Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 17 Mei 2024 Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa Beserta PDF

Berikut akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat edisi 17 Mei 2024 tentang bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa yang menyentuh hati dan penuh makna, te

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 17 Mei 2024 Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa Beserta PDF 

“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”(QS. Ali Imran: 102)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Sak menika kita sampun mlebet wonten ing wulan Dzulqa’dah, wulan angka sepisan saking sekawan wulan haram utawi wulan minulya, wulan kang haram nglampahi tumindak dosa kranten dosanipun dipun agengaken karana agengipun wulan menika.

Tiyang jawi nyebat wulan menika kanthi istilah wulan apit jalaran kaapit kaleh dinten riyadi nggih punika Idul Fitri lan Idul Adha. Ugi disebat kanthi istilah wulan sela maknanipun longgar. Kayadene wulan menika wulan longgar antaranipun wulan repot Syawal lan Dzulhijjah.

Wonten ing sebagian masyarakat wulan menika dipun golongaken wulan sial utawi wulan kang kathah pagebluk utawi pecoben. Ananging agami islam nolak pemanggeng kang mekaten menika, malahan wulan menika klebet sekawat wulan kang dipun hormati lan agungaken.

Allah shubhanahu wata’ala ndawuhaken,

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ

“Sanyata wilangane sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus pacak ana ing Kitabe Allah, wiwit tumitah ing langit lan bumi, yaiku sasi papat kang mulya (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab) iku wus klebu ing kono, yaiku agama kang bener. Jalaran saka iku sira aja padha nganiaya marang awakira dhewe ang ing sasi kang mulya iku. Lan sira merangana wong-wong musyrik kabeh bae, kaya dene anggone dheweke wus padha merangi ing sira kabeh. Lan sira padha mangertia, satemene Allah iku anartani wong-wong kang padha taqwa marang penjenengane.” (QS. At-Taubah: 37)

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Ing antawise kautaman wulan Dzulqa’dah nggih menika kelebet wulan haram. Tegesipun wulan yang disuceni. Ibnu Jarir Ath-Thobari nerangaken babagan menika wonten ing kitab tafsirupun: Wulan Dzulqa’dah nggih menika wulan kang dipun dadosaken dening Allah wulan suci lan agung. Wonten ing ndalem wulan menika amal-amal sholih dipun tikelaken ganjarane, mekaten ugi tumindak dosa sami dipun tikelaken dosane.

Dene Imam Ibnu Katsir nalika nerangaken ayat kang sampun kasebat: Wulan menika cacahe ana papat, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab.

Dzulqa’dah nduweni keistimewan bilih Allah ngawisi tumindak perang wonten saklebete wulan menika. Malahan Allah mrintahaken supados menungsa sami persiapan ngadepi ibadah agung nggih menika haji.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

Wulan Dzulqa’dah menika istimewanipun sanes yaiku wulan Haji, kang sampun Allah terangaken wonten ing al-Quran,

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved