HUT ke 78 RI

3 Naskah Pidato Kemerdekaan Indonesia Bahasa Jawa untuk Peringati HUT Ke 78 RI 17 Agustus 2023

Kumpulan Naskah Pidato Kemerdekaan Indonesia, HUT ke 78 RI dengan menggunakan Bahasa Jawa.

Penulis: M Fadli Dian Nugraha | Editor: Novaldi Hibaturrahman
Kolase Setneg.go.id Dan Scribd
Kumpulan Naskah Pidato Kemerdekaan Indonesia, HUT ke 78 RI dengan menggunakan Bahasa Jawa. 

TRIBUNSUMSEL.COM-Berikut ini merupakan kumpulan Naskah Pidato Kemerdekaan Indonesia, HUT ke 78 RI dengan menggunakan Bahasa Jawa.

Pidato kemerdekaan dalam rangka memperingati Hari Ulang Tahun (HUT) Republik Indonesia ke-78 pada 17 Agustus 2023 dapat disampaikan dalam berbagai bahasa daerah seperti bahasa Jawa.

Pidato Kemerdekaan Indonesia dalam Bahasa Jawa dapat digunakan untuk menanamkan jiwa nasionalisme dan cinta tanah air pada 17 Agustus 2023 disamping menjaga kelestarian bahasa daerah.

Inilah kumpulan naskah pidato kemerdekaan Indonesia menggunakan bahasa Jawa, dilansir Scribd.com.

Baca juga: Contoh Susunan Upacara Bendera 17 Agustus Peringatan HUT Ke-78 RI di Sekolah, Beserta Teks Doa

Naskah Pidato Bahasa Jawa 1

Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal
wonten ing wekdal menika kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.

Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping..... Tanggal 17 Agustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenegan sedaya.

Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal 17
Agustus tahun

Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun..... ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng
saha rancagipun acara pentas seni pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.

Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudhamudhi ing kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para warga sedaya.

Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan.

Pangorbanan wutahing rah saha musnaning bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para warga, ing dinten ingkang mulya menika.

Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar kawasisan lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang pungkasan, kula minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader kali sesonderan. Nuwun

Naskah Pidato Bahasa Jawa 2

Bismillahirrohmanirrohim Alhamdulillahirobbil'alamin, Wasshola tuwassalamu'ala asyrofil mursalin, sayyidina muhammadin. Wa'ala alihi washohbihi ajmain.

Ingkang kinurmatan bapak ibu guru sekolah (.................)

Kanca-kancaku ingkang kulo tresnaniPuji syukur kito panjataken umateng Allah SWT. Sing wis menehi kenikmatan kanggo kita kabeh lan sehinggo kita bisa ngumpulake SD / SMP / SMA niki.

Ing kesempatan niki kulo badhe pidato babagan semangat kemerdekaan.

Yen kita krungu tembung merdeka mesthi bakal kelingan 17 Agustus 1945, bener? Tanggal Iki tanggal kemerdekaan Indonesia. Kito kudu kesuwun dumateng pahlawan ingkang sampun berjuang ngelawan penjajah. Kita ora bisa mbayangno carane ngelawan penjajah kanti senjata tradisional.

Pahlawan kemerdekaan sampun ngurbanake kabeh, ngurbanake barang, barang-barang, lan urip kanggo marga saka tembung merdeka.

Saking meniko kita minangka generasi sabanjure bangsa kudu bisa ditiru, bisa ngapresiasi jasa para pahlawan, kanthi mendo'akan lan ngisi kamardikan kanthi hal-hal positif.

Kita minangka siswa, mesthine tugas kita sinau kanthi tulus, njupuk wektu ngupaya kawruh kanggo masa depan kita bebarengan kanggo masa depan bangsa kita.

Amarga nasib bangsa kita gumantung saka potret cara kondisi generasi bangsa sameniko, Menikolah sekedik pidato ingkang saged kawulo aturaken mugiyo manfaat.

Siji maneh tembung ya merdeka ..... !!!!

Baca juga: 25 Ucapan HUT Ke 78 RI 17 Agustus 2023 Bahasa Jawa, Penuh Makna Bisa Jadi Caption di Medsos

Naskah Pidato Bahasa Jawa 3

Assalamualaikum wr.wb
Panjenengan Bapak saha Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan. rencang-rencang muda mudi ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula saha panjenengan sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kanikmatan, kesehatan, raharja, lan kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan, satemah ing wanci menika kita saged makempal manunggal wonten mriki kanthi sehat wal ‘afiat, kangge mengeti dinten kamardikan Indonesia utawi 17-an.

Para rawuh ingkang minulyo.
Wonten ing wanci punika, kita saged ngenang malih prastawa ingkang ajrih dhumateng sedaya bangsa Indonesia, inggih menika dinten kamardikan 17 Agustus.

Kamardikan menika anggadahi artos, yaiku bangsa Indonesia sampun mardika lan bebas saking para penjajah ingkang padha durjana. Para pemudha lan pahlawanpahlawan ing jaman sakmenika padha toh nyawa kangge mbebabasaken Indonesia saking panjajah negeri menika.

Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, menika atusan tahun dipun jajah dening bangsa asing, inggih menika dipun jajah dening walanda, portugis, Inggris, Jepang, lan liyan-liyanipun. Indonesia mboten anggadahi kebebasan. Ngantos atusan tahun rakyat Indonesia urip ing cengkramanipun kaum penjajah.

Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, ditindas lan dipun aniaya dening bangsa asing. Namung, kanthi rahmatipun Allah SWT lan ugi kanthi semangatipun para pahlawan lan para pemudha bangsa Indonesia ingkang gigih, mboten gampang mundur, para pejuang kita saget ngusir kaum penjajah saking Indonesia, satemah wonten tanggal 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia memproklamasikaken dinten kamardikan Indonesia.

Parah rawuh ingkang kinurmatan. Kita saged ngisi kamardikan menika kanthi mujudaken:

1. Paring pakurmatan dhumateng tiyang sepuh, luwih-luwih para pahlawan.

2. Sami nglairaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking daerah, nggih kados bahasa jawi menika.

3. Njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa lan negara.

4. Dados pelajar kang becik inggih menika sami ngurmati dhumateng guru, sinau kanthi sregep, lan mboten tawuran.

Lan taksih wonten kagiyatan-kagiyatan positif sanesipun ingkang saged ditindhakaken kangge mengeti dinten kamardikan menika.

Menawi minimal sekawan menika sampun ditindakaken dening kita, InsyaAllah kamardikan menika saget dipunraosaken dening sedaya masyarakat Indonesia.

Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwanipun pemudha-pemudhi Indonesia. Namung, ingkang ajrih nggih menika, kita kedah njagi persatuan, kesatuan, lan karukunan saha mboten ambeda-bedaaken sedhereksedherek kita supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi

Mekaten atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Baca juga: 15 Contoh Tema Karnaval 17 Agustus Unik dan Kekinian untuk Peringati HUT Ke-78 RI 2023

Demikian sajian 3 naskah pidato kemerdekaan dalam bahasa Jawa untuk peringatan HUT RI Ke-78, 17 Agustus 2023

Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved