Seputar Islam
2 Materi Khutbah Jum'at Singkat Bahasa Jawa, Mudah Dipahami dan Menyentuh, Ada Bentuk PDF
Berikut contoh naskah khutbah jum'at edisi bahasa Jawa, singkat dan menyentuh hati, tersedia pula dalam bentuk PDF yang dapat diunduh melalui link dib
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Novaldi Hibaturrahman
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut 2 contoh materi naskah khutbah jum'at edisi bahasa Jawa, singkat dan menyentuh hati, tersedia pula dalam bentuk PDF yang dapat diunduh melalui link dibawah ini.
- PDF Naskah Khutbah Jum'at Bahasa Jawa >>> Klik Disini.
Judul Khutbah Jumat 1 : Manfaat Marang Tiyang Lintu
الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويرضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ
امَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا الله حقَّ التقوَى، وَقَالَ تَعاَلَى: وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah wonten ing panggenan pundi kimawon, sepi utawi rame, susah utawi bungah, kranten saking takwo kito saget pikantuk pengapuro lan ridone Gusti Allah.
Ugi, ampun kesupen ngucap syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kito nikmat kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan.
Sholawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat, panggenan panguripan ingkang sejati.
Gusti Allah dawuh:
وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Artosipun: Ora ono panguripan ing dunyo kejobo guyon lan dolanan. Lan saktemene akhirat iku sejatine panguripan, lamun kabeh podo ngerti (Al-Ankabut, 64)
Ayat meniko negesaken panguripan ing dunyo namung mampir ngunjuk tuyo, mampir sekedap, ameng-amengan, mboten langgeng. Ugi, ngimutaken bilih akhirat niku ingkang dados panguripan lan panggenan sejati.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Tiyang ingkang gesang ing dunyo kedah nggadah niatan lan tekad paring kemanfaatan lan kegiatan migunani dateng tiyang lintu. Kanjeng Nabi dawuh:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Artosipun: Apik-apike menungso iku manfaati marang menungso lintu (HR. Tabrani)
Tegese, tindakan manfaati niku saget dipun wiwiti saking piyambake paring manfaat dumateng garwo, yugo, sederek lan masyarakate. Sebab, saking meniko saget ndadosake kesaenan, kerukunan.
Katah sanget tiyang ingkang nyia-nyiaken waktune kagem dolanan kimawon, remen damel persulayan. Padahal sedoyo niku bakale dipun pertanggungjawabaken mbenjang ing dinten kiamat. Kanjeng Nabi dawuh:
ألا كُلُّكُمْ راعٍ، وكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ
Artosipun: Ilingo saben siro kabeh iku wong kang mimpin, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking kepemimpinane marang rakyate (HR. Muslim)
Pinten-pinten perkawis ingkang saget manfaati ing antawisipun: tolong-tinolong, pesen kebecikan, ucapan sae, paring motivasi semangat ibadah.
Nalikane wonten tiyang ingkang kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun pitulung, mongko dipun tulung.
Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:
وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Artosipun: Demi wektu, saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar.
Ayat meniko paring pemahaman bilih kito sedoyo kedah nggunaaken wektu ingkang sediluk kelawan perkawis ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh.
Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun biasaaken tanpo rumongso nggurui.
Jamaah Ingkang Dipun Rahmati Allah
Kedah kito pahami sareng-sareng maksud manfaati niku sanes manfaataken tiyang lintu. Manfaati niku mbeto kesaenan lan kebungahan dateng tiyang lintu, benten kaliyan manfaataken ingkang nyebabaken cidero, bendu lan duko.
