Maulid Nabi Muhammad
Contoh Kata Sambutan Singkat Ketua Panitia Acara Maulid Nabi Muhammad SAW 2025 Bahasa Jawa
Assalamualaikum WR WB.Alhamdulillahilladi asalaa rasulihi bil huda, wadinilhaqqi liyadlhirahu aladdini kullihi fajaalahu syahida wamubassyira
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan selengkapnya contoh Kata Sambutan Ketua Panitia acara Maulid Nabi Muhammad SAW 1447H/2025 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan mudah dipahami.
______
Kumpulan Kata Sambutan Ketua Panitia acara Maulid Nabi Muhammad SAW
Assalamualaikum WR WB.
Alhamdulillahilladi asalaa rasulihi bil huda, wadinilhaqqi liyadlhirahu aladdini kullihi fajaalahu syahida wamubassyira wa nadhira, Wa da'aiya ilallahi bi idnihi wa siroja munira. Waja'ala fihi uswatun khasanata liman kana yarjullahi wal yaumil akhir wadhakarallahu kastira. Allahumma sholli wasallim wabarik alaihi wa alaa alihi waman tabiahum biihsani ilal yaumiddin wafajaralahum yunabiar rohmati warridwana tafjiro
Wonten ngarsanipun poro alim ulama, poro sepuh pini sepuh, poro ibu nyai khususipun Ibu nyai Hj. Nur Hidayah ingkang kito tenggo-tenggo fatwa ugi maidhoh hasanahipun.
Ingkang kaulo hurmati ibu Nyai Hj. minhaturrahmah, ibu nyai Hj. Nayyiroh Akhid, Ibu nyai Hj. Lu'luah Faruq, Ibu nyai Hj. Hani Muksin lan sedoyo ibu nyai ingkang mboten saget kulo sebat setunggal demi setunggal ingkang tansah kulo takdhimaken.
Ibu kepala desa karas ibu Muntohiyah ingkang kulo hurmati, sedoyo tamu undangan, sedoyo hadir muslimat ingkang kawulo mulyaaken lan dioun mulyaaken dening Allah SWT. lan mboten kesupen adek-adek kaneman, ugi segenap panitia saking jamaah tahlil lan jamaahmushola al-amir ingkang kawulo banggaaken.
Sakderengipun kawulo ngelaksanaaken punopo ingkang dados tugas kawulo, langkung rumiyin monggo sareng-sareng muji syukur wonten ngarsodalem Allah SWT biqouli "Alhamdulillahirabbil alamin" dene menopo ngantos meniko Allah tasch maringi pinten-pinten kenikmatan, khususipun nikmat iman, islam lan kesehatan sehinggo wonten kesempatan siang meniko kito saget ngrawuhi majlis ingkang insyaAllah barokah, saperlu memperingati maulid Nabi Muhammad SAW kanti keadaan sehat wal afiyat tanpo alangan satunggal punopo
Saklajengipun sholawat ugi salam kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi agung Nabi Muhammad SAW, kanti ucapan "Allahumma solli alaa sayyidina muhammad" mugi-mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafaat fiddini waddunya ilal akhiroh, amiin amiin ya rabbal alamin.
Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hurmati
Kulo ting mriki minagkani talang atur saking panitia, sepindah ngaturaken matur nuwun sanget dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun ngestuaken punopo ingkang dados undanganipun panitia. Mugi-mugi kerawuhan panjenengan wonten ing majlis meniko pikantuk ridho saking Allah SWT lan kecatet amalan saenipun.
Sak lajengipun kulo minangka wakil saking panitia ngaturaken matur nuwun sanget dumateng panjenengan atas sedoyo bantuan baik arupi material maupun non material. Panitia mboten saget bales punopo-punopo, namung saget dungaaken mugi-mugi Allah SWT bales kesaenan panjenengan sami kanti balesan ingkang sae lan sak kathah-kathahipun. "Jazakumullahu ahsanal jaza wa jazakumullah khoiron kastiron"
Mboten kesupen, ngaturaken maturnuwun kagem seluruh jamaah tahlil ugi seluruh jamaah mushola al-amir ingkang sampun mangayubagyo demi kelancaran acara meniko, mugi-mugi tansah kompak lan barokah anggenipun pengaosan rutin.
Ibu-ibu ingkang tansah dirahmati Allah
Ingkang terakhir, kawulo yakin bilih acara maulid Nabi Muhammad SAW meniko tentu kathah hal ihwal ingkang kirang nyocoki dumateng manah panjenengan sami, baik penyambutan, tempat utawi pasugatan. Pramilo kawulo minangkani wakil saking panitia nyuwun agunging pangapunten.
Poro rawuh ingkang kawulo hurmati
Mekaten saking kawulo pribadi minagkani talang atur saking panitia, nyuwun agunging pangapunten menawi wonten ingkang kirang ngresepaken dateng penggalih panjenengan samimilai awal ngantos akhir.
والله موفق إلى قواطع طارق
Wasaalamu alaikum WR. WB
Baca juga: 20 Ucapan Maulid Nabi Muhammad In English, Lengkap Arti Bahasa Indonesia, Bagikan 5 September 2025
Contoh Sambutan Maulid Nabi Singkat Padat dan Jelas (2)
ASSALAMUALAIKUM WR.WB..
Alhamdulillahi Rabbil 'Alamin, Wa Bihi Nasta'in, ala umuriddunya waddin.
Washolatuwasssalamu ala rosulillahi ajma'in, amma ba'du.
Ingkang kulo hormati kepala desa (...........) lan ugi stafipun Ingkang kulo hormati para Tokoh masyarakat desa (...........) Ingkang kulo hormati Para sepuh pini sepuh, para Pemuda pemudi dukuh Rambasan Ingkang kulo hormati BAPAK IBU sedoyo hadirin wal hadirot jamaah dalam rangka peringatan HARI BESAR ISLAM (.... Maulid ....) Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah Tahun 2025
Ingkang sepindah, langkung rumiyin monggo sesarengan kito ucapaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun amaringi katah-katah kenikmatan dumateng kito, kelawan ucapan Alhamdulillahirobbil 'alamin. lan sehinggo kito saget menghadiri acara peringatan Isro'miroj/maulid nabi Muhammad Saw. wonten Musholla (.................) ingkang mbten wonten alangan setungal punopo.
Sholawat serta salam, mugi-mugi kaunjuk dumateng kanjeng nabi akhiruzzaman inggih puniko nabi Muhammad saw. ingkang kito tenggo syafaatipun benjang wonten dinten akhir. Amin. Amin.amin ya Allah robal alamin.
Hadirin bapak ibu sekalian ingkang kawulo hormati.
Keparengo kulo jumeneng wonten mriki aminangkani talanging atur mewakili saking ketua panitia, sepindahan ngucapaken ahlan wasahlan bikhudzurikum dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun sudi angrawuhi undangan saking panitia, mugi-mugi langkah panjenengan sedoyo pikantuk ridhonipun Allah SWT.
Kaping kalihipun kawulo aturaken maturnuwun sanget dumateng sedoyo warga lan aghniyak ingkang sampun ambantu dumateng panitia, sehinggo saget telaksana acara pengaosan peringatan maulid puniko kanti sae.
Ingkang saklajengipun kawulo minangkani wakil saking panitia ngucapaken gunging pangapunten mbok bilih dalam penyelenggaraan acara meniko taseh katah kekurangan dalam segala hal, sepindah maleh kulo aturaken pangapunten sanget.
Cekap semanten atur kawula menawi wonten klinta klintu kata lan kalimat kula nyuwun pangapunten ingkang katah. Wabillahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
**
Artikel lainnya di google news.
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.
2 Contoh Teks Doa Acara Maulid Nabi Muhammad SAW 1447H/2025, Pilihan Terbaik dan Penuh Khdimat |
![]() |
---|
Kumpulan Soal Cerdas Cermat Lomba Maulid Nabi Muhammad SAW 2025, Pilihan Terbaik dan Edukatif |
![]() |
---|
60 Ucapan Maulid Nabi Muhammad SAW 2025/1447 H Pilihan Terbaik untuk Caption Medsos |
![]() |
---|
Kumpulan Kata-kata Caption Maulid Nabi 2025 2025, Cocok untuk Status IG, WA dan FB |
![]() |
---|
Link Gambar Maulid Nabi 2025 Gratis dan Bisa Diedit, Cocok Dibagikan di Medsos |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.