kaliyan amal kesaenan, dipun isi kaliyan perkawis ingkang manfaati lan migunani dateng tiyang lintu.
Sinaoso mekaten, tiyang ingkang pinaringan umur pendek ananging nalika gesange dipun isi kaliyan amal kesaenan nggih kalebet tiyang ingkang sae. Setunggale dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:
رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ
Artosipun: Terkadang umur dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang umur pendek ananging katah manfaate.
Walhasil, umur dowo utawi umur pendek niku sedoyo sami bakal dipun suwun pertanggungjawabane; tiyang ingkang umure dowo lan umure pendek niku sedoyo sampun ngelampahi nopo mawon?. Syukur-syukur umure dowo dipun isi amal kesaenan.
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Lengkap Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Teks Khutbah Jumat Menyentuh Hati
Tribunsumsel.com
Jadwal Puasa Ayyamul Bidh September 2025 , Berikut Bacaan Niatnya Digabung Puasa Senin |
![]() |
---|
Bulan Rabiul Awal, Rajab, Syawal, Muharram dan Safar, Bulan Baik untuk Menikah, Lengkap Dalil |
![]() |
---|
Sebentar Lagi Masuk Bulan Maulid Nabi, inilah 10 Keutamaan dan Amalan yang Dianjurkan |
![]() |
---|
Amalan dan Keutamaan Bulan Rabiul Awal, Bulan Maulid Nabi Muhammad SAW |
![]() |
---|
Teks Bacaan Sayyidul Istighfar Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.