Pramilo Kanjeng Nabi dawuh nalika disuwuni pirso kaliyan sahabat:
يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ : مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ
Artosipun: Duh Kanjeng Nabi, sinten tiyang ingkang langkung sae? Kanjeng Nabi ngendiko: Wong kang dowo umure lan bagus amale (HR: Tirmidzi)
Saking hadis niki saget dipun simpulaken, tiyang ingkang sae niku ingkang pinaringan wektu ingkang dowo kanti dipun isi kaliyan amal kesaenan, dipun isi kaliyan perkawis ingkang manfaati lan migunani dateng tiyang lintu.
Wonten setunggale dawuh saking Syekh Ahmad ibn Atha'illah as-Sakandari ing kitab al-Hikam:
رُبَّ عُمُرٍ اتَّسَعَتْ آمادُهُ وَقَلَّتْ أمْدادُهُ، وَرُبَّ عُمُرٍ قَليلَةٌ آمادُهُ كَثيرَةٌ أمْدادُهُ
Artosipun: Terkadang yuswo soyo dowo ananging mboten manfaati, lan terkadang yuswo pendek ananging katah manfaate.
Mugi-mugi kito sedoyo pinaringan gangsar anggenipun ngelampahi kesaenan, yuswo berkah lan pikantuk pitulung saking Gusti Allah saget istiqomah ngelampahi perkawis ingkang manfaati lan migunani. Amiin
أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ . بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم
Judul Khutbah Jumat 2: Keutamaan Wulan Dzulqa'dah
KHUTBAH PERTAMA
إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد
Sumangga kita sami tansah ningkataken saha nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan sahingga kita sedaya saget rawuh makempal wonten ing baitullah siang punika.
Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin
Mangga sareng-sareng ningkataken takwa, ajrih dhumateng ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sedaya printah-printahipun saha nebihi sadaya awisan-awisanipun.
Supados kita sedaya manggehaken kawilujengan saha kebahagiaan wonten ing dunya ngantos akhiratipun.
Allah Ta’ala paring pangandikan,
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”(QS. Ali Imran: 102)
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Sak menika kita sampun mlebet wonten ing wulan Dzulqa’dah, wulan angka sepisan saking sekawan wulan haram utawi wulan minulya, wulan kang haram nglampahi tumindak dosa kranten dosanipun dipun agengaken karana agengipun wulan menika.
Tiyang jawi nyebat wulan menika kanthi istilah wulan apit jalaran kaapit kaleh dinten riyadi nggih punika Idul Fitri lan Idul Adha.
Ugi disebat kanthi istilah wulan sela maknanipun longgar. Kayadene wulan menika wulan longgar antaranipun wulan repot Syawal lan Dzulhijjah.
Wonten ing sebagian masyarakat wulan menika dipun golongaken wulan sial utawi wulan kang kathah pagebluk utawi pecoben.
Ananging agami islam nolak pemanggeng kang mekaten menika, malahan wulan menika klebet sekawat wulan kang dipun hormati lan agungaken.
Allah shubhanahu wata’ala ndawuhaken,
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ
“Sanyata wilangane sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus pacak ana ing Kitabe Allah, wiwit tumitah ing langit lan bumi, yaiku sasi papat kang mulya (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab) iku wus klebu ing kono, yaiku agama kang bener. Jalaran saka iku sira aja padha nganiaya marang awakira dhewe ang ing sasi kang mulya iku. Lan sira merangana wong-wong musyrik kabeh bae, kaya dene anggone dheweke wus padha merangi ing sira kabeh. Lan sira padha mangertia, satemene Allah iku anartani wong-wong kang padha taqwa marang penjenengane.” (QS. At-Taubah: 37)
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Ing antawise kautaman wulan Dzulqa’dah nggih menika kelebet wulan haram. Tegesipun wulan yang disuceni. Ibnu Jarir Ath-Thobari nerangaken babagan menika wonten ing kitab tafsirupun: Wulan Dzulqa’dah nggih menika wulan kang dipun dadosaken dening Allah wulan suci lan agung.
Wonten ing ndalem wulan menika amal-amal sholih dipun tikelaken ganjarane, mekaten ugi tumindak dosa sami dipun tikelaken dosane.
