25 Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Beserta Kunci Jawaban

Berikut ini contoh soal Ujian Tengah Semester (UTS) atau Penilaian Tengah Semester (PTS) Bahasa Jawa Kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 202

Editor: Abu Hurairah
Tribunnews/Canva
Soal UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Beserta Kunci Jawaban 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini contoh soal Ujian Tengah Semester (UTS) atau Penilaian Tengah Semester (PTS) Bahasa Jawa Kelas 4 SD semester 1 Kurikulum Merdeka tahun 2024

Latihan soal UTS/PTS mata pelajaran ini terdiri dari 20 soal pilihan ganda dan 5 soal esai lengkap dengan kunci jawabannya. 

A. Pilihan ganda

1. Guyub rukun bisa digambarake kaya barang, yaiku….

a. Pager
b. Saka/cagak
c. Genthong
d. Sapu sada

Jawaban: D

2. Jronong nulis geguritan kudu digatekake dhiksi. Tegese “dhiksi “ yaiku….

a. Penganggone wirama
b. Penganggone basa
c. Pengangen-angen
d. Pamilihan tembung

Jawaban: D

3. Piweling/pesen ing sajerone geguritan diarani ....

a. alur
b. Tema
c. Amanat
d. Latar

Jawaban: C

4. Jroning nulis geguritan kudu digatekake dhiksi. Tegese "dhiksi" yaiku ....

a. Penganggone wirama
b. Penganggone basa
c. Pengangen-angen
d. Pamilihan tembung

Jawaban: D

5. Pakaryan ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita) diarani ....

a. Ngowahi crita
b. Prosa/crita
c. Ngarang crita
d. Parafrase

Jawaban: D

6. Wong kang nulis utawa ngarang geguritan kasebut…

a. Guritan
b. Panggurit
c. Pangarit
d. Pembyawara

Jawaban: B

7. Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani….

a.Wirama
b. Purwakanthi
c. Surasa
d. Sastra

Jawaban: B

8. Urip ing masyarakat ora oleh emban cindhe emban siladan. Tegese emban cindhe emban siladan yaiku….

a. Pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine
b. Gampang molah-malih atine
c. Gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
d. Ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

Jawaban: A

9. Endhek-dhuwur, cendhak-dawa, alus-kasare swara sing diucapake nalika maca geguritan diarani ....

a. Wirama
b. Wiraga
c. Wirasa
d. Wicara

Jawaban: A

10. Puisi basa Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani….

a. Geguritan
b. Cerkak
c. Tembang macapat
d. Gancaran

Jawaban: A

11. Geguritan iku asale saka tembung lingga gurita kang diowahi saka tembung gerita. Dene gerita iku saka tembung gita. Tegese tembug gita yaiku .... 
a. tulisan 
b. tulisan kang awujud tatahan 
c. swara endah 
d. tembang

Jawaban: D

12 Geguritan kang kawiwitan kanthi tembung sun gegurit klebu geguritan gagrag 

a. anyar 
b. mardika 
c. lawas 
d. bebas

Jawaban: C

13. Ngupakara ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran. Bab kasebut klebu paugerane.... 

a. nulis geguritan 
b. wedharing geguritan 
c. maca geguritan 
d. ngrungokake geguritan

Jawaban: B

14. Geguritan lumrah kanggo ngandharake rasa pangrasa atine ....

a. Pamaca

b. Panganggit

c. Pamireng

d. Pamiarsa

Jawaban : B

15. Gancaran kang runtut utawa sistematis kanggo nglapurake kedadean kang wis kedaden sadurunge diarani eksposisi ....

a. Definisi

b. Lapuran

c. Klasifikasi

d. Pawarta

Jawaban : B

16. Ing ngisor iki klebu tumindak kang ora gemi nggunakake energi yaiku ....

a. mateni kran banyu sadurunge banyu kutah

b. mbukak jendhela lan gordhen wayah esuk lan awan

c. sawise sinau mateni piranti elektronik sing dianggo

d. ngurupake lampu sanadyan wis awan

Jawaban : D

17. Gancaran kang surasane menehi pawarta ngenani sawijining kedadean diarani eksposisi ....

a. lapuran

b. perbandingan

c. pawarta

d. pertentangan

Jawaban : C

18. Ing ngisor iki ora klebu pola pengem bangane teks eksposisi yaiku ....

a. pertentangan

b. ilustrasi

c. khusus-umum

d. perbandingan

Jawaban : A

19. Ing struktur geguritan kang mujud ake tujuan panggurit nalika nulis geguritan kang bisa awujud isi lan amanat diarani ....

a. surasa

b. uni/swara

c. pada

d. tembung

Jawaban : A

20. Unsur kang ana gandheng cenenge karo bab-bab kang sarwa teratur diarani ....

a. irama

b. nada

c. pamilihan tembung

d. swasana

Jawaban : A

B. Esai

1. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo krama alus!

a. Puntadewa iku anake Prabu Pandhu Dewanata.

b. Yudhistira iku ratu sing ora duwe mungsuh.

c. Pandhawa iku cacahe ana lima.

Jawaban:

a. Puntadewa punika putranipun Prabu Pandhu Dewanata.

b. Yudhistira punika ratu ingkang mboten kagungan mengsah.

c. Pandhawa punika cacahipun wonten gangsal.

2. Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Bocah Sekolah

Bocah-bocah kebeh bae,

Kang sregep ing sekolahe,

Aja lali ajarane,

Elingana salawase.

Saben sore iku kudu,

Ndisikake padha sinau,

Perlune yen sesuk mlebu,

Ajarane kabeh klebu.

Sawise sinau maca,

Nuli etung sawatara,

Anglantipe apalannya.

(Kapethik saka: Riana Wati, Kumpulan Geguritan)

Tulisen isine geguritan ing dhuwur!

Jawaban: Ngelingake bocah sekolah supaya pada sregep sinau. (Jawaban Kebijaksanaan Guru)

3. Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 3-4!

Pandhawa sing nomer telu yaiku Raden Arjuna. Raden Arjuna iku Puterane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi. Kakange Raden Arjuna sing nomer siji yaiku Raden Puntadewa. Nomer loro yaiku Raden Werkudara. Raden Puntadewa lan Raden Werkudara iku tunggal Bapa lan Ibu. Arjuna uga duwe adhi, adhine ana loro yaiku Nakula lan Sadewa. Nakula lan Sadewa iku tunggal bapa nanging beda ibu. Ibune yaiku Dewi Madrim.

Aranana sedulure Prabu Yudhistira kang kalebu kadang Pandhawa!

Jawaban: Raden Werkudara, Raden Arjuna, Raden Nakula, lan Raden Sadewa

4. Sinten asmanipun bapak kaliyan ibunipun Prabu Yudhistira?

Jawaban: Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi

5. Gawea geguritan kang awujud parikan!

Jawaban:

Wajik kletik gula jawa ,
Lewih becik sing prasaja
Utawa
Timun, diiris –iris
Gumune, ora uwis-uwis
Utawa
Mlaku-mlaku tuku kalender
Ayo pada sinau supaya pinter (Jawaban Kebijaksanaan Guru)

Baca juga: 30 Soal UTS/PTS IPAS Kelas 4 Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun 2024 Beserta Kunci Jawaban

Baca juga: Kunci Jawaban UTS/PTS IPS Kelas 4 SD/MI Semester 1 Kurikulum Merdeka, Untuk Bahan Latihan Siswa

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved