Lirik Sholawat

Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 16 Agustus 2024 Bahasa Jawa Tentang Hari Kemerdekaan 17 Agustus

Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat edisi 16 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan bangkitkan semangat juang, untuk dibagikan ke

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 16 Agustus 2024 Bahasa Jawa Tentang Hari Kemerdekaan 17 Agustus 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat edisi 16 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan bangkitkan semangat juang, untuk dibagikan kepada sesama muslim.

________

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA

"Merdeka Saking Gudone Howo Nafsu"

Khutbah I:

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَ وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ 

Ma’asyiral Muslim Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken raos takwa lan ajrih dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, amergi tiyang ingkang cecekelan perintahipun Gusti Allah bakal bejo dunyo akherat. Gusti Allah dawuh:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo pejah siro kabeh kejobo dadi wong Islam (Ali Imran: 102)

Takwo artosipun mboten mbangkang, mboten nulayani perintahe Gusti Allah, ananging ngelampahi perintah, syukur lan muji marang Gusti Allah. Takwo niki saget dipun tindaaken wonten pundi kimawon, ing wayah longgar utawi sempit, sepi utawi rame, susah utawi bungah. 

Hadirin Ingkang Minulyo

Sekedap malih kito bade nyambut dinten kemerdekaan ingkang dumawah tanggal 17 Agustus 2023, setunggale dinten luar biasa, kranten dinten meniko poro pahlawan sami jihad berjuang mbelo negoro, merjuangaken kemerdekaan. Peristiwa meniko kedah kito pundut tupo tulodone supados saget nggadah semangat cinta NKRI ugi ningkataken semangat ibadah marang Gusti Allah, lan sabar, kiat ngadepi gudone howo nafsu.

Kedah kito mangertosi bilih poro pejuang niku cita-citane saget nggadahi ketentreman, merdeka ingkang saget dipun warisi generasi selanjute supados saget gesang lan ibadah kanti tenang, mboten dipun ganggu kaliyan penjajah. Poro pejuang, khususe ingkang muslim meniko kalebet jihad fi sabilillah.

Katah sanget tupo tulodo ingkang saget kito pundut, ananging wonten kalih ingkang dados punjer, nggih meniko: 1. Kiat nyekel prinsip agomo lan , 2. Sabar ngadepi cobaan.

Halaman 1 dari 2
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved