Idul Fitri

2 Contoh Kata Sambutan Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami

Berikut ini adalah 2 contoh kata sambutan acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 dalam Bahasa Jawa, singkat dan mudah dipahami. Bisa untuk acara di kanto

Tribunsumsel.com
2 Contoh Kata Sambutan Acara Halal Bihalal Idul Fitri 2024 Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami 

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipuntresnani dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.

Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.

Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran saking trahipun eyang Sura Menggala mugya saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.

Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.

Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.

Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.

Akhirukalam Wabillahi taufik walhidayah, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!

____

Baca juga: 14 Kode Promo Gojek Terbaru Hari Ini 17 April 2024 Diskon GoRide 50 Persen, GoFood 70 Persen

Baca juga: Cara Cek Penerima PIP 2024 Secara Online Melalui LINK https://pip.kemdikbud.go.id/home_v1/, Lengkap

#Contoh Kata Sambutan Kedua

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nugraha miwah sih katresnan mugi tansah temedhak umandhuk kajiwa kasalira dhumateng penjenengan sadaya dalasan kula sumrambah keluwarga waradin sagung dumadi widada niskala lulus raharja nuwun.

Katur dhumateng sesepuh pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti mring kauraman ingkang tuhu kinabekten para Alim Ulama ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci ingkakng mulyeng budi para pangemban pangembating praja, ingkang dados pandam pandomipun para kwula dasih ingkang tuhu pantes sinudarsana.

Para tamu kakung sumwana putri ingkang tuhu panten nampu pakurmatan, langkung rumiyin sumangga kula hadherekaken hamunjukaken raos puji syukur wonten dalem Allah SWT ingkang sampun paring kekiatan, kawilujengan saha kabagas warasan.

Satemah panjenenngan dalasan kula saged kempel manunggal wonten adicara haul massal lan halal bihalal kanti suka dalah Basuki.

Sholawat saha salam dalah katahayon mugi tansah lumeber dhumateng paunggulane manungsa mustikaning bawana nun inggih Rasulullah Muhammad SAW, mugi tansah lumeber dhumateng keluwarga, sahabat lan sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula ingkang tansah hangantu payung pitulunganipun wiwit daya dumugi akhirat, Amiin.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved