Seputar Islam
2 Materi Khutbah Jum'at Singkat Bahasa Jawa, Mudah Dipahami dan Menyentuh, Ada Bentuk PDF
Berikut contoh naskah khutbah jum'at edisi bahasa Jawa, singkat dan menyentuh hati, tersedia pula dalam bentuk PDF yang dapat diunduh melalui link dib
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Novaldi Hibaturrahman
Artosipun: Apik-apike menungso iku manfaati marang menungso lintu (HR. Tabrani)
Tegese, tindakan manfaati niku saget dipun wiwiti saking piyambake paring manfaat dumateng garwo, yugo, sederek lan masyarakate. Sebab, saking meniko saget ndadosake kesaenan, kerukunan.
Katah sanget tiyang ingkang nyia-nyiaken waktune kagem dolanan kimawon, remen damel persulayan. Padahal sedoyo niku bakale dipun pertanggungjawabaken mbenjang ing dinten kiamat. Kanjeng Nabi dawuh:
ألا كُلُّكُمْ راعٍ، وكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ
Artosipun: Ilingo saben siro kabeh iku wong kang mimpin, lan saben siro kabeh bakal ditakoni saking kepemimpinane marang rakyate (HR. Muslim)
Pinten-pinten perkawis ingkang saget manfaati ing antawisipun: tolong-tinolong, pesen kebecikan, ucapan sae, paring motivasi semangat ibadah.
Nalikane wonten tiyang ingkang kesusahan, mongko dipun bungahaken penggalihe lan nalikane wonten tiyang nyuwun pitulung, mongko dipun tulung.
Gusti Allah sampun dawuh wonten surat al-Asr:
وَالْعَصْرِۙ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍاِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Artosipun: Demi wektu, saktemene menungso iku ingdalem getunan, kejobo wongkang podo iman lan amal soleh lan podo paring nasehat kelawan bener lan sabar.
Ayat meniko paring pemahaman bilih kito sedoyo kedah nggunaaken wektu ingkang sediluk kelawan perkawis ingkang manfaati, sakderenge getunan, kranten wektu mboten bade balik maleh.
Saling ngimutaken antawisipun sederek, paring nasehat lan pitutur kedah dipun biasaaken tanpo rumongso nggurui.
Jamaah Ingkang Dipun Rahmati Allah
Kedah kito pahami sareng-sareng maksud manfaati niku sanes manfaataken tiyang lintu. Manfaati niku mbeto kesaenan lan kebungahan dateng tiyang lintu, benten kaliyan manfaataken ingkang nyebabaken cidero, bendu lan duko.
Pramilo Kanjeng Nabi dawuh nalika disuwuni pirso kaliyan sahabat:
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF
Khutbah Jumat
Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
Tribun Sumsel
Jadwal Puasa Ayyamul Bidh Bulan Agustus 2025 - Safar 1447 H Beserta Bacaan Niatnya |
![]() |
---|
Lafal Doa Sebelum dan Sesudah Baca Surat Yasin Malam Jumat, Lengkap Mudah Diamalkan |
![]() |
---|
Bacaan Surat Yasin Latin Mudah Dibaca Lengkap Artinya PDF, Ayat 1- 83 |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Hari Kemerdekaan, Tersedia File PDF |
![]() |
---|
Teks Sholawat Hayyul Hadi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Bahasa Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.