Dene Imam Ibnu Katsir nalika nerangaken ayat kang sampun kasebat: Wulan menika cacahe ana papat, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharam, lan Rajab.
Dzulqa’dah nduweni keistimewan bilih Allah ngawisi tumindak perang wonten saklebete wulan menika. Malahan Allah mrintahaken supados menungsa sami persiapan ngadepi ibadah agung nggih menika haji.
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Wulan Dzulqa’dah menika istimewanipun sanes yaiku wulan Haji, kang sampun Allah terangaken wonten ing al-Quran,
اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
“Mangsa haji iku ana sasi-sasi kang wus katamtokake, yaiku Syawal, Dzulqa’dah, lan Dzulhijjah. Manhka sing sapa pinuju nindakake haji ana ing mangsa iku, ora kena cumbana lan ora kena pepadon ana sajerone nindakake haji. Dene kabecikan kang padha sira tindakake iku Allah Ngawuningani. Lan sira padha sasangua, mangka sanyata becik-beciking sangu iku taqwa marang Allah, he wong kang padha duwe akal, sira padha wedia marang Ingsun.”(QS. Al-Baqarah: 197)
Wonten ing tafsiripun Tafsirul Quranil Adhim Imam Ibnu Katsir paring penjelasan bilih namung wonten ing wulan-wulan menika kala wau ihram (niat haji) saget sah kangge nindakaken ibadah haji.
Dipun sebataken wonten ing sirah bilih Rasulullah wonten ing wulan Dzulqa’dah nindakaken umrah ngantos ping sekawan kalebet umrah kang ndereki ibadah haji penjenangipun.
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Mekaten ugi klebet istimewaning wulan Dzulqa’dah nggih menika Allah paring janji dhateng Nabi Musa kagem ngendikan laminipun tigang ndasa dinten wonten wulan Dzulqa’dah dipun tambah sedasa dinten wonten awal wulan Dzulhijjah.
Allah paring pangandikan,
وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ۚوَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ
“Lan Ingsun janji marang Musa, yaiku bakal Ingsun paringi Kitab, sawuse telung puluh wengi, lan Ingsun nyampurnakake tambah sepuluh wengi maneh, dadi waktu kang katamtokake dening Pangerane sampurna patang puluh wengi lawase. Pangucape Nabi Musa mang sadulure. Harun, Sampeyan kula dadosaken sesulih kula perlu ngreksa kaum kula, sampeyan sampun ngantos kapilut manut tindakipun tiyang-tiyang ingkang damel risak.”(QS. Al-A’rāf: 142)
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Mekaten khutbah engkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
KHUTBAH KEDUA
أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
- PDF Naskah Khutbah Jum'at Bahasa Jawa >>> Klik Disini
***
Baca juga: 3 Materi Khutbah Jumat Singkat Bulan Dzulqadah, Lengkap dan Mudah Dipahami
Baca juga: Contoh Tausiyah/Ceramah Singkat Acara Walimatussafar Haji, Menyentuh dan Penuh Makna, Ada File PDF
Baca juga: 20 Ucapan Selamat Berangkat Haji Menyentuh dan Penuh Doa, Untuk Keluarga, Tetangga, Sahabat
Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF
Khutbah Jumat
Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
Tribun Sumsel
Jadwal Puasa Ayyamul Bidh Bulan Agustus 2025 - Safar 1447 H Beserta Bacaan Niatnya |
![]() |
---|
Lafal Doa Sebelum dan Sesudah Baca Surat Yasin Malam Jumat, Lengkap Mudah Diamalkan |
![]() |
---|
Bacaan Surat Yasin Latin Mudah Dibaca Lengkap Artinya PDF, Ayat 1- 83 |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Hari Kemerdekaan, Tersedia File PDF |
![]() |
---|
Teks Sholawat Hayyul Hadi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Bahasa Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.