TRIBUNSUMSEL.COM- Hari Raya Idul Fitri 2023 merupakan momentum untuk memperkokoh iman, taqwa serta ibadah yang telah dijalani selama bulan Ramadhan lalu.
Dalam artikel ini, tersaji teks khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H/2023 dalam bahasa Jawa.
Materi khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H dalam bahasa Jawa dalam artikel ini berjudul Wangsul Dateng Fitrah atau Kembali Menuju Fitrah
Bagi Anda yang membutuhkan teks khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H bahasa Jawa versi PDF, bisa mengunduh via link aman berikut:
>>> Khutbah Idul Fitri: Wangsul Dateng Fitrah.pdf
KHUTBAH PERTAMA
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمُنْعِمِ عَلَى مَنْ أَطَاعَهُ وَاتَّبَعَ رِضَاهُ، الْمُنْتَقِمِ مِمَّنْ خَالَفَهُ وَعَصَاهُ، الَّذِى يَعْلَمُ مَا أَظْهَرَهُ الْعَبْدُ وَمَا أَخْفَاهُ، الْمُتَكَفِّلُ بِأَرْزَاقِ عِبَادِهِ فَلاَ يَتْرُكُ أَحَدًا مِنْهُمْ وَلاَيَنْسَاهُ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى عَلَى مَاأَعْطَاهُ
أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةَ عَبْدٍ لَمْ يَخْشَ إِلاَّ اللهَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِي اخْتَارَهُ اللهُ وَاصْطَفَاهُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ،
أَمّأَبَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تَقْوَاهُ وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ، وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، أَحَلَّ اللهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ، وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ، فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ وَتَمْجِيْدٍ، فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya.
Langkung rumiyin kula ngeturaken taqoballalahuminna waminkum
“Mugi Allah kersa nampi amal ibadaah saking kula lan panjenengan sedaya lan
“Mugi Allah kersa ndadosaken kita sedaya tiyang ingkang wangsul dateng fithrah (dateng asal kedadosan kita) ingkang angsal kabegjan dateng fithrah (dateng asal kedadosan kita) ingkang angsal kabegjan
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya.
Kangge duka ingkang kaping pinten, enjang punika kita saged nglampahi `Iedul Fithri. `Iedul Fithri bade tansah kedadosan malih saben tahun, mila mesti wonten hikmah utawi piwucal ingkang saged kita pendhet saking mriku. Piwucal ingkang saged kita pendet kanthi cepet inggih punika piwucal supados kita wangsul daateng fithrah kita minangka manungsa, wangsul dateng asal mula bukanipun manungsa, sinten sejatinipun lan kangge napa wontenipun.
Ingkang kawitan, fithrahipun manungsa punika makhluk ingkang dipun damel dening Gusti Allah. Mboten jalaran kita ingkang kepengin lajeng kita wujud. Ugi mboten jalaran kepenginipun bapak ibu. Nyatanipun, mboten saking kawitan kita ngertos bilih kita punika manungsa. Tunggu ngantos paling mboten pitung tahun kita nembe ngertos bilioh kita punika manungsa
Nyatanipun, kathah lare ingkang lahiripun mboten dipun kepengini bapak ibunipun, nembe lahir lajeng dipun bucal ber, utawi dipun tilar lar, utawi malah awit taksih wonten lebet wetengan, tiyang sepuhipun sampun ngupayaaken sak sagedipun bade ngguguraken. Sewangsulipun, kathah tiyang sepuh ingkang ngotot sanget supados gadhah anak ingkang mangkenipun bade dados manungsa, tah nyatanipun mboten kasil.
Dados, sepisan malih, ingkang kawitan kedah dipun sadari, manungsa, kita sedaya nggih manungsa, punika makhluk, dipun damel, dipun ciptaaken.
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya.
Wonten ingkang dipun damel mesthi wonten ingkang ndamel. Wonten makhluk mesthi wonten Al-Khaliq. Al-Khaliq nyiptaaken manungsa mesthi mboten namung iseng utawi dolanan tanpa hikmah lan tanpa tujuan. Wonten surah Al-Mu`minun 116 Allah Ta`ala ngendika :
اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ
“Terus, apa kowe kabeh ngira menawa Ingsun nyiptaaken kowe kabeh mung nggo dolanan thok? Lan menawa kowe kabeh ora arep dibalekake maring Panjenengan Ingsun?”
Mesthi mawon mboten nggih? Lajeng tujuan dipun damelipun manungsa punika kanthi cetha dipun ngendikaaken Gusti Allah wonten surat Adz-Dzariyat 56 :
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
“Lan Ingsun ora nyiptaaken jin lan manungsa kejaba supaya jin lan manungsa mau pada ngawula bekti maring Panjenengan Ingsun.”
Dados, sak sampunipun kita, para manungsa ngaku minangka makhluk, kita mboten kenging nglirwaaken tujuan kita diciptaaken, nggih punika ngawula bekti, ngibadah. Manungsa ingkang mboten purun ngawula bekti dateng Gusti Allah ingkang sampun ndamel piyambake, berarti mboten ngertos utawi mboten nyadari fithrahipun.
Amargi kathah tiyang ingkang kados mekaten, mila Gusti ingkang
Maha Mirah lan Welas Asih kanthi ajeg lan teras-terasan maringi pepeling supados manungsa mboten keba blasen mboten ngertos lan mboten sadar. Pepeling kala wau nggih `Iedul Fithri punika
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya..
Arti ngawula bekti punika ndadosaken awak kota dados kawulanipun gusti ingkang dipun kawulani. Gusti ingkang dipun kawulani mboten sanes nggih Gusti Allah. Ngawula dateng Gusti Allah mboten cekap naming ngaken dados kawulanipuin thok.
Ngawula punika kedah purun tansah nglampahi dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Tiyang ingkang sampun saged kados mekaten kawastanan “muttaqien” wong kang takwa. Lan menikalah tujuan kita didhawuhi siyam kados ingkang nembe kita lampahi.
Tujuan punika, Insya Allah, mboten mustahil saged dipun kasilaken sinten kemawon uger nalika siyam tiyang wau buka lan sauripun ingkang halal lan mboten nate ngendikan ingkang awon lan mboten nglampahi ingkang mboten sae. Timbang ngendikan ingkang awon langkung sae mendel lan timbang nglampahi ingkang mboten sae langkung sae tilem.
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Kewajiban ngawula dateng Allah keraos sanget pribadi, kangge piyambak thok. Ing mangka manungsa punika makhluk ingkang langkung remen gesang sesarengan Mila mesthi wonten kewajiban sanes ingkang murakabi dateng masyarakat. Punapa niku?
Nalika Gusti Allah bade nyiptaaken manungsa, ngendika :
إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً ۖ
“Sak temene, ingsun bakal ndadeaken khalifah ana nduwur bumi iki.”
Khalifah tegesipun ingkang nggantosi, ingkang makili. Dados manungsa dipun damel Gusti Allah minangka wakilipun Gusti wonten sak lumahing bumi punika. Lan kew3ajiban pokok minangka khalifah punika nyebaraken rahmat lan asih, mrataaken keadilan lan mujudaken raos aman dateng sedayanipun. Mila, saestunipun, sedaya tiyang kedah ikhtiyar mriku lan mangkenipun wohing ikhtiyar ugi dpun unduh piyambak.
Nderek pangandikan Imam Abu Ishaq asy-Syirozi , ingkang langsung diparingi Rasullah saw liwat impenipun :
“Sapa wonge kepengin slamet kudu gelem nggoleki slamete wong liya.”
Dados, sinten kemawon ingkang kepengin wilujeng , mboten kenging nglampahi perkawis ingkang saged damel mboten slametipun tiyang sanes, damel ruginipun tiyang sanes. Saged dipun terasaaken, sinten kepengin wontenipun keadilan mboten kenging mboten adil. Sinten kepengin aman mboten kenging damel mboten amanipun tiyang sanes.
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jama`ah shalat `Ied ingkang minulya..
Wosipun, `Iedul Fithri ngajak kita sedaya wangsul nyadari kita minangka makhluk lan manungsa, ingkang kedah ngawula bekti lan dados khalifah Allah wonten ngalam dunya punika. Mangga kita upayakaken sesarengan.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
قَالَ الله تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:
Baca juga: Teks Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1444 H/2023 Bahasa Sunda Singkat, Ada File PDF
Baca juga: Materi Khutbah Sholat Gerhana Matahari 20 April 2023 Singkat Lengkap File PDF
Baca juga: Contoh Teks Khutbah Lebaran Idul Fitri 2023, Inspiratif dan Mudah Dimengerti, Tersedia Bentuk PDF
Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news