Hari Pahlawan 2023
2 Contoh Teks Pidato Hari Pahlawan Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Arti
Berikut ini merupakan contoh teks pidato menyambut Hari Pahlawan Nasional 10 November dalam Bahasa Jawa, singkat dan penuh arti yang bisa dijadikan re
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Abu Hurairah
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan contoh teks pidato menyambut Hari Pahlawan Nasional 10 November dalam Bahasa Jawa, singkat dan penuh arti yang bisa dijadikan referensi.
Pidato jadi salah satu hal yang diperlukan saat mengelar suatu acara maupun kegiatan dalam rangka menyambut Hari Pahlawan Nasional 2023.
Pidato ini bisa disampaikan lewat berbagai bahasa, termasuk dalam bahasa Jawa.
Untuk Anda yang membutuhkan teks pidato menyambut Hari Pahlawan Nasional 2023 dalam Bahasa Jawa, dapat menggunakan referensinya yang ada didalam artikel ini.
Baca juga: Kumpulan Teks Doa untuk Dibaca Saat Hari Pahlawan 10 November 2023, Beserta File PDF Unduh Disini
Teks Pidato Hari Pahlawan Nasional dalam Bahasa Jawa
#Contoh Teks Pidato Pertama
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Dumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.
Poro bapak/ibu guru lan hadirin sedaya ingkang tansah kawula hormati, lan
Poro rencang-rencang ingkang kawula sayangi.
Sepindah, mangga kito sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Pengasih.
Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat.
Kaping kalih, sholawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula tresnani, dinten menika kita sedaya mengeti Dinten Pahlawan.
Dinten menika saget kagem mengeti kito sedoyo marang perjuangan para pahlawan.
Semangat 45 kang sampun diwekdalake kangge kamardikaan bangsa Indonesia, mbebasaken bangsa saking penjajah.
Ing jaman kepungkur, para pahlawan menika ikhlas tumindak menapa mawon kangge Indonesia, wantun katutup ing getih kangge ngusir penjajah.
Kamardikaan, persatuan, lan kesatuan kang sampun diwujudake para pahlawan menika sakedahipun kito jogo, ampun ngantos wonten perpecahan kalian sederek sebangsa.
Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula kurmati, sumangga kita sedaya ndongakaken kangge perjuangan lan jasa para pahlawan.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugiyo kita sedaya saget dados warga negara kang saget njaga persatuan lan kesatuan bangsa.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
__________________________
Baca juga: 6 Puisi Sambut Hari Pahlawan Nasional 2023 Penuh Makna, Pengorbanan - Pahlawan yang Tak Dikenal
#Contoh Teks Pidato Kedua
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak Ibu (...)
Ingkang kula hormati staf TU
Lan Ingkang kula hormati para Bapak/Ibu undangan
Para rawuh ingkang kulo hormati
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan Nasional.
Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng.
Ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.
Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi peristiwa menika.
Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pengetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945.
Ananging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya.
Arek-arek Surabaya ingkang dipun pandhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat.
Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kangge mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge bela bangsa lan negara.
Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan.
Mawantu-wantu kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin.
Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kathah atur saha kirang trapsila nipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Baca juga: 6 Puisi Sambut Hari Pahlawan Nasional 2023 Penuh Makna, Pengorbanan - Pahlawan yang Tak Dikenal
Baca berita dan artikel lainnya di google news.
Pidato Hari Pahlawan
Teks Pidato Hari Pahlawan
Contoh Teks Pidato
Hari Pahlawan 2023
Pidato Hari Pahlawan Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
5 Contoh Teks Kata Sambutan Hari Pahlawan Nasional 2023, Singkat dan Berkesan Untuk Referensi |
![]() |
---|
15 Quotes Epik Bung Tomo untuk Menyambut Hari Pahlawan 2023 Penuh Semangat dan Berkesan |
![]() |
---|
3 Contoh Cerpen Bertemakan Hari Pahlawan Paling Menarik Untuk Tugas di Sekolah Tingkat SD/SMP/SMA |
![]() |
---|
12 Pesan-pesan Perjuangan Pahlawan Nasional, Untuk Menyambut Hari Pahalwan 10 November 2023 |
![]() |
---|
Apakah Hari Pahlawan 10 November 2023 Libur? Begini Penjelasan Menurut SKB |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.