Lebaran 2023
Materi Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H/2023 Bahasa Jawa Singkat, Ada File PDF
Artikel ini memuat materi khutbah Idul Fitri 1444 H/2023 singkat dalam bahasa Jawa, lengkap file PDF.
Penulis: Novaldi Hibaturrahman | Editor: Novaldi Hibaturrahman
Maha Mirah lan Welas Asih kanthi ajeg lan teras-terasan maringi pepeling supados manungsa mboten keba blasen mboten ngertos lan mboten sadar. Pepeling kala wau nggih `Iedul Fithri punika
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya..
Arti ngawula bekti punika ndadosaken awak kota dados kawulanipun gusti ingkang dipun kawulani. Gusti ingkang dipun kawulani mboten sanes nggih Gusti Allah. Ngawula dateng Gusti Allah mboten cekap naming ngaken dados kawulanipuin thok.
Ngawula punika kedah purun tansah nglampahi dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Tiyang ingkang sampun saged kados mekaten kawastanan “muttaqien” wong kang takwa. Lan menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi.
Tujuan punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon uger nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae. Timbang ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten sae langkung sae tilem.
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Kewajiban ngawula dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok. Ing mangka manungsa punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan Mila mesthi wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat. Punapa niku?
Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken manungsa, ngendika :
إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً ۖ
“Sak temene, ingsun bakal ndadeaken khalifah ana nduwur bumi iki.”
Khalifah tegesipun ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika. Lan kew3ajiban pokok minangka khalifah punika nyebaraken rahmat lan asih, mrataaken keadilan lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun. Mila, saestunipun, sedaya tiyang kedah ikhtiyar mriku lan mangkenipun wohing ikhtiyar ugi dpun unduh piyambak.
Nderek pangandikan Imam Abu Ishaq asy-Syirozi , ingkang langsung diparingi Rasullah saw liwat impenipun :
“Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem nggoleki slamete wong liya.”
Dados, sinten kemawon ingkang kepengin wilujeng , mboten kenging nglampahi perkawis ingkang saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes. Saged dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten adil. Sinten kepengin aman mboten kenging damel mboten amanipun tiyang sanes.
Khutbah Idul Fitri
Idul Fitri 1444 H
Bahasa Jawa
Lebaran 2023
Materi Khutbah Idul Fitri 2023
Tribunsumsel.com
PDF Teks Halal Bihalal Lebaran Idul Fitri 1444H/2023 untuk Acara di Sekolah Tingkat SD/SMP/SMA |
![]() |
---|
16 Ucapan Selamat Lebaran Ketupat 2023 dalam Bahasa Jawa, Bisa Dikirim Melalui WA |
![]() |
---|
12 LINK Twibbon Lebaran Ketupat 2023 Untuk Dibagikan Melalui Medsos, Lengkap Cara Pakainya |
![]() |
---|
3 Contoh Sambutan Acara Halal Bihalal Lebaran 2023 di Kantor, Singkat dan Berkesan |
![]() |
---|
Contoh Undangan Halal Bihalal 2023 Untuk RT/RW, Tersedia dalam Bentuk DOC Bisa di Edit |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.