Ramadan 2025
3 Teks Kuliah Tujuh Menit atau Kultum Ramadhan 2025 Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Khidmat
Berikut ini akan disajikan contoh Teks Kuliah Tujuh Menit (Kultum) Ramadhan 2025 dalam Bahasa Jawa yang singkat, penuh makna dan khidmat untuk digunak
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan contoh Teks Kuliah Tujuh Menit (Kultum) Ramadhan 2025 dalam Bahasa Jawa yang singkat, penuh makna dan khidmat untuk digunakan sebagai referensi ragam kegiatan di sekolah, masjid hingga organisasi.
_____
Contoh Teks Kultum Ramadhan Bahasa Jawa
#Teks Kultum Ramadhan (1)
"Amalan Sunnah di Bulan Puasa"
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ
Jemaah ingkang minulyo.
Sadaya puji kagunganipun Allah subhanahu wa ta'ala. Allah sampun paring rahmat saha kanugrahanipun, saengga kita sami kaparingan kalodhangan ngrawuhi majelis ingkang tansah pinaringan barokah.
Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun.
Kita ugi aturaken sholawat saha salam dumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam. Nabi Muhammad ingkang nabi akhir zaman ugi dados tuntunan umat manungsa supados slamet wonten ing dunyo lan akhirat.
Sedaya jemaah ingkang minulyo.
Wekdal lumampah kados dene kita sampun mlebet minggu kepisan kalih wulan Ramadhan. Kawajiban umat Islam nindakake pasa sampun kaandharaken wonten ing sabdanipun surat Al-Baqarah ayat 183:
"Yā ayyuhallażīna āmanụ kutiba 'alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba 'alallażīna ming qablikum la'allakum tattaqụn."
Artinipun,"Wahai orang-orang yang beriman! Diwajibkan atas kamu berpuasa sebagaimana diwajibkan atas orang sebelum kamu agar kamu bertakwa."
Saklajengipun, kautaman wulan siyam inggih menika wulan penebus dosa. Wonten ing satunggaling hadis, Rasulullah ngendika:
Jarak antarane shalat limang wektu, shalat Jum’at lan pasa Jum’at lan Ramadhan sabanjure karo Ramadhan sabanjure minangka penebus dosa-dosa sing ana ing antarane, yen panjenengan ora nindakake dosa gedhe,” (HR Muslim).
Pramila sumangga kita tansah ngginakaken kalodhangan punika kanthi nambahi amal ibadah. Sumangga kita ngisi 10 dinten ingkang kaping setunggal kanthi nambahi amalan ibadah sunnah sanesipun supados pikantuk kamulyaning wulan Ramadhan saking Allah SWT.
Lajeng menapa ingkang saged kita tindakaken kangge nyuwun pangapunten dhumateng Allah? Ing antarane tumindak kasebut yaiku nambahake shalat wengi, sedekah, lan sakpiturute.
Ora mung Tarawih kang bisa dileksanakake ing masjid-masjid. Kito uga bisa ditambahi shalat-shalat liyane, kayata salat tobat, tasbih, tengah wengi ing telung wengi akhir, lan adat ditutup karo solat witir.
Kajaba iku, kita bisa nambahi donga ing wulan Ramadhan. Donga kanggo awake dhewe, wong tuwa, guru, sedulur lan sedulur liyane. Kita ugi saged maos Al-Qur’an lan dzikir supados pikantuk ganjaran ingkang kathah saking Allah.
Mekaten kultum saking kulo. Mugi-mugi atur kula menika wonten manfaatipin kagem kito sedaya.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
___
#Teks Kultum Ramadhan (2)
"Bersyukur"
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Bismillaahirrahmaanirrahiim...
إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيّدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Allah Swt. ingkang tansah paring pitulungan dhumateng kita sedoyo, lan paring pangayom saking tumindak ingkang awon. Sinteng ingkang katuntun dening Allah, mboten wonten ingkang saged nyasaraken. Sinten ingkang nyimpang saking merginipun Allah, mboten wonten ingkang saged nuntun kajaba Gusti Pangeran.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. sesarengan kaliyan keluarga, sahabat, lan umat Islam ingkang ndherek panjenenganipun ngantos dinten kiyamat. Amma ba'du...
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Wonten ing wulan Ramadhan ingkang suci punika, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Kathah berkah saking Allah dhumateng kita piyambak. Contonipun, ingkang sepisan, nikmat ingkang kedah kita syukuri inggih menika dipun paringi umur lan kesehatan saged nemoni wulan Ramadhan.
Ramadhan punika wulan ingkang kebak kamulyan, berkah, saha maghfirah saking Allah Swt. Wonten riwayat saking Abu Hurairah ra. bilih Rasulullah SAW. dhawuh mekaten:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ (سنن النسائي الجزأ 7 ص.
Artosipun:
"Saka sahabat Abu Hurairah ra., bilih Rasulullah sampun ngendika: Satemene wulan Ramadhan wis teka marang sira, wulan kang kebak berkah, ing sasi iku Allah SWT ngwajibake sira padha siyam. Ing sasi iku, lawanging swarga dibukak, dene lawanging neraka ditutup lan setan-setan dibelenggu. Ing sasi iku ana wengi kang luwih becik tinimbang sewu wulan," (H.R. An-Nasa’i).
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Tuladhanipun kanugrahan ingkang kaping kalih ingkang kedah dipun syukuri inggih menika dipunparingi kekiyatan lan kesehatan kangge nindakaken siyam. Puasa ramadhan menika mujudaken amalan kagem tiyang ingkang taqwa. Gusti Allah Swt. wonten ing surat Al-Baqarah ayat 183 dhawuh mekaten:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
Artinya:
"He wong-wong kang padha iman, sira diwajibake pasa kaya kang diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira padha taqwa,"(QS. Al-Baqarah [2]: 183).
Kajawi saking kalih tuladha ing nginggil, taksih kathah kanikmatan sanèsipun ingkang kedah dipun syukuri ing wulan Ramadhan, kadosta dipun pangapunten dosa-dosanipun, dipun inggilaken drajadipun, ugi dipun angkat kesarasan rohani lan jasmani.
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Mekaten kultum ingkang saged kula udharaken. Mugi saged mbeta berkah kagem kita sedanten. Ugi, mugi Allah SWT. rida dhumateng sedaya amalan ingkang kita lampahi. Aamin aamin ya rabbal alamin.
وَاللهُ المُوَفِّقُ إِلَى أَقْوَمِ الطَّرِيقِ
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
____
#Teks Kultum Ramadhan (3)
Monggo sami taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah, Amiin.
Wonten lebete poso wulan Ramadhan katah kesaenan ingkang saget diunduh.
Miturut Al-Qur'an bilih hikmahe poso nggih meniko supados kito langkung taqwo dumateng Allah.
Wonten surat al-Baqarah dipun dawuhake:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Artosipun:
"Hai wong-wong kang podo iman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wis diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)"
Saking meniko kito ingkang sampun mbiasa'aken ibadah poso saben wulan Ramadan punika ampun ngantos poso kito namung ngempet dahar lan ngunjuk kemawon.
Nanging kedah saget nambahi taqwo kita dateng Allah.
Kranten katah tiyang ingkang ngelampahi poso namung angsal ngelak lan luweh, kranten mboten saget nggayuh hikmahe poso. Kanjeng Nabi dawuh:
عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر (رواه النسائي)
Artosipun:
"Saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pinten-pinten tiyang poso mboten angsal ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pinten-pinten tiyang sholat wengi mboten angsal ganjaran kejobo ngelilir wengi kemawon (HR An-Nasa'i)."
Milo, poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani.
Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso ingkang dados kesenengane howo nafsu.
Pramila poso kita ampun ngantos namung nahan tutuk saking perkawis ingkang lumebet kemawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko njogo tutuk saking perkawis ingkang awon, kados guneman olo, adu-adu, rasan-rasan lan goroh.
Hikmah lintune, poso Ramadhan ndidik kita supados ningkataken sifat kumawula kanti amal ibadah soho amal sosial, kerono saklebetipun wulan Ramadhan kito mboten namung poso kemawon.
Ananging ugi ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur'an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saget kita raosaken, saget meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan.
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Kedah dipun mangertosi bilih supados poso kita saget ngasilaken ganjaran, kito kedah mangertosi nopo ingkang dados syarate angsal ganjaran.
Antawisipun syarate nggih meniko buko poso kanti dahar ingkang halal.
Menawi buko kanti daharan ingkang haram, mongko mboten bakal angsal ganjaran, malahan panyuwunane bakal mboten dipun ijabahi lan bakal angsal dukone Gusti Allah.
Sejatose tiyang ingkang poso niku kados tiyang berjihad, artosipun bilih tiyang mu'min ing wulan Ramadhan ngelampahi jihad kaleh, inggih puniko:
1. Jihad kangge piyambake ing wekdal rahino kanti nindakkaken puasa.
2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam, kados tarawih, tahajud.
Sinten mawon ingkang saget ngelampahi jihad kaleh kasebat lan netepi sabar. Insyaallah bakal dipun paringi ganjaran saking ngersane Gusti Allah.
Akhiron, monggo kito cancut taliwondo, ngguna'aken poso Ramadhan kanti sae lan nggadahi makno, soho ngasilaken hikmah ingkang katah tumrap kita sedoyo, soho ditompo wonten ngersanipun Allah
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
**
Artikel lainnya di google news.
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.
Bacaan Doa Akhir Ramadhan dan Doa 1 Syawal, Ya Allah Jangan Jadikan Ramadhan ini Terakhir Bagiku |
![]() |
---|
Arti Allahumma Lakal Hamdu Anta Qayyimussamawati Wal Ard Bacaan Doa Perpisahan dengan Bulan Ramadhan |
![]() |
---|
Bacaan Dzikir dan Doa Jumat Terakhir Ramadhan 2025 Beserta Amalan Lain yang Bisa Dikerjakan |
![]() |
---|
Bolehkah Tidak Membayar Zakat Fitrah Karena Tidak Punya Uang? Ini Hukumnya Menurut Islam |
![]() |
---|
Niat Zakat Fitrah Untuk Diri Sendiri dan Keluarga Lengkap, Waktu Pembayaran Zakat Wajib hingga Haram |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.