Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 20 September 2024, Singkat dan Bermakna, Ada PDF
Berikut akan disajikan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 20 September 2024, yang menyentuh dan penuh makna untuk dibagikan kepada sesama
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Hadis meniko negesaken bilih maos Al-Quran niku setunggale ibadah paling mulyo, kranten katah amal ibadah lan amal kesaenan dipun sebataken wonten Al-Quran, kados wajibe shalat, wajibe zakat, agawe bagus marang tiyang sanes. Dungo tasbih lan waosane tiyang ingkang shalat niku mundut saking Al-Quran, kadose dene surat Al-Fatihah. Menawi mboten maos Al-Fatihah, shalate batal.
Wonten setunggal hadis malih ingkang dipun riwayataken Abdullah bin Mas’ud:
قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا، لَا أَقُولُ ألم حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ
Artosipun: Kanjeng Nabi dawuh, sopo wonge maos setunggal huruf saking Al-Quran, mongko bakal pikantuk setunggal kesaenan, lan setunggal kesaenan niki dipun tikelaken kelawan sedoso kesaeanan ingkang madani. Tegese ingsun ora maos Alif Lam Mim setunggal huruf, ananging alif niku setunggal huruf, lam setunggal huruf, mim setunggal huruf (HR. Tirmidzi)
Wonten kitab Kifayatul Atqiya dipun pertelaaken bilih maos Al-Qur’an ibadah paling sae:
تِلاَوَةُ القُرآنِ العَظِيْمِ مِنْ أفضَلِ العِبادَاتِ وأعْظَمِ القُرُباتِ وأجَلِّ الطاعاتِ وَفيْهَا أجْرٌ عَظِيمٌ وثَوَابٌ كَرِيْمٌ
Artosipun: Maos Al-Qur’an iku minongko dados salah setunggale ibadah paling unggul lan penggawe ngeparek lan ngabekti marang Allah paling agung. Serto maos Al-Quran saget pikantuk ganjaran agung lan mulyo.
Jamaah Jumat Ingkang Sami Minulyo
Katah sanget fadilahe maos al-Quran, antawisipun nggih meniko saget paring pituduh tumuju dalan ingkang lurus, atine adem, kados ingkang dipun dawuhaken Gusti Allah:
وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ تِبْيَانًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً وَّبُشْرٰى لِلْمُسْلِمِيْنَ
Artosipun: Lan ingsun turunaken al-Quran marang siro saperlu gawe njelasaken saben perkoro lan dados pituduh (marang dalan lurus/haq), rohmat ugi bebungah kanggo wong Islam. [QS. An Nahl: 89].
Lajeng Al-Quran nggih saget nyafaati dumateng tiyang ingkang remen maos Al-Quran. Pramilo Kanjeng Nabi dawuh:
اقْرَءُوا الْقُرْآنَ؛ فَإِنَّهُ يَأْتِي شَفِيعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ لِصَاحِبِهِ
Artosipun: mocoho Al-Quran, mongko saktemene Al-Quran bakal paring syafaat marang wong sing moco Al-Quran, sesok ing dino kiamat (HR. Ahmad)
Sinaoso mekaten, ampun ngantos kito supe kaliyan tata kramane maos Al-Quran, kados suci awake, panggenane, ngadep kiblat, nutup aurat, ndredeg nalikane maos ayat ingkang mertelaaken sikso lan bungah nalikane maos ayat ingkang mertelaaken nikmate Gusti Allah.
Pramilo, monggo kegiatan kito saben dinten dipun isi kelawan maos Al-Quran, taqarrub marang Gusti Allah, angen-angen maknone ayat Al-Quran. Mugi-mugi kito saget istiqomah, ajeg maos Al-Quran sehinggo mbenjeng pikantuk syafaatipun. Amiin.
ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ: والعَصْرِ، إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَفِى خُسْرٍ ، إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوْا بِٱلْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِٱلصَّبْرِ
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF
Tribunsumsel.com
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Dzikir dan Doa Jumat Sore Setelah Sholat Ashar, Lengkap dengan Tulisan Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Materi Khutbah Jumat Menyambut Rabiul Akhir 1447 H yang Berkesan dan Khidmat, Ada PDF Disini |
![]() |
---|
Bacaan Doa dan Zikir Al Jabbar, Lengkap Tulisan Latin Serta Terjemahannya |
![]() |
---|
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Bulan Rabiul Awal, Singkat dan Mudah Dipahami |
![]() |
---|
Jawaban Jazakallahu Khairan/Jazakillahu Khairan, Ucapan Terimakasih Bahasa Arab |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.