Seputar Islam
Isi Naskah Khutbah Jumat Edisi 24 November 2023 dalam Bahasa Jawa, Penuh Khidmat dan Ada File PDF
Berikut merupakan isi naskah Khutbah Jum'at edisi 24 November 2023, dalam Bahasa Jawa, khidmat dan inspiratif, tersedia pula bentuk PDF yang bisa diun
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Novaldi Hibaturrahman
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut merupakan isi naskah Khutbah Jum'at edisi 24 November 2023, dalam Bahasa Jawa, khidmat dan inspiratif, tersedia pula bentuk PDF yang bisa diunduh melalui link dibawah ini.
- Unduh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa >> Disini.
_________________
"Keutamaane Maos Istighfar"
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Hadirin Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Monggo kito sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.
Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.
Setunggale tindak lampah ingkang kalebet taqwa nggih meniko maos istighfar utawi nyuwun pengapuro dumateng Gusti Allah. Allah paring dawuh wonten surat al-Anfal 33 :
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
Artosipun: Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine sliramu (Muhammad) ono ing tengah-tengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine wong-wong iku podo gelem Istighfar (njaluk ngapuro)
Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah
Ayat kasebat paring pituduh dumateng kito bilih ngatah-ngatahaken maos istighfar minongko sarono ingkang sae lan saget nyepetaken tumuruning pitulungan saking Allah SWT.
Milo wonten setunggale dawuh Nabi saking riwayat Ahmad saking Ibnu Abbas:
قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : مَنْ أكْثَرَ مِنَ الاسْتِغْفَارِ جَعَلَ اللَّهُ لَهُ مِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجًا وَمِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ
Artosipun: sopo wonge ngakehno moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kesongko.
Lajeng istighfar saget ngelebur duso kados ingkang sampun Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuhaken:
قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ وَدَوَاءُ الذُّنُوْبِ الْاِسْتِغْفَارُ
Artosipun: Nabi Muhammad dawuh, saben-saben penyakit iku ono obate lan obate duso iku istighfar. (Hadis niki dipun riwayataken Imam Ad-Dailami saking sahabat Ali).
Dawuh-dawuh kasebat negesaken bilih maos istighfar saget ngudari kesusahan, mbika rezeki lan dados obat saking penyakit nopo kimawon.
Sinten kimawon ingkang purun ngelampahi maos istighfar, insyaallah bakal pikantuk pengapuro lan rezeki ingkang jembar soho berkah.
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Maos istighfar kedah dipun sarengi niat ikhlas, kranten saking istighfar kito ngakoni sedoyo kalepatan marang Gusti Allah.
Lajeng dados tetenger kito sedoyo bali marang Allah. Gusti Allah dawuh:
وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ
Artosipun: Lan nyuwuno pengapuro siro kabeh marang Gusti Allah lan podo baliyo (taubat) marang Gusti Allah Allah, mongko Allah bakal maringi nikmat ingkang sae marang siro kabeh ngantos wektu kang ditentuaken, lan Allah bakal maringi kawulane ingkang mulyo kaliyan kamulyane. Lamun siro kabeh mengo (berpaling), mongko saktemen ingsun kuatir siro kabeh bakal disikso ing dino kiamat ( Q.S Hud: 3)
Ayat meniko njelasaken perintah kagem kito sedoyo menungso ingkang katah keluputan lan duso supados iling, ngakoni sedoyo tindak lampah awon.
Kranten sinten kimawon ingkang mboten nate nyuwun ngapuro sami kaliyan tiyang ingkang gumede, sombong, akhire dipun sikso mbenjeng dinten kiamat.
Hadirin Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Waosan istighfar ingkang mashur nggih meniko “astaghfirullah al-adzim wa atubu ilaih”, ananging langkung sae maleh maos sayyidul istighfar:
اَللَّهُمَّ أَنْتَ رَبِّيْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ خَلَقْتَنِيْ وَأَنَا عَبْدُكَ وَأَنَا عَلَى عَهْدِكَ وَوَعْدِكَ مَا اسْتَطَعْتُ. أَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّ مَا صَنَعْتُ. أَبُوْءُ لَكَ بِنِعْمَتِكَ عَلَيَّ. وَأَبُوْءُ بِذَنْبِيْ. فَاغْفِرْ لِيْ فَإِنَّهُ لَا يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلَّا أَنْتَ
Artosipun: Duh Gusti Allah, panjenengan gusti kulo, mboten wonten gusti lintu kejobo panjenengan. Panjenengan ingkang ndadeaken kulo. Kulo kawulo panjenengan. Kulo lampahi sedoyo perintah panjenengan semampu kulo. Kulo nyuwun karekso saking tindak lampah awon. Namung dateng panjenengan, kulo ngakoni nikmat ingkang panjenengan paringaken. Kulo ngakoni sedoyo duso, milo kulo nyuwun panjenengan ngapuro duso kulo, kranten mboten wonten ingkang ngapuro duso kejobo panjenengan.
Akhiripun, mugi-mugi kito sedoyo saget kecatet dados tiyang ingkang istiqamah maos istighfar, nyuwun pengapuro dateng Gusti Allah. Mugi sami saget ndadosaken wiridan kanti istiqamah. Aamiin
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ، الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
***
Baca juga: 13 Contoh Teks Ceramah Umum Berbagai Topik, Singkat Lengkap dan Terstruktur
Baca juga: Materi Khutbah Sholat Istisqa Lengkap Singkat dan Bermanfaat, Tersedia File PDF
Baca juga: Materi Khutbah Jumat Edisi 24 November 2023 dalam Bahasa Sunda, Khidmat dan Penuh Motivasi, Ada PDF
Baca artikel dan berita Tribun Sumsel lainnya langsung dari google news
Kumpulan Hadits Hikmah Bersholawat, Diampuni Dosa, Dikabulkan Hajat Dikumpulkan di Surga |
![]() |
---|
Kumpulan Doa Saat Ikut atau Melihat Aksi Demonstrasi, Mohon Perlindungan Allah, Doa-doa Nabi Musa |
![]() |
---|
Catat Tanggalnya, Jadwal Puasa Senin-Kamis dan Puasa Ayyamul Bidh September 2025, Ada 11 Hari |
![]() |
---|
Doa Agar Dijauhkan dari Pemimpin yang Zalim, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Arti Ayat Ya Ayyuhalladzina Amanu Shollu Alaihi Wa Sallimu Taslima, Perintah Allah untuk Bershalawat |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.