Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Tentang Ruwahan di Bulan Syaban dalam Bahasa Jawa. Khidmat dan Ada PDF

Artikel kali ini akan memaparkan contoh Naskah Khutbah Jumat edisi 23 Februari 2024, bertemakan sedekah ruwah di bulan Syaban dalam Bahasa Jawa yang m

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Tentang Ruwahan di Bulan Syaban dalam Bahasa Jawa. Khidmat dan Ada PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Artikel kali ini akan memaparkan contoh Naskah Khutbah Jumat edisi 23 Februari 2024, bertemakan sedekah ruwah di bulan Syaban dalam Bahasa Jawa yang menyentuh dan penuh khidmat.

Adapun Naskah Khutbah ini akan turut disajikan dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan dibawah ini.

**

Khutbah Jumat: "Keutamaan Wulan Ruwah"

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ عَلى نِعَمِه فِى شَهْرِ شَعْبَان، اَلَّذِىْ جَعَلَنَا مِنَ المُسْلِمِيْنَ اَلْكَامِلِيْنَ، وَأَمَرَنَا بِاتِّبَاعِ سَبِيْلِ المُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلى آلِه وَصَحْبِه الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Monggo tansah samiyo netepi takwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha nderek sedoyo peraturanipun, nindakaken dawuh lan printahipun, soho nebihi sedoyo awisanipun, kanti tansah netepi takwallah ing saklebetipun gesang punika, ing pangajab mugi kito tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunya puniko, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amin.

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Wekdal puniko kito sampun lumebet wonten ing Wulan Sya’ban, kito mestani Wulan Ruwah, kalebet wulan mulyo menggah kito umat Islam. Kamulyonipun wulan puniko amergi Gusti Allah sampun milih Wulan Ruwah puniko kangge paring wahyu dateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad sallahu ‘alaihi wasallam, inggih dawuh netepaken arah kiblat naliko sami nindakaken ibadah shalat.

Pramilo kito samiyo mulyakaken lan ngegungaken wulan mulyo puniko kanti nambahi taat dateng Gusti Allah soho ngirangi lan nilar lampah maksiat. Nderek dateng dawuh dalem Kanjeng Nabi Muhammad sallahu ‘alaihi wassalam ingkang artosipun kirang langkung mekaten:

"Sopo wonge mulyaake Wulan Sya’ban kelawan takwa marang Allah, lan nindakake taat marang Allah, lan ugo nyegah saka penggawe maksiat, mongko Gusti Allah bakal ngapuro kabeh dosane, lan Allah bakal nyelametake wong mau ing sak jerone tahun kuwi songko sekabehane panco boyo lan sekabehane penyakit.”

Pramilo monggo ampun ngantos kito lirwakaken dawuh meniko, samiyo nggayuh kanugerahan lan pitulunganipun Allah. Sarananipun mboten sanes nderek dawuh Nabi kasebat. Nindakaken amal ibadah kumawulo dateng Allah, soho nilaraken sedoyo pendamel maksiat ingkang nuwuhaken deduko bendunipun Pengeran kito Allah subhanahu wa ta’ala. Jumbuh kaliyan dawuhipun Al Qur’an:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

“Sing sopo wonge nindakake amal kebecikan, lanang utowo wadon ing mongko deweke iman, mongko Ingsun bakal maringi marang deweke panguripan kang becik, lan Ingsun bakal paring piwales marang deweke kelawan kang luwih becik katimbang kang ditindakake.” (QS An Nahl: 97)

Halaman
12
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved