Hari Kemerdekaan Indonesia

Kumpulan Teks Pidato Hari Kemerdekaan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Bangkitkan Semangat

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,  Sugeng enjing lan salam sejahtera kagem kita sedaya ingkang sampun rawuh dhateng papan ngriki dinten pun

Google Gemini AI
ILUSTRASI PIDATO KEMERDEKAAN - Inilah Kumpulan Teks Pidato Hari Kemerdekaan 17 Agustus dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Bangkitkan Semangat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan selengkapnya contoh teks Pidato Hari Kemerdekaan dalam Bahasa Jawa yang singkat dan penuh makna untuk dibacakaan saat 17 Agustus 2025.

_________

Kumpulan Teks Pidato Hari Kemerdekaan dalam Bahasa Jawa

#Pidato Kemerdekaan - 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, 

Sugeng enjing lan salam sejahtera kagem kita sedaya ingkang sampun rawuh dhateng papan ngriki dinten punika. Mugi-mugi kita sedaya ingkang rawuh dhateng papan ngriki tansah pinayungan welas asihipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. 

Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kula hormati, bapak/ibu guru, saha staf karyawan sekolah ingkang kula hormati, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. 

Kagem pambukaning adicara dinten punika, sumangga kitasesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, inggih Gusti Ingkang Maha Tunggal, awit namung saking palilahipun tuwin kawelasanipun kita saged kempal dhateng papan ngriki kanthi jangkep tanpa kekirangan setunggal punapa. 

Salejingipun sumangga kita tansah ndedonga mugi-mugi sholawat saha salam tansah katur kagem junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos dhateng dinten kiyamat mangke. 
Dhateng titi wanci punika, kula badhe ngaturaken agunging panuwun amargi tansah dipunpercados kagem paring sekedhik sesorah ngenani pengetan ambal warsanipun republik Indonesia. 

Para rawuh, kita sedaya sami sampun mangertos menawi sagedipun negari ingkang kita trenani nggayuh kamardhikanipun menika boten gampil. Para pahlawan ngantos nglilaken ngurbanaken jiwa ugi raganipun kagem mujudaken kamardhikanipun nagari Indonesia. 

Senaosa samenika Indonesia sampun nggayuh kamrdhikan. Boten ateges kita namung mangku asta. Kita kedah ngupaya manut kasagedanipun piyambak-piyambak supados kamardhikan ingkang sampun kaupayakaken dening para pahlawan saged kaisi dening samubarang ingkang becik. 

Kathah sanget tumindak becik ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan. Contonipun wiwit saking nresnani sapadha, ngurmati sedaya pambeda, dumugi boten tumindak korupsi, estu menika tumindak sae ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan. 

Ing perangan sanes, dhateng adicara punika, sumangga kita sesarengan ngemut-emuyt sedaya lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun pralaya tanpa nate saged ngraosaken endahe gesang dhateng alam mardhika. 

Saking cathethan sejarah, kita saged sinau kados pundi kucemipun kahanan negara kita nalika taksih kajajah dening bangsa eropa ugi bangsa nipon. 

Samesthinipun kita boten kepingin kahanan kucem kados mekaten dumados malih. Salah satunggiling cara supados bangsa kita boten kajajah. Kita tansah kedah nguripaken semangat nasionalisme sarta ngraketaken lawening paseduluran marang sinten kemawon tanpa perduli marang ras, agama, ugi suku. 

Kanthi kagungan persatuan ing rumaket. Kita bakal boten gampang didamel crah dening pihak ingkang kagungan watak culika. Kula kinten cekap semanten rumiyin. Menawi wonten kirang langkung anggen kula matur. Kula nyuwun agunging pangaksami. 

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

___

#Pidato Kemerdekaan - 2

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,

Ingkang tansah kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP XXXXXXX

Para Bapak/Ibu guru dan staf, ing kula khurmati saha para mitra teman-teman ingkang kula tresnani.

Kapisan, sumangga sesarengan tansah kita konjukaken raos puji sokur ig ngarsanipun Gusti Allah awit namung saking kawelasan saha asihipun kita saged kempal dhateng adicara pengetan dinten kamardikan Indonesia ing dinten punika kanthi boten kekirangan setunggal punapa.

Dinten punika surya 17 Agustus 2025, kita bangsa Indonesia nindakaken pengetan ambal warsanipun nagari ingkang sanget kita tresnani ingkang kaping 79.

Minangka generasi mudha, kita kagungan lelabuhan ingkang wigati kagem njagi sarta ngisi kamardhikan menika kanthi tumindak ingkang mupangati.

Sampun ngantos kita ngisi kamardhikan punika kanthi tumindak ingkang kirang prayogi kados ta cecongkrahan klawan sedherek piyambak, damel riyakipun lingkungan, utawi ngina kapitayan sedherek sanes.

Dhateng pengetan ambal warsanipun Indonesia ingkang kaping 80 punika, kita kedah tansah kemutan menawi kita ingkang gesang dhateng Indonesia kedah ngecakaken nile-nile bhineka tunggal ika dhateng gesang saben dinten.

Kita kedah saged khurmat kagem sedayaning beda sarta kita kedah percados menawi salah satunggiling cara supados kamardhikanipun bangsa Indonesia saged lestari kanthi ngraketaken paseduluran tumrap sedaya warga negara Indonesia.

Ing perangan sanes, lumantar semangat bhineka tunggal ika. Kita para generasi mudha kedah saged dados generasi ingkang optimis kagem ngadhepi sedaya tantanganipun jaman. Sampun ngantos dados pribadhi ingkang gampil nglokro utawi minderan.

Kita kedah percados menawi kita menika pancen mujudaken generasi ingkang dipungadhang dening para pahlawan supados ndadosaken nagari Indonesia dados salah satungiling negari ingkang makmur ing dinten-dinten ngajeng.

Kagem mujudaken gegayuhanipun para pahlawan ingkang mekaten. Kita tansah kedah sinau sarta berjuang supados saged dados pribadhi ingkang langkung sae tinimbang dinten wingi.

Kula kinten cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken.

Wassalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.

___

#Pidato Kemerdekaan - 3

Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

____

#Pidato Kemerdekaan - 4

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ibu Kepala SMA ....... ingkang kula hormati
Bapak/Ibu guru ingkang kula hormati
Adik-adik kelas ingkang kula tresnani

Puji syukur katur ing ngarsanipun Gusti Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, kabaswarasan dhumateng kula panjenengan sedaya, saengga kula lan panjenengan saged makempal ing papan panggenan menika kangge ngelaksanakaken acara Kemerdekaan 17 Agustus.

Ing dalem wekdal ingkang berbahagia niki monggo kita sedaya raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki.

Kita sedaya selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kita isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saged manunjang kualitas kita sedaya, antawisipun inggih menika arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintu nipun.

Kita kedah nyumerapi Allah SWT. nyiptakaken manungsa wonten ing donya niki supaya mados sangu ing kebebasan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dhumateng kesasehan.

Merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan.

Milo saking niku, Insya Allah kelawan ngelampahi dados niku negasi bade langkung cepet nuju ingkang dipun dicita-citakaken dados negari ingkang aman lan tentrem, adil, makmur, lan sejahtera.

Wasana cekap semanten atur kula, bok bilih wonten lepating atur kula nyuwun pangapunten. Mugi tansah rahaya ingkang sami pinanggih kali sing rureda.

Mugiyo kita sedaya saged ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan.

Akhiru kalam
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

**

Artikel lainnya di google news.

Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved