Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat Edisi 28 Juni 2024 dalam Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Tersedia PDF
Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat singkat edisi 28 Juni 2024 dalam Bahasa Jawa yang penuh makna dan berkesan. Tersedia juga format PDF yang
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat singkat edisi 28 Juni 2024 dalam Bahasa Jawa yang penuh makna dan berkesan. Tersedia juga format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.
- Unduh File PDF Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa >> [Disini:]
________
"Nglenggono"
Khutbah 1
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْاَحَدِ الصَّمَدِ الَّذِيْ لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَه كُفُوًا أَحَدٌ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالْإِتِّحَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ دَعَانَا بِحُبِّ الْبِلَادِ. الصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ الَّذِيْ أَرْسَلَ لِلْعَالَمِيْنَ اِلى يَوْمِ الْمَعَادِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ, اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Mangga kita tansah nambahi ajrih lan takwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, sahinggo kito kaparingan rahmat lan hidayah wusano pinaringan pagesangan ingkang bejo dunyo lan akhiratipun Amin.
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Kito minangko jejering kawulo, anggadahi jejibahan nglahiraken raos kumawulo dateng ngarsanipun gusti Allah. Ananging kito malah katah nglirwaaken dawuh, keporo katah tumindak duroko nerjang palang awisanipun Allah.
Kito kedah nglenggono, bilih kita mboten saget uwal saking lepat lan doso, khilaf lan klentu. Ananging Allah Ta’ala Pengeran kito puniko Dzat ingkang Maha Welas lan Asih dateng kawulanipun.
Allah tansah mbikak korining taubah, jalaran kanti taubat nasuha, saget kangge nggayuh pangapunten lan maghfirahipun Allah, saha ing tembe tetep mulyo wonten ngarsanipun Allah kanti pinaringan swargo. Kados dawuhipun Allah:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا تُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَّصُوْحًاۗ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ
“He wong wong kang podo iman, podo tobato siro kabeh marang Allah, kelawan tobat nasuha, tobat kang temenan jalaran tobat iku mugo-mugo Pangeran iro bakal nglebur kabeh kaluputan iro lan bakal nglebokake swarga kang songko ngisore bengawan kang mili….” (QS At Tahrim : 8)
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
ِtobat tumrap kito wajib katindakaken, sahinggo njangkepaken sifat Ghafuripun Allah, mekaten ugi kito tetep minangko kawulo ingkang utami sinaoso nandang lepat lan doso selaginipun purun nglenggono lan rumangso lajeng nyuwun pangapura. Dawuh dalem Kanjeng Nabi:
Khutbah Jumat Singkat dan Inspiratif
Naskah Khutbah Jumat Singkat dan Bermakna
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Lengkap Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Isi Teks Khutbah Jumat
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
Doa Dalam Perjalanan Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Kumpulan Ayat Alquran yang Berbicara Tentang Kemerdekaan, Kebebasan, Kisah Para Nabi |
![]() |
---|
Idza Ja Anassrullahi Wal Fath, QS An Nasr: Apa Bila Telah Datang Pertolongan Allah dan Kemenangan |
![]() |
---|
2 Contoh Naskah Khutbah Jumat Tema HUT ke 80 Hari Kemerdekaan Republik Indonesia |
![]() |
---|
Doa Sebelum Membangun Rumah Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.