Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Bulan Rabiul Awal Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna Untuk Referensi

Berikut ini adalah contoh Naskah Khutbah Jumat bertemakan bulan Rabiul Awal dalam Bahasa Jawa, terbaru edisi 13 September 2024 yang singkat dan berkes

TRIBUNSUMSEL.COM
Naskah Khutbah Jumat Bulan Rabiul Awal Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna Untuk Referensi 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini adalah contoh Naskah Khutbah Jumat bertemakan bulan Rabiul Awal dalam Bahasa Jawa, terbaru edisi 13 September 2024 yang singkat dan berkesan untuk dibagikan pada sesama muslim.

_____

KHUTBAH JUMAT 

"Trisno lan Bungah ing Wulan Maulid Nabi"

Khutbah I:

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىِّ ۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ صَلُّوا۟ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا۟ تَسْلِيمًا

Jamaah Jumat rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, lan cecekelan pituduh ingkang sampun dipun dawuhaken kanjeng Nabi Muhammad. Gusti Allah dawuh:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo pejah siro kabeh kejobo podo muslim (Ali Imran; 102)

Salah setunggale rupi takwo ingkang sakmangke saget kito lampahi nggih meniko trisno marang Kanjeng Nabi dan bebungah kaliyan wulan maulid, wulane Kanjeng Nabi dipun lahiraken ing dunyo niki. Kranten sedoyo makhluk ingkang dipun ciptaaken Gusti Allah mboten saget ngungkuli kamulyane Kanjeng Nabi. Pramilo wulan kelahiranipun kalebet perkawis mulyo.

Hadirin Ingkang Sami Bahagio

Wonten Jum’at meniko, kito sampun melebet wulan Rabiul Awal ingkang dipun wastani wulan maulid Nabi. Katah tiyang ingkang sami ngerayaaken maulid keranten bebungah kaliyan Kanjeng Nabi. Antawisipun perayaan maulid kados dene maos maulid barzanji, diba’an, tarikh Rasul lan sakpitunggalane.

Sinaoso mekaten, ngerayaaken maulid kedah njalur kaliyan aturan agomo. Tegese perayaan meniko kedah dipun isi amal kesaenan, mboten saget dipun isi kaliyan kegiatan munkar, maksiat ingkang sasar lan nyasaraken. Amergi Gusti Allah lan poro malaikat maos shalawat lan salam kagem Kanjeng Nabi. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا  

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan poro Malaikat moco sholawat kagem Nabi, Hei, wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat kagem Nabi lan ngucapo salam kagem Nabi. (QS. Al-Ahzab[33]: 56).

Halaman
12
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved