Seputar Islam
Teks Khutbah Jumat Singkat 17 Mei 2024 Bahasa Jawa Tema Bulan Dzulqadah, Tersedia File PDF
Artikel ini berisi informasi teks khutbah Jumat 17 Mei 2024 bahasa Jawa tema bulan Dzulqadah, tersedia file PDF.
“Mangsa haji iku ana sasi-sasi kang wus katamtokake, yaiku Syawal, Dzulqa’dah, lan Dzulhijjah. Manhka sing sapa pinuju nindakake haji ana ing mangsa iku, ora kena cumbana lan ora kena pepadon ana sajerone nindakake haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah Ngawuningani. Lan sira padha sasangua, mangka sanyata becik-beciking sangu iku taqwa marang Allah, he wong kang padha duwe akal, sira padha wedia marang Ingsun.”(QS. Al-Baqarah: 197)
Wonten ing tafsiripun Tafsirul Quranil Adhim Imam Ibnu Katsir paring penjelasan bilih namung wonten ing wulan-wulan menika kala wau ihram (niat haji) saget sah kangge nindakaken ibadah haji.
Dipun sebataken wonten ing sirah bilih Rasulullah wonten ing wulan Dzulqa’dah nindakaken umrah ngantos ping sekawan kalebet umrah kang ndereki ibadah haji penjenangipun.
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Mekaten ugi klebet istimewaning wulan Dzulqa’dah nggih menika Allah paring janji dhateng Nabi Musa kagem ngendikan laminipun tigang ndasa dinten wonten wulan Dzulqa’dah dipun tambah sedasa dinten wonten awal wulan Dzulhijjah.
Allah paring pangandikan,
وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ۚوَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ
“Lan Ingsun janji marang Musa, yaiku bakal Ingsun paringi Kitab, sawuse telung puluh wengi, lan Ingsun nyampurnakake tambah sepuluh wengi maneh, dadi waktu kang katamtokake dening Pangerane sampurna patang puluh wengi lawase. Pangucape Nabi Musa mang sadulure. Harun, Sampeyan kula dadosaken sesulih kula perlu ngreksa kaum kula, sampeyan sampun ngantos kapilut manut tindakipun tiyang-tiyang ingkang damel risak.”(QS. Al-A’rāf: 142)
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Mekaten khutbah engkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
[KHUTBAH KEDUA]
أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
Khutbah Jumat Rabiul Awal Bahasa Sunda Edisi 29 Agustus 2025, Menyentuh dan Penuh Makna |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid Nabi Muhammad SAW, Khidmat dan Menyentuh, Ada LINK PDF |
![]() |
---|
Doa dan Zikir Jumat Pagi, Lengkap Tulisan Arab, Latin Serta Terjemahannya |
![]() |
---|
Doa Nabi Ibrahim Setelah Membangun Ka'bah, Cocok Untuk Berangkat Haji dan Umroh, Arab Latin dan Arti |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Sunda 29 Agustus 2025, Tema Maulid Nabi Muhammad |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.