Kunci Jawaban

Soal dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 83-90, Bagian A Pilihen Wangsulan Kang Bener!

Berikut adalah kunci jawaban soal Bahasa Indonesia kelas 9 SMP/MTs halaman 83, 84, 85, 86, 87, 88, 89 dan 90 tahun ajaran 2023-2024, Pilihan Ganda.

Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Abu Hurairah
Tribunsumsel.com
Soal dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 83-90, Bagian A Pilihen Wangsulan Kang Bener! 

TRIBUNSUMSEL.COM - Bagi Anda yang membutuhkan referensi dan panduan kunci jawaban soal Bahasa Jawa kelas 9 SMP halaman 83-90, sebaiknya perhatikan ulasan dibawah ini.

Pada halaman 83-90 dalam buku paket Bahasa Jawa akan disajikan pertanyaan berupa pilihan ganda sebanyak 30 soal, sebagai bentuk latihan UAS Semester Ganjil.

Berikut adalah kunci jawaban soal Bahasa Indonesia kelas 9 SMP/MTs halaman 83, 84, 85, 86, 87, 88, 89 dan 90 tahun ajaran 2023-2024, Pilihan Ganda.

Soal Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 83-90

A. Pilihen wangsulan kang bener!

1. Pidhato ing dhuwur ditindakake ing adicara ....

a. Pepisahan sekolah
b. Pameran kesenian
c. Ceramah agama
d. Sambutan upacara

Jawaban: A

2. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ….

a. resmi
b. ora resmi
c. setengah resmi
d. guyonan

Jawaban: A

Baca juga: Kumpulan Contoh Soal UAS/PAS Kimia Kelas 10 Semester 1 dan Kunci Jawabannya

3. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….

a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. panutup

Jawaban: C

4. Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak / Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak / Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani. Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga.

Pethikan teks pidhato ing dhuwur kalebu perangan .....

a. Adangiah
b. Purwabasa
c. Surasa basa
d. Wasana basa

Jawaban: A

5. Isi teks pidhato ing dhuwur dumadi saka patang perangan (bab). Perangan kapisan sing daturake yaiku ....

a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.

Jawaban: A

6. Dene isi teks perangan katelu yaiku ....

a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.

Jawaban: C

7. Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur yuwun sih agunging pangaksami.

Perangan pidhato kaya kasebut kalebu....

a. Surasa basa
b. Wasana basa
c. Purwa basa
d. Pangarep-arep

Jawaban: C

Baca juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 SMP/MTs Halaman 19 Semester 1, Nganggo Aksara Latin

8. Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga.

Tembung nggulawenthah ing ukara dhuwur tegese ....

a. Ngayomi lan ngayemi
b. Ndhaku lan ngadhopsi
c. Nuturi, nyeneni lan ngandhani
d. Ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni

Jawaban: D

9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….

a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup

Jawaban: C

10. Pawongan kang kajibah ngandharake wigatiting pahargyan minangka wakiling sohibul hajad diarani ....

a. Pranatacara
b. Pamedhar sabda
c. Paniti swara
d. Paminta sraya

Jawaban: B

11. Dene pawongan kang kajibah ngatur lumakuning adicara pawiwahan diarani ....

a. Panatacara
b. Pamedhar sabda
c. Paniti swara
d. Paminta sraya

Jawaban: A

12. Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....

a. Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika
b. Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.
c. Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.
d. Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.

Jawaban: C

13. Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 an ing daerah....

a. Banyuwangi
b. Surabaya
c. Probolinggo
d. Ngayogyakarta

Jawaban: D

14. Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka ....

a. Jawa Tengah
b. Ngayogyakarta
c. Jawa Barat
d. Jawa Timur

Jawaban: D

15. Bedane ludruk lan kethoprak manggon ing ....

a. Tari Rema lan tabuhan gamelan teknik Jawa Timuran.
b. Kethoprak diawali tari gambyong, ludruk diawali tari gandrung.
c. Kethoprak migunakake iringan jula-juli.
d. Ludruk ora dibukani tari remo.

Jawaban: B

16. Basa kang digunakake dening pambyawara/pranatacara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa ….

a. basa krama inggil
b. basa ngoko alus
c. basa mataraman
d. basa rinengga

Jawaban: D

17. Patih Harya Tadhah ngajokake surat undur dhiri minangka patih amarga ....

a. Amarga Patih Harya Tadhah kalah perang lumawan Gajah Mada.
b. Amarga Patih Harya Tadhah rumangsa wis ringkih lan sepuh kanggo tetep nglungguhi patih ing Mojopahit.
c. Amarga Patih Harya Tadhah ora disenengi dening Prabu Tribuwana Tungga Dewi.
d. Amarga Patih Harya Tadhah memungsuhan kalawan Ra Banyak lan Ra Kembar.

Jawaban: B

18. Kang dening Patih Harya Tadhah digadhang gumanti nglungguhi patih ing Mojopahit ....

a. Ra Banyak
b. Ra Kembar
c. Gajah Mada
d. Adityawarman

Jawaban: C

19. Patih Harya Tadhah ngajokake Gajah Mada Minangka gantine dadi Patih Mojopahit ....

a. Amarga Gajah Mada minangka Prajurit kang ora mung ngajokake okol, nanging kebak petung saben ngrampungi masalah.
b. Amarga Gajah Mada isih keluwargane Patih Harya Tadhah.
c. Amarga Gajah Mada bisa ngalahake Ra Banyak lan Ra Kembar.
d. Amarga Gajah Mada salah sijine punggawa nagari Mojopahit.

Jawaban: D

20. Sing banjur ora setuju yen Gajah Mada diangkat nglungguhi patih Mojopahit ....

a. Ra Banyak lan Ra Kembar
b. Adityawarman
c. Patih Harya Tadhah.
d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi

Jawaban: A

21. Sing wekasane diangkat dadi patih Mojopahit dening Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi ....

a. Adityawarman
b. Gajah Mada
c. Ra Banyak
d. Ra Kembar

Jawaban: B

23. Komplikasi kang muncul ing pethikan naskah dhuwur yaiku....

a. Ra Banyak lan Ra Kembar ora setuju manawa Gajah Mada katetepake minangka Patih ing Mojopahit.
b. Patih Harya Tadhah wis sepuh lan ora kuwat nglungguhi Patih ing Mojopahit.
c. Prabu Tribuwana Tungga Dewi ora kersa misudha Gajah Mada Dadi patih ing Mojopahit
d. Gajah Mada ora setuju yen Ra Banyak disengkakake dadi patih ing Mojopahit.

Jawaban: A

24. Paraga utama ing pethikan naskah kethoprak kasebut yaiku ....

a. Ra Banyak lan Ra Kembar
b. Adityawarman
c. Patih Harya Tadhah.
d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi

Jawaban: D

25. Ing ngisor iki nggambarake kapribadene Gajah Mada, kajaba .....

a. Tanggung jawab marang jejibahan kang disandhang.
b. Mikolehake marang dhiri lan kulawargane.
c. Ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok.
d. Nengenake kepentinganing bangsa lan nagara tinimbang kepentingan dhiri pribadi.

Jawaban: C

26. ”Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna.” rekayasa dasanamane ....

a. usaha
b. budidaya
c. milihi
d. milahi

Jawaban: A

27. Basa ngoko alus ing ngisor iki kang panulise bener yaiku ....

a. Mas Nanang diutus Pak Broto nyaosake undangan menyang daleme H. Misbah.
b. Menawi Panjenengan badhe tindak, mangke kula pamitaken Ibu.
c. Yen kowe arep dhahar segane ing wakul.
d. Mau esuk Eyang wis dakparingi dhahar kacang ijo!

Jawaban: D

28. Ngendikanipun Bapak, Budhe Marni badhe rawuh mriki.

Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko andhap ....

a. Sanjangipun Bapak Budhe Marni ajeng dugi mriki.
b. Ngendikane Bapak, Budhe Marni arep rawuh kene.
c. Jarene Bapak Budhe Marni arep teka kene.
d. Jarene Bapak Budhe marni arep sowan kene.

Jawaban: B

29. Kabeh pepalang bakal disingkirake.

Kahanan kaya ing dhuwur ditembungake kanthi paribasan ....

a. Jer basuki mawa bea
b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
c. Becik ketitik, ala ketara
d. Gemi, nastiti lan ngati-ati iku laku utama.

Jawaban: B

30. Fadhila saiki kelas 9. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa....

Soal Bahasa Jawa kelas 9 halaman 90 Kirtya Basa (Kemdikbud)
Soal Bahasa Jawa kelas 9 halaman 90 Kirtya Basa (Kemdikbud)

Jawaban: C dan D

**

*)Discalimer: Artikel ini hanya ditujukan kepada orang tua untuk memandu proses belajar anak.

Temukan artikel kunci jawaban lainnya di google news.

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved