Seputar Islam

Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 18 Agustus 2023 Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Tersedia LINK PDF

Berikut contoh naskah Khutbah Jum'at dalam bahasa Jawa edisi hari ini 18 Agustus 2023, singkat dan penuh makna. Tersedia pula link PDF yang bisa di un

Tribunsumsel.com
Contoh Naskah Khutbah Jumat Edisi 18 Agustus 2023 Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Tersedia LINK PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut contoh naskah Khutbah Jum'at dalam bahasa Jawa edisi hari ini 18 Agustus 2023, singkat dan penuh makna. Tersedia pula link PDF yang bisa di unduh melalui tautan dibawah ini.

Khutbah Jum'at (18/8/2023)
Judul: "Muhasabah Nalikane Wonten Musibah"

اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سيدِنا مُحَمدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi awisanipun wonten panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi.

Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan, kesaenan lan ridlone Gusti Allah.

Katah tiyang ingkang supe, mboten imut kaliyan Gusti Allah sebab ketutup dunyo lan wuto peningal atine.

Lajeng nalikane musibah dumugi, tiyang kolowau nembe imut, lan sadar sehinggo akhire takwo marang Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِى أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَا ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ

Artosipun: "Ora ono musibah ingkang mekenani ingdalem bumi lan (mekenani marang) awak siro kabeh iku kejobo wis ketulis ingdalem kitab pepesten sakdurunge kedadiane. Saktemene mengkunu iku gampang mungguhe Gusti Allah." (Q.S Al-Hadid [57]: 22).

Hadirin Ingkang Minulyo

Wonten ayat lintu dipun sebataken:

قُل لَّن يُصِيبَنَا إِلَّا مَا كَتَبَ اللَّهُ لَنَا هُوَ مَوْلَانَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ

Artosipun: "Ngucapo siro (Muhammad), ora bakal mekenani marang kito kejobo nopo-nopo ingkang sampun dipun pastiaken Gusti Allah. Kagem kito, Gusti Allah niku Gusti ingkang nulungi kito, lan namung dumateng Gusti Allah, sedoyo mukmin kedah tawakkal." (Q.S At-Taubat [9]: 51).

Ayat kekalih puniko negesaken bilih sedoyo umat Islam kedah percados lan yakin kawontenanipun musibah niku sampun dipun pesti kaliyan Allah.

Kito sedoyo wajib pasrah, muhasabah lan mundut hikmah saking musibah niku. Kranten katah rahasia ingkang mboten saget disemerapi kaliyan makhluk.

Gusti Allah dawuh:

وَعِندَهُۥ مَفَاتِحُ ٱلْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَآ إِلَّا هُوَ ۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى ٱلْبَرِّ وَٱلْبَحْرِ ۚ وَمَا تَسْقُطُ مِن وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِى ظُلُمَٰتِ ٱلْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مُّبِينٍ

Artosipun: "Ing ngersane Gusti Allah wonten kunci-kunci rahasia ingkang mboten saget dipun weruhi kejobo Gusti Allah piyambak. Gusti Allah ngaweruhi nopo mawon ingdalem daratan lan segoro. Lan mboten wonten godong ingkang dumawah kejobo Gusti Allah sampun weruh, lan mboten wonten wiji ingdalem njerohi bumi, lan mboten wonten teles ugi garing kejobo ingdalem pepesten ingkang pertelo." (Q.S Al-An’am [6]: 59).

Pramilo, sedoyo musibah utawi bencana wonten dunyo meniko mboten saget ucul saking kersane Gusti Allah, supados sedoyo kawulo sami imut, muhasabah lan mundut hikmahe.

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio

Kedah kito mangertosi hikmah ingkang saget dipundut saking musibah inggih meniko:

1. Luweh paham ingatase tuntunan lan aturane agomo. Menawi saking musibah saget ndadosaken kito taqarub ilalLah

2. Imut bilih kito sedoyo menungso ingkang mbutuhaken pitulung, tulung-tinulung, sehinggo saget bersatu.

3. Imut bilih kito sedoyo makhluke Gusti Allah ingkang lemah lan mboten sempurno.

4. Kito sedoyo bakal wangsul marang Gusti Allah utawi kapundut

Akhiripun, kelawan lantaran musibah, kito sedoyo sami saget muhasabah, niti pirso awak kito bilih dunyo niku panggenane cubo, lan musibah.

Kranten dunyo sanes panggenan saklawase, kito kedah cancut taliwondo ibadah, takwo dumateng Gusti allah, tulung-tinulung lan ngisi kegiatan kanti sae ugi manfaat.

أَعُوْذُ بِالّلهِ مِنَ الشَيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمن ِ الرَّحيْم ِ . فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلاً صًالحا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَتِهِ اَحْدًا ، وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَم وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرَّاخِمِينَ

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

(*)

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved