Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Bertema Hari Pahlawan Nasional dalam Bahasa Jawa Tersedia File PDF

Berikut ini adalah contoh naskah khutbah Jum'at bertemakan Hari Pahlawan Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa. Paling menyentuh, bangkitkan jiwa nasionalis

Tribunsumsel.com
Isian Naskah Khutbah Jumat Bertema Hari Pahlawan Nasional dalam Bahasa Jawa Penuh Makna, Beserta PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini adalah contoh naskah khutbah Jum'at bertemakan Hari Pahlawan Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa. Paling menyentuh, bangkitkan jiwa nasionalisme dan penuh makna.

Tersedia pula dalam format PDF yang dapat diunduh melalui link dibawah ini.

_______________________________________

"Mengeti Hari Pahlawan"

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَ وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ الله ُفَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ

Ma’asyiral Muslim Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken raos takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, amergi tiyang ingkang cecekelan perintahipun Gusti Allah bakal bejo dunyo akherat.

Ampon ngantos kito tilar dunyo mboten mbeto iman lan Islam. Gusti Allah dawuh:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: "Hei wong kang podo iman, podo takwoho siro kabeh marang Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo pejah siro kabeh kejobo mbeto Islam" (Ali Imran: 102)

Takwo saget dipun tindaaken wonten pundi kimawon, ing wayah longgar utawi sempit, sepi utawi rame, susah utawi bungah. Luweh-luweh ingdalem nalikane dipun jajah lan diganggu ibadahipun.

Hadirin Ingkang Minulyo

Nembe mawon kito peringati dinten pahlawan ingkang dumawah tanggal 10 November, setunggale dinten luar biasa, kranten wonten dinten meniko poro pahlawan sami jihad berjuang mbelo negoro.

Peristiwa meniko kedah kito pundut tupo tulodone supados saget nggadah semangat ibadah dumateng Gusti Allah.

Kedah kito mangertosi bilih poro pahlawan mbelo negoro niku cita-citane paring pengadem, tentrem dateng kito sedoyo supados saget ibadah kanti tenang, mboten dipun ganggu kaliyan penjajah.

Poro pahlawan ingkang netepi agomo Islam meniko kalebet syuhada fi sabilillah.

Katah sanget tupo tulodo ingkang saget kito pundut, ananging wonten kalih ingkang dados punjer, nggih meniko: Kiat nyekel prinsip lan sabar.

Kiat nyekel prinsip niku maksude mboten bade kabujuk kaliyan iming-iming dunyo lan howo nefsu, kados dene mboten gampang gawuk, nggumun pepahese dunyo ingkang saget ngerayu penggalihe sinten kimawon. Akhire ibadah marang Allah, berjuang syiar agamane Allah dipun tilar.

Pramilo, Gusti Allah dawuh:

فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ

Artosipun: "Mongko jejego (istiqomaho) siro kados punopo ingkang sampun dipun perintahaken Allah, ugi wong kang wes bali (taubat) bareng siro lan ojo podo ngelanggar aturane Allah. Saktemene Gusti Allah iku dzat kang ngaweruhi punopo ingkang siro kabeh lakoni" (Hud:112)

Ayat meniko negesaken kito sedoyo supados nggadah prinsip agomo ingkang kiat tansah istiqomah ngelampahi ibadah sinaoso katah ujian, gudo, cubo ingkang sampun njelumprungaken tiyang katah.

Ampon ngantos kelelep kaliyan bujukane howo nafsu ingkang nyebabi supe kaliyan prinsip agomo ingkang dipun cekel.

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Tupo tulodo saklajengipun nggih meniko kedah sabar. Tegese sinten kimawon ingkang gesang wonten dunyo pasti ngadepi cubo lan ujian. Carane ngatasi ujian niku kaliyan sifat sabar.

Keranten tiyang ingkang sabar bakal pikantuk pitulung saking Gusti Allah. Kados ingkang sampun didawuhaken wonten surat Al-Baqarah, 153:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ

Artosipun: "Hei, wong-wong kang podo iman, nyuwun tulungo siro kabeh kelawan sifat sabar lan sholat, saktemene Gusti Allah iku sertane wong-wong kang podo sabar"

Milo, kito sedoyo sami mundut tupo tulodo saking poro pahlawan arupi kiat nyekel prinsip lan sabar ingatase cubo. Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulung lan ridlone Gusti Allah. Amiin.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم وَالْعَصْرِ. إِنَّ الإنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَاِيَّاكُمْ بِالْاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ فَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

***

Baca juga: 3 Bacaan Doa Saat Sujud Terakhir dalam Sholat Lengkap Tulisan Latin Arti dan Keutamaannya

Baca juga: Arti Aamiin Ya Allah Ya Rahman Ya Rahim, Mengaminkan Doa dengan Asmaul Husna, Berikut Keutamaannya

Baca juga: 13 Contoh Teks Ceramah Umum Berbagai Topik, Singkat Lengkap dan Terstruktur

Baca artikel dan berita Tribun Sumsel lainnya langsung dari google news

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved