Seputar Islam
Naskah Khutbah Bertemakan Isra' Miraj 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang Inspiratif, Tersedia PDF
Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jum'at dalam Bahasa Jawa yang bertemakan tentang Isra' Miraj di bulan Rajab 1445 Hijriyah, inspiratif dan
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jum'at dalam Bahasa Jawa yang bertemakan tentang Isra' Miraj di bulan Rajab 1445 Hijriyah, inspiratif dan penuh haru.
Materi khutbah ini tersedia pula dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan berikut.
- Unduh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa >>> [Klik Disini;]
***
Khutbah Jum'at: "Tiga Kunci Kangge Buka Lawang Swarga"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ ad فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وَقَالَ تَعَالَى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ .وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Jamaah Jumat hafidhakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
Para jamaah ingkang minulya
Saben-saben tiyang mukmin mesti gadhah kepénginan mlebet Swarga. Ananging swarga ingkang kathah lawange, namung saget dibuka kalian tiyang ingkang gadhahi kuncine.
Ingkang sampun kasebat wonten ing pinten-pinten matan hadis, paling mboten wonten tiga kunci utama kangge buka lawang swarga.
Kaping pisan, nyekseni bilih mboten wonten Pangeran kejaba namung Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun dhawuh: Artosipun: “Kunci swarga yaiku nyekseni bilih mboten wonten Pangeran kejaba namung Gusti Allah” (HR. Ahmad).
Dr. Muhammad Taqiyuddin Al-Hilali As-Subki ana ing kitab kang judule Hukmu Tarikis Shalati ‘Amadan Hatta Yakhruja Waktuha (1982:15) maringi keterangan hadits ingkang wis kasebat mau.
فَاِنَّ الشَّهَادَةَ أَصْلُ اْلمِفْتَاحِ
Artosipun: “Saktemene nyekseni (mboten wonten Pangeran kejaba namung Gusti Allah) niku dados kunci kang utama,"
Nyekseni ketauhidane Gusti Allah, dados dasar kang utama kita sedaya, bakal mlebu swarga napa mboten. Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh wonten ing hadist sanese:
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَعْلَمُ أَنْ لَا إِلهَ إلَّا الله دَخَلَ اْلجَنَّةَ
Artosipun: “Sapa wonge kang mati, kanthi ngerteni (nyekseni) bilih mboten wonten Pangeran kejaba namung Gusti Allah, mangka wonge iku bakal mlebu swarga” (HR. Muslim)
Awit saking pentinge kalimat tahlil menika, mangka kita dipun anjurake supaya ngathah-ngathahi maos dzikir tahlil.
Para jamaah ingkang minulya
Amalan ingkang kaping kalih, yaiku ngadegaké shalat. Kanjeng Nabi saw paring dhawuh:
مِفْتَاحُ اْلجَنَّةِ اَلصّلَاةُ
Artosipun: ”Kuncine (mlebet) surga yaiku ngadegaké shalat” (saking Jabir bin Abdillah ra).
Shalat iku dadi kunci kang utama sakbibare maos syahadat. Dr. Muhammad Taqiyuddin Al-Hilali As-Subki maringi keterangan kaitanipun hubungan shalat kalian syahadat kados mekaten:
وَالصَّلَاةُ وَبَقِيَّةُ اْلاَرْكَانِ اَسْنَانُهُ الَّتِيْ لاَ يَحْصُلُ اْلفَتْحُ اِلَّا بِهَا
Artosipun: ”Shalat dan saben-saben rukune, kaya dene 'gigi kunci', kang dadi jalaran kebuka (lawang surga).”
Kanjeng Nabi saw ugi sampun maringi keterangan, kaitanipun shalat kalian keselametane manungsa nalika ana ing dina Kiamat. Sebab shalat, bakal dadi amalan pertama kang dihisab.
أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ عَلَيْهِ اْلعَبْدُ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ اَلصَّلَاةُ، فَإِنْ صَلَحَتْ صَلَحَ سَائِرُ عَمَلِهِ وَإنْ فَسَدَتْ فَسَدَ سَائِرُ عَمَلِهِ
Artosipun: “Amal pertama kang bakal dihisab ing dina Kiamat yaiku shalat. Lamun shalate apik, mangka bakal apik kabeh amale. Lan lamun shalate rusak, mangka bakal rusak kabeh amale.” (HR. at-Thabrani).
Jamaah Jumat hafidhakumullah,
Kaping tiga, amalan kang dadi kunci swarga yaiku tresna marang tiyang fakir lan miskin. Kanjeng Nabi Muhammad saw, paring dhawuh:
وَمِفْتَاحُ اْلجَنَّةِ حُبُّ اْلمَسَاكِيْنِ وَاْلفُقَرَاءِ
Artosipun: “Utawi kunci swarga yaiku tresna marang tiyang fakir-miskin.” (Riwayat saking Ibnu Umar ra).
Tresna marang tiyang fakir lan miskin, dados perintah saking Gusti Allah swt. Gusti Allah bakal bendhu marang wong kang ora gelem aweh mangan marang wong kang miskin. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Surat Al-Ma'un.
أرَأَيْتَ الَّذِي يُكَذِّبُ بِالدِّينِ (١) فَذَلِكَ الَّذِي يَدُعُّ الْيَتِيمَ (٢) وَلَا يَحُضُّ عَلَى طَعَامِ الْمِسْكِينِ
Artosipun: "Apa sira weruh wongng kang anggorohake agama? Yaiku wong kang nolak kanthi kasar marang anak yatim kang jaluk bandane dhéwé. Lan ora gelem nganjurake aweh mangan wong miskin (Surat Al-Ma'un ayat 1-3).
Tresna marang tiyang fakir lan miskin, ugi dados akhlake Kanjeng Nabi saw. Kasebat ana ing kitab Maulid Al-Barzanji:
وَيُحِبُّ الفُقَرَاءَ وَالمَسَاكِيْنَ وَيَجْلِسُ مَعَهُمْ وَيَعُوْدُ مَرْضَاهُمْ وَيُشَيِّعُ جَنَائِزَهُمْ وَلَا يَحْقِرُ فَقِيْرًا
Artosipun: "Kanjeng Nabi Muhammad saw tresnani marang tiyang fakir miskin, kersa lenggah sareng, nuweni menawa ana sing lara, tumut ngeter jenazahe, lan mboten nate ngênyék wong fakir (miskin)"
Para jamaah ingkang minulya
Saking sedaya keterangan kala wau, mugi-mugi kita sedaya saget ngamalke, supaya kita angsal kuncine swarga. Amin ya Rabbal 'Alamin.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ: أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
**
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Khutbah Jumat Tentang Isra Miraj
Isi Teks Khutbah Jumat
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Khutbah Jumat Isra Miraj Bahasa Jawa
Rajab 2024
Isra Miraj 2024
Tribunsumsel.com
2 Materi Khutbah Jumat Menyambut Hari Kemerdekaan Edisi 8 Agustus 2025, Khidmat dan Berkesan |
![]() |
---|
Doa Menjenguk Orang Sakit Berdasarkan Hadist, Lengkap Tulisan Latin, Arti dan Cara Membacanya |
![]() |
---|
Sholawat Burdah Lengkap 10 Pasal dalam Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Sebelum dan Sesudah Bekerja Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Doa Sujud Sahwi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahan Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.