Idul Adha 2023

2 Materi Khutbah Idul Adha 1444 H/2023 Singkat Bahasa Jawa, Tersedia File PDF

Artikel ini memuat 2 materi teks khutbah Idul Adha 1444 H/2023 singkat, dalam bahasa Jawa, tersedia pula dalam bentu PDF.

Tribun Sumsel
2 Materi Khutbah Idul Adha 1444 H/2023 Singkat dalam Bahasa Jawa, Tersedia File PDF 

Enjang punika kita sesarengan makempal ing papan punika nindakaken shalat idul Adhha kanti berjama’ah. Sedaya siaga nderek dateng komando saking imam. Mekaten ugi kita gesang ing masyarakat mboten benten kados anggen kita jama’ah menika.

Minangka makmum siap nderek tutwuri andayani dateng dawuh imam. Menawi imam klentu makmum ingkang paling caket kedah ngemutaken dateng imam. Mekaten ugi shalat Ied punika ngrupekaken ikrar bersama kagem ngengungaken lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi tekat ngumawula namung dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan saking ngarsanipun Allah Ta’ala.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah, Wonten ing dinten punika Allah memerintahkan dateng kita supados nindakaken ibadah Qurban tumrap kita ingkang pinaringan kajembaran rizki.
Ibadah Qurban, dipun syari’ataken punika minangka sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha’atan dateng Allah, kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita,
banda kita ingkang arupi hewan ternak menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban.

Sanes daging menapa dene rahipun khewan qurban ingkang katur dateng Allah, ananging ketha’atan, lan ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunjuk wonten ngarsanipun Allah. Dawuhipun Al Qur’an:

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ

“Ora pisan pisan bakal tumeka ing ngarsanipun Allah daging daginge unta lan getihe, ananging taqwanira kang bakal nggayuh karidlane Allah”. (QS. Al Hajj : 37).

Wondene dagingipun qurban manfa’atipun wangsul dateng sesami, minangka amal sosial. Sahingga syari’at qurban punika anggadahi manfa’at ganda, saking arah hablum minallah minangka kumawula dateng Allah kanti ikhlas. Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.

Saking arah sanes, qurban estunipun ngengetaken manungsa supados giat mbangun ekonomi ingkang sae saha ndidik semangat pribadi lan jiwa ingkang sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan.

Sedayanipun tentu katindakaken kerana Allah lan namung murih dateng karidlanipun. Saking segi sanesipun berqurban punika kinarya srana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Menawi estu estu saget nggadahi fungsi mekaten qurban menika, tentu gesangipun manungsa tansah tenang lan ayem tentrem. Tiyang tiyang miskin mboten nate rumaos kesia sia lan ina, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahingga mboten cemas ngadepi pagesangan punika. Mekaten ugi ingkang sugih mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahingga mboten nate wonten raos nindes lan nganiaya dateng fakir miskin, malah raos tresna lan welas ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli, sedaya tansah guyup rukun, gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

“Tumrape wong wong fekir kang pada hijrah kang di usir sangka desane lan bandane, mung kerana murih kanugerahan lan karidlan sangka Allah, lan wong wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong wong kang kaya mengkono kuwi wong kang pada bener”.( QS. Al Hasyr : 8).

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah. Syari’at ibadah qurban, menika minangka ibadah ngumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal ingkang berfungsi sosial ingkang
sanget dipun raosaken manfa’atipun dening para manungsa. Pramila gamblang bilih syari’at agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi. Sahingga para kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya punika

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved