Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Hari Ini 17 Oktober 2025: Amalan agar Jauh dari Api Neraka

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya,  Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita seday

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI MASJID PUTIH - Berikut ini adalah Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Hari Ini 17 Oktober 2025: Amalan agar Jauh dari Api Neraka 

TRIBUNSUMSEL.COM - Melaksanakan Sholat Jumat secara berjamaah dimasjid jadi salah satu kewajiban bagi umat muslim.

Sebelum Sholat Jumat berlangsung, umumnya para jamaah akan mendengarkan Khutbah Jumat terlebih dahulu yang disampaikan oleh khatib.

Materi Khutbah Jumat yang disajikanpun beragam, serta bahasa yang digunakan juga bisa disesuaikan dengan daerah masing-masing, seperti Bahasa Jawa.

Berikut akan Tribunsumsel.com sajikan selengkapnya contoh Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa edisi hari ini 17 Oktober 2025 yang berkesan dan penuh makna sebagai referensi.

============

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Amalan agar Dijauhkan dari Api Neraka"

Khutbah I 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُرَّةَ وَجْهِ الْعَامِ. وَشَرَّفَ أَوْقَاتَهُ عَلَى سَائِرِ الأَوْقَاتِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شهادَةَ مَنْ قَالَ رَبِّيَ اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وعَلٓى آلِهِ وأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظُّلاَمِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَتَرْكِ الْأَثَامِ. فَقَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ 

Jamaah shalat Jumat ingkang minulya, 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti Allah saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala. 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ 

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)   

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah 

Mboten keraos, wulan Ramadhan menika sampun mlebet wonten 10 dinten akhir. Mestinipun kita gadah raos sedih, amergi sekedap malih kita bakal ditilar kalian Ramadhan, wulan ingkang katah keberkahan lan kautamaan. Salah setunggale keutamaan dipun terangake saking dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw: 

إِذَا دَخَلَ رَمَضَانُ صُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ ، وَفُتِحَتْ أَبُوَابُ الجَّنَةِ ، وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ  

Artosipun: “Nalikane mlebet wulan Ramadhan, mangka setan-setan dikerangkéng, lawang-lawang swarga dibuka, lan lawang-lawang neraka ditutup,” (HR Bukhari dan Muslim). 

Saget mlebet swarga saha dipun bebaske saking geni neraka menika dados pengarep-arep sedaya manungsa. Malah, cita-cita menika, kita suwun wongsal-wangsul, kanthi asring maos dunga dhateng Gusti Allah swt:

 رَبَّنا آتِنا فِي الدُّنْيا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنا عَذابَ النَّارِ    

Artosipun: "Duh, Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kita kesaenan ana ing dunya lan akhirat. Lan mugi Panjenengan slametake kita saking siksa neraka," 

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah 

Kados dene swarga, neraka menika ugi wonten tingkatane. Wonten ing Al-Qur'an dipun sebatake nami-naminipun neraka, antawisipun wonten neraka Jahanam. Dhawuhipun Gusti Allah ana ing Surat Al-Isra' ayat 8:

 وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا 

Artosipun: "Lan ndadiake Ingsun (Allah) ing neraka Jahanam. Kanggo kunjara wong-wong kafir," 
Lajeng wonten neraka Huthamah. Yaiku neraka kanggone wong sing seneng ghibah utawa ngrasani wong liya, wong sing seneng adu-adu, lan wong sing ketipu marang sugih bandha. Kados dene keterangan wonten ing Surat Al-Humazah ayat 4-8. 
Wonten ugi neraka Saqar, kados dene keterangan wonten ing surat Muddatsir ayat 42-46, yaiku kanggo wong sing ora gelem shalat, ora gelem menehi marang wong miskin, lan ora percaya marang dina kiamat. 

Wonten ugi neraka Hawiyah utawi tingkatan neraka kang paling ngisor, yaiku kanggo wong munafik, kados dene keterangan wonten ing Surat An-Nisa ayat 145:

 اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ 

Lan tasih katah malih tingkatan-tingkatan neraka sanesipun. Ma'asyiral muslimin rahimakumullah Sedaya tingkatan neraka menika mboten wonten sing kepenak. Pramila, ampun ngantos kita sedaya saha keluarga kita dilebetake ing neraka. Gusti Allah sampun paring dhawuh:

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ 

Artosipun: "Hai, wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha ngreksaha awak-awak lan keluarga ira kabeh saking geni neraka. Kang empan-empane neraka kui, rupa manungsa kafir lan watu. Kang neraka kui dijaga malaikat-malaikat kang kasar tur keras tindakane, kang malaikat-malaikat mau ora nyulayani Allah ta'ala, tumerap apa kang den perintahake dening Allah ta'ala marang deweke,"   

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah 

Supaya kita dipun slametake saking siksa neraka, kajaba kita asring dunga nyuwun kalian Allah kanthi dunga ingkang sampun kasebat kala wau, ugi saget kelawan nindaake ibadah pasa. 

Keterangan saking hadist Kanjeng Nabi Muhammad saw, bilih pasa menika saget dados tameng lan benteng saking neraka. Amalan sanesipun, supados kita dipun tebihake saking geni neraka, kados dene keterangan hadist ingkang dipun riwayatake Imam Ahmad: 

حُرِّمَ عَلَى النَّارِ كُلُّ هَيِّنٍ لَيِّنٍ سَهْلٍ قَرِيبٍ مِنَ النَّاسِ    

Artosipun: "Dipun haramke ing atase geni neraka, yaiku saben-saben tiyang kang gadah sifat andhap asor, alus, enthengan, saha welas asih marang liyane” (HR Ahmad). 

Mugi-mugi kita sedaya kalebet ing dalem golongane tiyang ingkang dipun tebihake saha dipun bebaske saking neraka. Lan mugi kita sedaya dipun lebetake swarganipun Allah ta'ala. Amin ya Rabbal Alamin. 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ    

Khutbah II

 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا   اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللّٰهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

***

Artikel lainnya di google news.

Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved