Jumat Agung

Materi Khotbah Jumat Agung 18 April 2025 Bahasa Jawa, Khidmat dan Mengandung Pesan Rohani

Pambuka: Nalika punapa kita mahargya katresnan? Nalika pahargyan punika, kita asring matur “ndherek bingah; sugeng mbangun katresnan; lan sanes-sanesi

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI PENYAMPAIAN KHOTBAH JUMAT AGUNG 2025 - Materi Khotbah Jumat Agung 18 April 2025 Bahasa Jawa, Khidmat dan Mengandung Pesan Rohani 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi Khotbah Jumat Agung pada 18 April 2025 dalam Bahasa Jawa penuh khidmat dan mengandung Pesan Rohani yang menyentuh, resmi dilansir dari laman Greja Kristen Jawi Wetan (17/4/2025).

_______

Contoh Khotbah Jumat Agung 2025

Salib Itu Tanda Cinta-Nya

Pambuka

Nalika punapa kita mahargya katresnan? Nalika pahargyan punika, kita asring matur “ndherek bingah; sugeng mbangun katresnan; lan sanes-sanesipun. Punika dinten tuwuhipun raos sokur ingkang mawujud ing lampah ingkang murugaken kabingahan. Tiyang ingkang saweg “jatuh cinta”, mesthi bingah. 

Tiyang ingkang saestu tresna, limrahipun badhe nindakaken punapa kemawon demi tresna punika. Ingkang nresnani rumaos bingah, ingkang dipun tresnani mekaten ugi. Ngraosaken kabingahan ingkang sami.

Kadospundi kaliyan Jumat Agung? Punapa miturut kita dinten punika saged kawastanan minangka dinten pahargyan katresnan? Inggih, punika dinten kebak katresnan, ageng, lan wetah. 

Nanging, punika dinten Gusti Yesus sinalib lan seda? Inggih, salib punika dados timbalan lan pilihan Gusti Yesus, margi tresnanipun Gusti Yesus dhumateng donya.

Isi

Milai wiwitan, menawi kita nggatosaken Yokanan 3:16, kita mangertos bilih rawuhipun Gusti ing ndonya punika karana agenging sih katresnanipun. Kangge punapa? Supados tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun, ingkang nampi katresnanipun Gusti kaparingan gesang langgeng, sanes karisakan. Saestu mbingahaken margi katresnan punika. 

Nanging, punapa punika margi ingkang gampil? Utawi punika lampah ingkang awrat? Kangge mangsuli pitakenan punika, sumangga ningali gesangipun Sang Kristus, Sang sumber katresnan anggenipun lumampah ing margi katresnanipun punika.

Yokanan nedahaken bilih tiyang Yahudi ingkang saestu drengki dhumateng Gusti Yesus, nempuh maneka warni cara supados Gusti Yesus saged kasingkiraken lan dipun sedani kanthi kasalib. Tamtunipun, punika tiyang ingkang pitados dhumateng Yehuwah lan setya nindakaken Toret, nanging tumindakipun arupi paniksa lan sangsara punika saestu nggegirisi. 

Tiyang punika kepengin gesang suci ing ngarsanipun Gusti, ngantos rila mboten mlebet ing gedhong pangadilan, nalika Gusti Yesus kaladosaken. Piyambakipun rila wonten ing njawi supados mboten najis mapag riyadin Paskah, saengga Pilatus ingkang wongsal wangsul medal rembagan kaliyan tiyang Yahudi punika. Ketingalipun saestu mursid, nanging tanpa katresnan. Njagi dhiri supados suci, nanging malah mbengok supados Sang Kristus kasalib.

Ketingalipun, wonten sekedhik raos tresna ing Pilatus, nalika piyambakipun blaka kanthi dhawuh kaping tiga “yen miturut panemuku, wong kuwi ora salah apa-apa” (Ay. 38b, 4 dan 6). 

Nanging, tumindak blaka punika murugaken raos mboten aman minangka wali negeri karana kathah tiyang saged matur dhateng Kaisar karana Pilatus nguwalaken tiyang ingkang badhe makar. Menawi piyambakipun manut pepenginanipun tiyang kathah ingkang mbengok supados Sang Kristus kasedani, piyambakipun inggih ajrih. Kados kaadili dening batinipun piyambak, bilih Gusti Yesus punika mboten lepat. Punapa malih, tiyang Yadusi paring paseksi bilih Yesus punika Putraning Allah, Pilatus tansaya ajrih (Ay. 7-8). 

Nanging, tumindak leres Pilatus punika ngadhepi tantangan ageng ingkang murugaken piyambakipun ndhawuhi para prajuritipun kangge mecuti Gusti Yesus lan mapanaken Yesus kadosdene ratu kanthi ngagemaken makutha eri, jubah wungu nuli Gusti Yesus dipun kamplengi.

Punapa ingkang katampi dening Gusti Yesus punika wujudaken pamecanipun Nabi Yesaya bab abdi ingkang nistha kanthi rupa kang risak. Pangangkahipun Pilatus, menawi wedananipun Gusti Yesus sampun kados mekaten badhe ngendheg tiyang Yahudi supados mboten nuntut sedanipun tiyang ingkang mboten lepat punika. Pranyatanipun mboten, para tiyang Yahudi punika malah mbengok “Kasaliba, Kasaliba!” ing saknjawinipun gedhong pangadilan. 

Punika tantangan ingkang dipun adhepi dening Gusti Yesus ing margi katresnan. Ngadhepi serangan punika, Panjenenganipun mendel. Punapa Gusti Yesus kendel lumampah, mboten siyos nandukaken katresnanipun dhumateng manungsa? Mboten. Kadosa pundi agengipun prahara ingkang tinempuh, Gusti Yesus mantep lumampah ing margi katresnan punika senaosa salib ingkang badhe katampi.
 
Panjenenganipun ngadhepi piyambakan, nanging kanthi manah ingkang yakin estu bilih punika margi ingkang yekti. Margi kasangsaran ingkang kaadhepi demi agenging katresnan-Ipun dhateng manungsa, ingkang mokal saged wilujeng karana pambudidayanipun piyambak.

Salib punika margi katresnan, senaosa dados lelampahan ingkang mboten gampil dan saestu rumpil. Nanging, Gusti Yesus ngadhepi kanthi setya tuhu ngantos paripurna. Senadyan punika margi ingkang sepi karana kathah tiyang ingkang mboten sumadya tut wingking Panjenenganipun. 

Gusti Yesus punika sosok abdinipun Gusti ingkang sangsara karana mujudaken rancanganipun Allah kanthi paripurna senadyan sangsara ingkang katampi. Rancangan katresnanipun Allah ngentas manungsa saking gesang ingkang peteng, kebak dosa, lan nyingkur Gusti Allah. Kasangsaran ingkang katampi dening Gusti Yesus demi ancasan ingkang langkung ageng lan mulya, inggih punika nresnani gesang kanthi sampurna.

Mila, minangka tiyang ingkang sampun kaparingan katresnan mulya, panyerat kitab Ibrani ngengetaken bilih kita katimbalan mandeng salibipun Sang Kristus, Sang Ratu. Ing satengahipun panandhang, piyambakipun paring panglipuran lan kakiyatan bilih tiyang ingkang pitados Gusti punika mboten perlu kuwatos. Panjenenganipun minangka Imam Agung saestu nyarengi gesangipun tiyang pitados. 

Panjenenganipun ugi Sang Ratu ingkang ngosongaken dhiri kanthi ngraosaken karingkihan lan panandhangipun manungsa. Minangka Imam Agung, Gusti Yesus mbereg kita dhumateng Gusti Allah ingkang paring kawilujengan sejati lumantar Sariranipun ingkang kinorbanken. Pramila, umat Kristen kaatag tansah semangat lan setya tuhu ngeneraken dhiri tumuju ing kamursidan nulad Sang Kristus.

Panutup

Kadospundi kaliyan gesang kita samangke? Punapa wonten momotan, karibedan lan margi rumpil ingkang kita sebat minangka salib punika saweg kita alami?
 
Pahargyan katresnan ing Jumat Agung punika ngengetaken kita, bilih Kristus Sang Ratuning jagad punika saestu nresnani kita kanthi wetah lumantar salib. Salib punika tanda tresnan-Ipun. Mila, sumangga mandeng salibipun Gusti lan ngraosaken lumubering katresnanipun Gusti. 

Kamanungsan kita asring mboten saged kuwagang ngadhepi karibedan. Kanthi mandeng Salib punika, kita badhe ngraosaken gesang ingkang mboten ijenan. 

Sarira lan Rahipun Gusti Yesus ingkang kaparingaken dhumateng kita lumantar bujana suci punika minangka pangajeng-ajeng lan kakiyatan ingkang nyatunggilaken kita kaliyan Sang Kristus. 

Pramila, senadyan mboten gampil lumampah kanthi setya tuhu ing satengahipun prahara, kita lumampah sinarengan Sang Kristus. 

Panjenenganipun sampun nglangkungi margi kasangsaran lan manggul salib kanthi setya, Panjenenganipun ugi ingkang badhe nulungi kita manggul salib lan momotan kita.

Gesang samangke mbokmenawi ewet lan awrat kangge tiyang ingkang nulad Sang Kristus. Sampun kendel lan nglokro. Tansah lumampah mengajeng kanthi jejeg lan batos ingkang tenang. 

Tansah mandeng salibipun Gusti. Panjenenganipun ingkang kasalib ing Jumat ingkang agung punika, sinarengan sadaya tiyang ingkang setya. 

Mangga kita tansah yakin, kita mboten piyambakan ing margi katresnan punika. Mangga kita tansah nulad Panjenenganipun kanthi setya lan bingah, kanthi andum katresnan lan kabingahan ing gesang. Amin.

***

Artikel lainnya di google news.

Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.

Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved