Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Tentang Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Makna, Ada PDF
Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat tentang bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa yang singkat dan menyentuh hati, tersedia juga dalam format
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan naskah Khutbah Jumat tentang bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa yang singkat dan menyentuh hati, tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link dibawah ini.
- Unduh PDF: Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
_____
"Peristiwa Penting Ing Wulan Dzulqa'dah"
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي أَصْلَحَ الضَّمَائِرَ ، وَنَقَّى السَّرَائِرَ ، فَهَدى الْقَلْبَ الْحَائِرَ اِلَى طَرِيْقِ أَوْلَى الْبَصَائِرَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْعِزَّة وَالْبَصِيْرِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه نَبِيُّ الْمُصْطَفَى الْفَقِيْر ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحمَّدٍ خَاتَمِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jamaah Jumat rahimakumullah.
Monggo kito sami ningkataken takwo lan taat dumateng Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon kawontenan, rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.
Kedah kito mangertosi bilih Gusti Allah paring kamulyan arupi iman lan akal dateng menungso supados unggul ketimbang makhluk lintune.
Ugi panggenan lan wekdal ingkang dipun lampahi menungso nggadah kautaman ketimbang makhluk lintu. Antawisipun wekdal ingkang nggadahi kautaman nggih meniko wulan dzul qa’dah.
Gusti Allah dawuh wonten surat Isra’ ayat 70:
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا
Artosipun: Lan temen wis ingsun mulyaaken anak putu Adam lan ingsun angkut ono ing daratan lan laut, lan ingsun wis paring rezeki saking bahan kang sae, lan ingsun unggulake ngungkuli makhluk lintune kelawan keunggulan tenanan.
Hadirin Jamaah Jumat ingkang Bahagio
Ayat meniko miturut sebagian ahli tafsir dipun jelasaken bilih Gusti Allah sampun paring kamulyan dateng menungso (tedak turune Nabi Adam), nggih meniko golongane menungso ingkang pinaringan kedadiyan ingkang sae; fisik, akal, manah, hinggo pikantuk ilmu pengetahuan katah.
Lajeng menungso dipun angkat wonten darat lan laut kelawan nitih kendaraan kados unto, jaran, kapal lan sakpitungggalane.
Lan Gusti Allah paring rezeki saking bahan utawi sumber ingkang sae kados daharan lan inuman ingkang rupo lan jenise katah; legi, kecut, seger, lezat. Lan Gusti Allah paring kautaman kagem menungso tenimbang makhluk lintu wonten alam dunyo meniko.
Gusti Allah dawuh wonten surat at-Taubah, 36:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
Artosipun: Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas wulan, miturut pepestene Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, ing antawisipun wonten sekawan wulan ingkang dimulyaaken.
Setunggale hadits Sahih Bukhari riwayat Abi Bakrah mertelaaken sekawan wulan ingkang mulyo:
عَنْ أَبِي بَكْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ الزَّمَانَ قَدْ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ اللَّهُ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضَ السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ثَلَاثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِي بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ
Artosipun: Riwayat saking Abi Bakrah saking Kanjeng Nabi, saktemene zaman iku muter koyok dene bentuk awale nalika Gusti Allah nyiptaaken langit lan bumi. Setahun iku ono rolas wulan, antawisipun ono sekawan wulan mulyo, telung wulane jejer urut, yakni Dzulqa’dah, Dzul hijjah, Muharram, lajeng setunggal wulan ingkang kepisah, wulan Rajab (mudor) ingkang dumawah antawisipun Jumadil Akhir lan Sya’ban.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Sakmeniko kito wonten ing lebete wulan Dzulqa’dah, setunggale wulan ingkang kecatet mulyo lan dados wulan persiapan tumuju maring wulan haji (dzul hijjah).
Menopo wulan meniko dipun wastani mulyo? Kranten ing wulan meniko umat Islam sedoyo sami ninggal perang lan khusuk ibadah marang Allah.
Dzul qa’dah saget diwastani dzul qu’ud artose tiyang ingkang lungguh ninggalaken perang keranten sami bade ketungkul ibadah, nggih meniko ibadah haji. Pramilo dipun susul kaliyan wulan dzul hijjah. Gusti Allah paring dawuh ing surat Al-Baqarah ayat 197:
اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ
Artosipun: Musim haji iku ono ing wulan kang dimaklumi (ditentuaken)
Setunggale peristiwa ing lebete wulan dzul qa’dah, nggih meniko Kanjeng Nabi ngelampahi umroh ngantos kaping sekawan. Meniko hadits saking Sahih Bukhari ingkang dipun riwayataken Sahabat Anas bin Malik:
اعْتَمَرَ رَسُولُ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم أَرْبَعَ عُمَرٍ، كُلَّهُنَّ فِي ذِي القَعْدَةِ، إِلَّا الَّتِي كَانَتْ مَعَ حَجَّتِهِ، عُمْرَةً مِنَ الحُدَيْبِيَةِ فِي ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مِنَ العَامِ المُقْبِلِ فِي ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مِنَ الجِعْرَانَةِ، حَيْثُ قَسَمَ غَنَائِمَ حُنَيْنٍ فِي ذِي القَعْدَةِ، وَعُمْرَةً مَعَ حَجَّتِهِ (رواه البخاري)
Artosipun: Rasulullah umroh kaping sekawan, sedoyo wonten lebete Dzulqa’dah kejobo umroh ingkang dilaksanaaken sareng haji; rinciane yoiku setunggal umrah saking Hudaibiyyah, setunggal umroh wonten tahun ngejengipun, setunggal umroh saking Ji’ronah nalika mbagi rampasan perang Hunain, setunggal maleh umroh sareng haji (HR al-Bukhari).
Hadirin Ingkang Sami Minulyo
Keterangan saking Al-Quran hadits wonten inggil meniko nuduhaken dateng kito sedoyo supados nyalap perkawis dunyo sekedap tumuju ibadah marang Allah, keranten wulan dzul qa’dah kecatet wekdal ingkang mulyo. Ampon ngantos kito sia-siaaken.
Monggo kito tingkataken amal ibadah kito sedoyo kanti tenanan. Khususe kagem tiyang ingkang tindak haji, wulan meniko sae sanget dipun isi kaliyan umroh sak katah-katahe. Kranten Kanjeng sampun paring contoh umroh wonten wulan dzul qa’dah.
Lajeng kagem tiyang ingkang dereng angsal rezeki tindak haji, wulan dzul qa’dah saget dipun isi kaliyan tindak lampah sae, nebihi maksiat, ibadah kanti tekun lan ndedungo marang Gusti Allah supados pinaringan rezeki saget sowan dateng Baitullah.
Mugi-mugi kito sedoyo pikantok rahmat lan pengapuro saking Gusti Allah lan diparingi gangsar, sabar anggenipun ngelampahi pagesangan wonten dunyo. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
Khutbah II:
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْاِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى إِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَاإِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ إِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْأَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا إِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
**
Naskah Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah
Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
2 Materi Khutbah Jumat Menyambut Hari Kemerdekaan Edisi 8 Agustus 2025, Khidmat dan Berkesan |
![]() |
---|
Doa Menjenguk Orang Sakit Berdasarkan Hadist, Lengkap Tulisan Latin, Arti dan Cara Membacanya |
![]() |
---|
Sholawat Burdah Lengkap 10 Pasal dalam Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Sebelum dan Sesudah Bekerja Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Doa Sujud Sahwi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahan Indonesia |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.