Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Malam Nisfu Syaban dalam Bahasa Jawa, Khidmat dan Inspiratif, Beserta PDF

Berikut ini merupakan isi naskah Khutbah Jumat bertemakan malam Nisfu Syaban 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, penuh khidmat dan inspiratif. Naskah Khutb

Tribunsumsel.com
Naskah Khutbah Jumat Malam Nisfu Syaban dalam Bahasa Jawa, Khidmat dan Inspiratif, Beserta PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan isi naskah Khutbah Jumat bertemakan malam Nisfu Syaban 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, penuh khidmat dan inspiratif.

Naskah Khutbah ini juga disediakan dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan dibawah ini.

_________

Khutbah Jumat: "Keutamaan dan Amalan di Malam Nisfu Syaban"

Khutbah I

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ الله ُلَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاعْبُدُواْ اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالاً فَخُوراً

Jamaah Jumah Rahimakumullah..

Malem nisfu Sya’ban (dalu tanggal 15 ing sasi sya’ban) dados dalu ingkang nggadhahi keistimewaan kangge umat Islam. Amargi ing dalu punika, Allah Swt netepaken sedaya keputusan ingkang sesambetan kaliyan urusan manungsa. Baik ingkang sesambetan kaliyan kapejahan, rezeki, lampahan sae utawi awon.

Sedaya urusan kasebat inggih punika ketentuan Allah SWT ngantos duginipun sasi sya’ban ing warsa salajengipun. Kados firman Allah SWT lebeting al-qur’an:

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةٍ مُبَارَكَةٍ إِنَّا كُنَّا مُنْذِرِينَ فِيهَا يُفْرَقُ كُلُّ أَمْرٍ حَكِيمٍ

“Setuhune ingsun Allah ngedhunake ing siji wengi kang diberkahi lan sabenere kitalah kang menehi pengetan. Ing wengi iku dijelenterehake kabeh urusan kang kebak hikmah (QS. ad-Dukhon: 3-4)

Jamaah jumah rahimakumullah..

Lebeting kitab tafsir al-baghawi, Imam Abu Muhammad al-Baghawi ngutip ucapanipun Sahabat ‘Ikrimah Ra, “Ingkang dipunmaksud ‘malam ingkang diberka’ kasebat inggih punika dalu Nisfu Sya’ban.

Ing dalu kasebat dipuntetepaken sedaya urusan kangge masa sa warsa lan tiyang-tiyang ingkang gesang dipunbusek (daftaripun) saking tiyang-tiyang ingkang pejah.”

Mboten namung proses penentuan takdir manungsa, dalu nisfu sya’ban ugi sesambetan kaliyan penutupan cathetan amal ing warsa kasebat.

Sedaya amal ingkang diperbuat dening manungsa dipunlaporaken tanpa kejawi, baik ingkang lebeting periode dintenan, minggon, malah taunan.

Laporan dintenan dipunlampahaken dening malaikat ing siyang lan dalu dinten. laporan amal minggon dipunlampahaken malaikat saben dinten senen lan kemis. Wondene laporan taunan dipunlampahaken ing dalu lailatul Qodar lan dalu Nisfu Sya’ban.

Lebet setunggaling hadis dipuncriyosaken, kala Sahabat Usamah Bin Zaid tangket dhateng Rasulullah SAW bab siyam ingkang piyambakipun lampahaken ing sasi sya’ban, Rasulullah SAW mangsuli:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبَ وَرَمَضَانَ، وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ

“Wulan (sya’ban) yaiku wulan kang akeh dilalekake manungsa, ing watara sasi Rejeb lan Ramadhan. Sasi Sya’ban yaiku sasi diangkate amal marang pengeran jagad. Mula aku seneng yen amalku diangkat sawetara aku jero kahanan siyam.”

Jamaah Jumah Rahimakumullah.

Dados salah satunggaling dalu ingkang nggadhahi peran wigatos lebeting keberlangsungan umat manungsa, Allah SWT ugi njanjikaken agengipun ampunan ingkang diparingaken ing dalu punika. Diriwayatkan saking Sahabat Abu Musa al-Asy’ari, Rasulullah SAW nate bersabda:

إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلَّا لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ

“Setuhune Allah SWT merhatosaken ing wengi Nisfu Sya’ban. Mula Allah bakal menehi ampunan marang kabeh makhluk-e, kajaba marang wong musyrik lan wong kang mungsuhan .”

Lebet hadis benten dipuncriyosaken, ing setunggaling dalu, sayyidah ‘aisyah RA kaicalan Rasulullah SAW. Piyambakipun lajeng bergegas madosi baginda Rasulillah SAW. Lan pungkasanipun, Sayyidah ‘Aisyah Ra. manggihaken kanjeng nBai Tecinta ing area kuburan baqi’.

Ing papan punika, Rasulullah Saw lagi madhep wajahipun dhateng langit kaliyan mripat sendu, kadhang-kadhang ugi netesaken eluh. Sumerep garwanipun dugi, Rasulullah SAW wicanten:

إِنَّ اللَّهَ عَزَّ وَجَلَّ يَنْزِلُ لَيْلَةَ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ إِلَى السَّمَاءِ الدُّنْيَا، فَيَغْفِرُ لِأَكْثَرَ مِنْ عَدَدِ شَعْرِ غَنَمِ كَلْب

“Sesungguhipun Allah SWT ngandhapaken (rahmatipun) dhateng langit donya ing dalu Nisfu sya’ban. Lan mengampuni dosa-dosa kawulanipun ingkang tebih langkung kathah saking jumlah wulu domba bani kalb.”

Jamaah Jumah Rahimakumullah.

Amalan ing dalu nisfu sya’ban kangge nggayuh keutamaan dalu nisfu sya’ban, kathah saking masyarakat Islam ingkang mboten langkungi kesempatan emas punika kaliyan menghidupkanipun nglangkungi pinten-pinten macem ibadah dhateng Allah Swt.

Salah setunggal amaliah ibadah ingkang limrah dipunlampahaken masyarakat inggih punika maos serat yasin kaping tiga kaliyan berjamaah dipuntumuti kaliyan pembacaan donga nisfu sya’ban.

Terkait bab punika, Syekh Abdul Hamid bin Muhammad Quds al-Makki sampun nyerat lebeting kitabipun an-najah wa as-surur. Lan lebeting kitab kasebat dipunjelasaken, kedahipun waosan serat yasin pertami diniati supados dipunsukakaken umur panjang.

Waosan serat yasin kaping kalih diniati supados terhindar saking mara bebaya. Lan waosan serat yasin kaping tiga diniati supados mboten nggadhahi ketergantungan kaliyan tiyang sanes.

Wondene kekait salat nisfu sya’ban, para ulama taksih benten pendapat. Imam an-nawawi lebeting kitab al-majmu’ syarh al-muhadzdzab sanjang menawi salat nisfu sya’ban kasebat kelebet bid’ah qobihah.

Nanging imam abu Hamid al-Ghazali lebeting kitab ihya’ ulum ad-din lan pinten-pinten ulama benten ingkang sanjang bab kasebat malah inggih punika setunggaling kesunnahan.

Jamaah jumah rahimakumullah..

Terkiat sunnah punapa mboten, sumangga kita manfaataken semaksimal mungkin dalu nisfu syaban punika kangge nggayuh Ridlo Allah SWT. Mugi-mugi kita sami kelebet tiyang-tiyang ingkang angsal keberkahan ing sasi nisfu syaban. Amiin ya-robbal alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ ال اَيَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ

Khutbah II

اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ , أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمَوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ

(*)

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved