Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 1 Maret 2024 Bahasa Jawa, Khidmat dan Inspiratif, Tersedia PDF

Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jum'at edisi 1 Maret 2024 dalam Bahasa jawa yang khidmat dan penuh makna, tersedia pula dalam format PDF y

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 1 Maret 2024 Bahasa Jawa, Khidmat dan Inspiratif, Tersedia PDF 

Wonten ing kitab Ma Dza fi Sya’ban, karyanipun Sayyid Muhammad bin Alawi Al-Maliki nyebataken tigang peristiwa penting, saklintunipun malem Nishfu Sya’aban, engkang ngrubah beragamanipun tyang muslim:

1. Pindahipun Kiblat

تَحْوِيْلُ القِبْلَةِ

Pindahipun kiblat saking Masjidil Aqsha dateng Masjidil Haram meniko dumawah wonten ing wulan Sya’ban. Pindahipun kiblat meniko setungalipun perkawis engkang sanget dipun ajeng-ajeng Kanjeng Nabi.

Dipun riwayataken, bilih Kanjeng Nabi saben dinten ngadek ndangak ningali langit nenggo temurunipun wahyu. Lajeng Alloh swt ngabulaken pengarep-arep ipun Kanjeng Nabi kanthi nurunaken Surat Al-Baqarah ayat 144:

قَدْ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ ۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا ۚ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ

2. Penyerahan Rekapitulasi Sedoyo Amal dateng Allah

رَفعُ الأَعْماَلِ

Salah setunggalipun faktor engkang andadosaken wulan Sya’ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal kitho dipun laporaken dateng Alloh swt.

Hinggo Kanajeng Nabi Muhammad saw remen siyam wonten ing wulan meniko.

عَنْ أًسَامَةَ ابْنِ زَيْدٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا قَالَ: قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ لَمْ أَرَكَ تَصُومُ شَهْرًا مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَب وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ (رواه النَّسَائي)

Saking Usamah bin Zaid radhiyallahu ‘anhuma, dewekne dawuh: “Aku matur: “Ya Rosululloh, kulo mboten nate sumerap panjenengan poso wonten ing wulan engkang kados poso panjenengan wonten wulan Sya’ban meniko.” Lajeng panjenenganipun dawuh: “Sya’ban iku wulan kang dilalekne poro manungso kang manggone ono antarane Rojab lan Romadhon. Yo iku wulan kang ono wulan iku kabeh amale manungso dilaporake marang Alloh. Aku seneng menowo amalku dilaporake sedeng aku pas wancine poso.” (HR. Nasa’i).

3. Temurunipun Ayat Anjuran Sholawat dateng Rasulullah SAW

شَهْرُ الصَّلَاةِ عَلَى النَّبِيِّ

Wonten ing wulan Sya’ban ugi dipun turunaken ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi Muhammad saw:

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved