Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Bulan Safar 1 September 2023 Bahasa Jawa Lengkap, Tersedia Format PDF

Berikut isi teks Khutbah Jumat edisi bulan Safar 1 September 2023 dalam bahasa Jawa, singkat dan penuh makna. Tersediapula dalam bentuk PDF yang bisa

Tribunsumsel.com
Isi Teks Khutbah Jumat Edisi Bulan Safar 1 September 2023 dalam Bahasa Jawa, Lengkap Format PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut isi teks Khutbah Jumat edisi bulan Safar 1 September 2023 dalam bahasa Jawa, singkat dan penuh makna. Tersediapula dalam bentuk PDF yang bisa diunduh melalui link dibawah ini.

PDF Khutbah Jumat Bahasa Jawa >>> Unduh Disini.

Judul Khutbah Jumat "Wulan Shofar Sanes Wulan Apes"

الْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ، أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ

اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

Jamaah sholat Jum’at rahimakumullah

Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.

Supados kita sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat. Gusti Allah sampun dawuh:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Artosipun: Hei poro menungso! Nyembaho marang pengeran siro kabeh kang wis nitahaken siro lan wong-wong sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh kalebet wong kang podo takwo. (Al-Baqarah:21)

​​​​​​​Nyembah marang pengeran meniko arupi njungkung ibadah, ngelampahi perintah wajib utawi sunnah, kados sholat limang wektu, sunnah rawatib, poso lan sakpitunggalane.

Keranten nyembah marang pengeran niku sampun dilampahi poro umat sakderenge kito sedoyo.

Saking tindak lampah arupi ibadah meniko saget dipun derek supados kalebet umat ingkang takwa marang Gusti Allah.

Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Minulyo

​​​​​​​Wekdal sakmeniko kita pinaggih kaliyan wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah. Dipun wastani kaliyan Shofar keranten bongso Arab rumiyen ngosongaken kegiatane.

Ugi wonten ing wulan kasebat, masyarakat naliko semanten sami ninggalaken daerahipun, sak perlu bidal perang utawi tindakan.

​​​​​​​Kanjeng Nabi dawuh:

لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنْ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنْ الْأَسَدِ. رواه البخاري ومسلم

​​​​​​​Artosipun: Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan mlayuo siro saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh) saking singa. (Riwayat Bukhari lan Muslim)

​​​​​​​Tegese ‘adwa meniko percados menawi wonten penyakit ingkang saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpa izin saking Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun ningali manuk.

Amergi ing masyarakat jahiliyah wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae. Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.

​​​​​​​Keranten zaman jahiliyah, katah ingkang nganggep bilih wulan Shofar minongko wulan sial utawi dipun sebat tasya’um. Wulan ingkang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo dipun percados ngeliputi kejemberan hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu.

Padahal, sejatosipun wulan Shofar mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun, meniko sampun kersanipun Gusti Allah, sanes amergi wulan Shofar piyambak.

Jamaah Sholat Jum’at Ingkang Bahagio

Saking pepertelan kasebat, kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:

مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ

Artosipun: Saben musibah ingdalem bumi lan ingkang mekenani awak siro kabeh iku kecatet ingdalem kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken. Saktemene mengkunu gampang mungguhe Gusti Allah (QS Al-Hadid, 22).

​​​​​​​Pramilo, wonten setunggale hadits ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah, Tirmidzi kito dipun anjuraken supados ndedungo :

بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

Artosipun: Kelawan nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal mbahayani kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan ngaweruhi nopo kimawon.

Mugi-mugi kito sedoyo kaliyan Gusti Allah dipun paringi ma’unah, pitulung saget nindaaaken kesaenan wonten wekdal soho panggenan pundi kimawon lan dipun tebihaken saking perkawis olo, awon, lan ciloko. Amiin​​​​​​​

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

***

Baca juga: Arti Faidza Azamta Fatawakkal Alallah, Bacaan Surat Ali Imran Ayat 159, Antara Tekad Kuat & Tawakal

Baca juga: Materi Khutbah Jumat Edisi 1 September 2023, Mudah Diingat dan Penuh Khidmat Ada FilePDF

Baca juga: Contoh Naskah Khutbah Jumat Bahasa Sunda Edisi 1 September 2023, Singkat dan Inspiratif

Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved