Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 25 Agustus 2023, Inspiratif dan Penuh Doa Harapan

Berikut contoh naskah khutbah jumat dalam bahasa jawa edisi hari ini, Jumat (25/8/2023), mengandung makna luar bisa dan inspiratif untuk jemaah.

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 25 Agustus 2023, Inspiratif dan Penuh Doa Harapan 

​​​​​​​Sodaqoh saget dilampahi kapan mawon lan ing panggenan pundi kimawon. Kranten sodaqoh saget nutup dalane keawonan. Kanjeng Nabi dawuh:

الصَّدَقَةُ تَسُدُّ سَبْعِيْنَ بَابًا مِنَ السُّوْءِ

​​​​​​​Artosipun: sodaqoh niku saget mbuntu pitung puluh lawange keawonan (HR. Tabrani)

Saking hadis kasebat saget dipun pahami sareng-sareng, bilih sodaqoh niku nggadahi kautaman ganjaran ageng lan saget nutup dalan keawonan.

Nopo malih sodaqoh niku saget damel nopo kimawon ingkang dipun nggadahi. Kanjeng Nabi dawuh:

مَنْ كَانَ لَهُ مَالٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِمَالِهِ

​​​​​​​Artosipun: Sopo wonge nggadah bondo, mongko sodaqoho kelawan bondone​​​​​​​

وَمَنْ كَانَ لَهُ عِلْمٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِعِلْمِهِ

​​​​​​​Lan sopo wonge nggadah ilmu, mongko sodaqoho kelawan ilmune​​​​​​​

وَمَنْ كَانَ لَهُ قُوَّةٌ فَلْيَتَصَدَّقْ بِقُوَّتِهِ

​​​​​​​Lan sopo wonge nggadah tenogo, mongko sodaqoho kelawan tenogoe (HR. Anas bin Malik)

Hadirin Ingkang Sami Bahagio

Pramilo saking keterangan al-Quran hadis kasebat, monggo kito sami cancut taliwondo agawe sodaqoh kanti ikhlas, amergi sodaqoh niku mboten wonten syarat kedah sugih ananging tumindak sae arupi maringaken nopo ingkang dipun nggadahi.

Menawi nggadahe ilmu kados dene poro guru ingkang remen ngajar, mongko sodaqohe niku kelawan ilmune dumateng murid-muride.

​​​​​​​Mugi-mugi kito sedoyo saget ngelampahi agawe sodaqoh lan pinaringan pitulung saking Gusti Allah saget istiqomah sehinggo kalebet tiyang ahli sodaqoh tur ikhlas. Amiin.

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved