HUT 80 RI

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Agustus 2025 Tentang Hari Kemerdekaan RI, Menyentuh Hati dan Berkesan

Alhamdulillah, kulo lan panjenengan sami-sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, nikmat Islam, lan nikma

Tribunsumsel.com/ Putri Kusuma Rinjani
ILUSTRASI KHUTBAH JUMAT - Inilah Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Agustus 2025 Tentang Hari Kemerdekaan RI, Menyentuh Hati dan Berkesan 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan selengkapnya materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa edisi 15 Agustus 2025 tentang Hari Kemerdekaan yang menyentuh hati dan penuh khidmat sebagai referensi.

=======

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Cara Mencintai Tanah Air"

Khutbah I

الحَمْدُ للهِ الّذِي خَلَقَ الخَلْقَ لِعِبَادَتِهِ، وَأَمْرُهُمْ بِتَوْحِيْدِهِ وَطَاعَتِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَكْمَلُ الخَلْقِ عُبُودِيَّةً للهِ، وَأَعْظَمَهُمْ طَاعَةً لَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبهِ.

أَمَّا بَعْدُ، أَيُّهَا الْاِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، بِامْتِثَالِ أَوَامِرِهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillah, kulo lan panjenengan sami-sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat iman, nikmat Islam, lan nikmat sehat. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, ingkang syafa'atipun kita ngentosi ing Hari Akhir.

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan dening Allah

Taqwa dhumateng Allah iku kunci kaslametan. Allah SWT dhawuh wonten Al Quran kados makaten:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

"Heh wong-wong sing iman, padha taqwalan marang Allah lan ucapna tembung sing lurus." (QS. Al-Ahzab: 70)

Taqwa ora namung ing ibadah mahdhah kados sholat lan poso, nanging ugi ngeliputi saben tindak tanduk kita ing urip bermasyarakat lan bernegara. Salah siji wujud nyata saka taqwa yaiku tresno marang tanah air.

Rasa tresna marang tanah kelairan punika sifat fitrah sing wis ditandur dening Gusti Allah dhumateng saben manungsa. Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wasallam piyambak ngraosaken tresna kang jero marang Makkah, kutha kelairanipun. 

Nalika piyambakipun dipun paksa ninggal kutha mau kanggo hijrah dhateng Madinah, atine kebak rasa kangen lan tresna. Allah banjur paring wahyu:

إِنَّ الَّذِي فَرَضَ عَلَيْكَ الْقُرْآنَ لَرَادُّكَ إِلَى مَعَادٍ

Halaman
123
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved