6 Teks Ikrar Halal Bihalal Lebaran Idul Fitri Bahasa Jawa Lengkap untuk Keluarga Hingga Sekolah

Halal Bihalal merupakan momentum untuk saling silahturahmi dan bermaaf-maafan, Terdapat juga  ikrar saat melakukan silahturahmi halal-bihalal.

Penulis: M Fadli Dian Nugraha | Editor: Novaldi Hibaturrahman
Tribun
Halal Bihalal merupakan momentum untuk saling silahturahmi dan bermaaf-maafan, Terdapat juga  ikrar saat melakukan silahturahmi halal-bihalal. 

TRIBUNSUMSEL.COM-Halal Bihalal merupakan momentum untuk saling silahturahmi dan bermaaf-maafan.

Terdapat juga  ikrar saat melakukan silahturahmi halal-bihalal sebagai ungkapan rasa syukur pada Tuhan Allah Swt.

Berikut ini merupakan ikrar halal bihalal bahasa jawa lengkap.

Kumpulan Ikrar Halal Bihalal Versi Bahasa Jawa, dilansir Scribd.

Baca juga: Contoh Teks Ikrar Halal Bihalal Idul Fitri 1444 H/2023 Untuk Acara Sekolah, Singkat Mudah Dipahami

Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 1

 ِ   ْسِم هللاِ ال ّر ْح َم ِن ال َّر ِحْيِم ب
 ُ  هُ َو َر ُسْول َعْبدُهَُواَ ْش َهدُ اَ َّن ُم َح َّمدًا
 ََّّ  لهللاُ اِلَهَ اِ اَ ْش َهدُ اَ ْن آلَ
    تَقَبَّ َل ِزْي َن, لفَائِ عَائِ ِدْي َن َوا
ْ   سفَا ُحْولَ ُكْم ِم َن ال َو ِمْن ُكْم يَااَ ْخ تَقَبَّ َل َوانِى اِ ْسفَا ُحْونِى اَ
   هللاُ ِمنَّا يَا َكِرْيِم

Kepareng matur dumateng ngarsanipun pepundhen sepuh ugi ingkang dipun sepuhaken lan
kaprenah sepuh, kulo ngaturaken sungkem pangabektos.

Dumateng bapak-bapak ibu-ibu ugi sesami-sami, kulo ngaturaken salam ta’lim.
Dumateng ingkang kaprenah anem, ngaturaken sugeng riyadi ‘idil fitri.

Saklajengipun ngaturaken sedoyo kalepatan kulo ingkang kasengaja lan mboten kasengojo
lahir batos nyuwun pangapunten.

Kosok wangsulipun mbok bilih panjenengan sedoyo kagungan kalepatan ingkang tumandhuk dateng kulo, kulo ugi caos pangapunten
Lan mbok bilih wonten hak adam utawi hak milik saking arah menopo kemawon ingkang
dereng halal, kulo nyuwun halal ipun lan mugi-mugi ibadah kulo sedoyo dipun tampi ngarso
dalem Allah SWT. Amin ya rabbal ‘alamin.

Kita ingkang sami rawuh wonten adicara punika, nglengganani saha
ngakeni kanthi tulus ikhlas, bilih kita sampun tumindak lepat saha kalepyan.

Sae punika ingkang dipun sengaja utawi ingkang mboten dipun sengaja, sae
ingkang arupi lisan utawi tumindak, sae punika atas nami pribadi,
kulawarga utawi organisasi.

Awit saking punika kita sami-sami nyuwun pangapunten, saha paring pangapunten. Kanthi sinartan doa, mugi-mugi
Allah SWT paring pangapunten dumateng dosa-dosa kita saha anampi amal
sholeh kita.

Mugi-mugi kita kalebetno dados tiyang-tiyang ingkang taqwa.
Aamiin..

IKRAR HALAL BI HALAL

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bismillahirrahmannirrohim
Ashadualla Illaha Illallah Wa Asyadu Anna Muhammadan ‘Abduhu
Warasuluh.

Kanthi nyadong ridhonipun Gusti Allah SWT, kito sedoyo ingkang
lenggah wonten ing mriki samio nglenggono gadahi salah khilaf lan
doso.

Kanthi puniko kito ikhlas ikrar halal bi halal ingkang kaleres
sepuh punopo engkang langkung anem sami-sami paring lan nyuwun
pangapunten.

Antawis satunggal dumateng sanesipun mugi Allah SWT
paring ridho dateng lampah ingkang pinuji puniko kanthi kairing
dongo:

Taqobblallaahu mina maminkum. Minal Aidin Wal Faidzin
Mugi kito sadoyo wangsul dateng fitroh lan Allah SWT tansah bimbing
dumateng kito dateng kasaenan lan pangibadahan.

Sae ibadah ingkang langsung dumateng Allah SWT punopo dene srawung gesang
wonten ngalam donyo.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2

Assalamu’ alaikum Warahmatullah Hiwabarokatuh.
Dumateng panjenenganipun Keluarga Besar Bani Abdulah Muchsin soho tamu
undangan sedoyo ingkang dipun mulyakaken Allah SWT.

Kepareng kula matur minangka sulih salira saking Keluarga Besar Bani Abdulah
Muchsin

1. Sepindah Dumateng Bp/ibu/pakde/bude ngaturaken Sungkem Pangabekti Kawula.

2. Kaping kalih ngaturaken sugeng Riyadi 1 Syawal 1444 H.

3. Kaping tiganipun, kula sekulawarga kanthi nglenggona anggadahi kesalahan

ingkang dipunsengojo, lan boten dipun sengojo, dukho saking kulo pribadi utawi
saking kulawargi.

Sae saking lesan utawi tulisan ing mriki Kula pinongko wakil kanthi
sanget Nyuwun Pangapunten Sedaya Kalepatan lahir tulusinng batin.

Dumateng Keluarga Besar Bani Abdulah Muchsin Sumrambah ing sedoyonipun


4. Kaping sekawan, monggo sareng-sareng nyenyuwun dumateng ngarsanipun gusti
Allah SWT, nedahaken dumateng kaleresan, kasainan saged nindakaken sedaya
dhawuh-dhawuhipun gusti allah SWT, saha saged nebihi awisan-awisannipun.

Ing pagajab dadoso golonganipun tiyang-tiyang bejo ndonyo dumugi akhirat.
Mekaten inking saget kaula aturaken.

Manawi atur kawula Kathah kiranging totokromo lan subosito kula sak estu nyuwun angunge samudro pangaksami.
Wassalamu’ alaikum wr’ wb.

Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 3

Bismillahirrahmaanirrahiim Kanthi nyuwun ridhonipun Allah SWT
kita sedaya ingkang lenggah samia nglenggana
gadahi salah, khilaf, lan dosa. Kanthi punika kita ikhlas
ikrar halal bi halal.


Sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten
antawis satunggal dumateng sanesipun mugi ALLAH SWT
paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga :

Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin wal faidzin Mugi kita sedaya
wangsul dateng fitrah lan Allah tansah bimbing dumateng kita
dateng kasaenan lan pangibadahan Amiin Allahuma Amiin

Baca juga: Doa Untuk Pengantin Baru Dilengkapi Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya, Mudah Dibaca

Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 4

Assalamu'alaikum warahmautullahi wabarokatuh
Alhamdulillahi rabbil alamin, wash shalatu was salamu' alaa asyrafil anbiyai wal mursalin,
wa'ala aalihi wa ash-habihi ajma'in amma ba'du .

Dumateng ngarsanipun para rawuh ingkang minulya,
Alhamdulillah sumangga puji lan syukur kita aturaken dumatheng Allah SWT, awit saking
kewelasan-Ipun kita sedaya keparing kasempaten makempal wonten menika papan kanthi
saperlu ngawontenaken acara syawalan utawi acara halal bihalal menika.

Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dematheng nabi junjungan kita
Nabi Muhammad SAW, keluarga, sohabat, saha para penderek kalebet kula
sedaya.

Sagung para rawuh Rahimakumullah, Sepisan, kita ngaturaken agungeng panuwun awit saking kerawuhan
panjenengan sedaya. Mugi niat ikhlas panjenengan sedaya tindak saking
griya dumugi ing papan menika kecatet dados satunggaling amal kesaenan
datheng Allah SWT.

Dados umat Islam sampun saprayoginipun kita sedaya anggadahi sifat welas
saha asih tumrap sesami, khususipun majeng sesami muslim ugi muslimah,
ingkang sampun temtu lebet kesugengan sabendinten anggadahi raos khliaf,
klintu ugi dosa satunggal lan satunggale.

Mila saking menika lebet kesempatan halal bihalal menika kita sami ngajak para rawuh, kagem paring
pangapunten satunggal saha satunggalipun, mbikak penggalih kaliyan raos
sabar, inggil ridha Allah nyuwun apunten ugi pangapunten kalepatan teng
antawis kita sedaya sae disengaja utawi mboten disengaja.

Wonten kesempatan menika ugi badhe diisi siraman rohani “Hikmahipun
Halal Bihalal” konjuk dening bapak Kyai Fazirudin saking Kanggotan, Pleret,
Batul, Yogyakarta.

Saderengipun saestu kita aturaken agungeng sembah nuwun inggil kecaosan bapak kagem rawuh ugi nyaosaken ceramah dhateng
majelis menika.

Sela adalem pribadi ugi sela adalem panitia, kita lebet kesempatan menika ugi nyuwun
agungeng pangapunten menawi wonten samukawis salebetipun menika ingkang kirang
nujuprana ing penggalih para rawuh.

Mugi-mugi Allah paring pangapunten dosa ugi kalepatan kita sedaya sedaya ugi nyaosaken kekiyatan miyos ugi bathin.Amin.
Akhirulkalam, Wabilahitaufiqwalhidayah Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 5

Assalamualaikum Wr.Wb
Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing
pitutur.

Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning
kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan.

Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandampandoming
Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.

Mboten katalumpen kadang kulo werdo mudo taruna mudi taruni ingkang minangko
sekaring projo ingkang tansah kawulo tresnani.

Sesambetan kalih dinten riyaya idul fitri kula minangka wakil saking muda lan mudi tentu
kewolo tansah gesang sumanding dateng warga masyarakat khususipun dateng priyayi sepuh.

Kula minangka wakil saking muda lan mudi, boten singklar gesang wonten dalem masyarakat
tentu kewolo kathah reribet engkang mboten hanuju prono, woten penggalih poro pinisepuh,
pramila mboten sanes kejawi atur pangapunten, engkang langkung sae saget kawula aturaken
wonten ikrar halal bihalal ing dinten riyaya idul fitri punika.

Kula minangka wakil saking muda lan mudi, ngaturaken agunging panuwun rikala satunggal
tahun kepengker tentu kewolo ngadahi setumpuk kesalahan dateng priyayi sepuh, duka ingkang
kawula sengaja ugi ingkang mboten kawula sengaja.

Kula minangka wakil saking muda lan mudi nyuwun pangapunten trusing batin dateng priyayi sepuh, inggih wedal satunggal tahun punika
tentu kewolo kathah kekhilafan anggenipun gesang bebrayan wonten ing masyarakat, punapa
malih muda lan mudi taksih tebih saking andhap sopan santun muna lan muni, kathah dadosaken
pinggeting ati dateng priyayi sepuh.

Pramila kanti raos panelongso kawula nyuwun agenging
panuwun kanthi adhedasar lahir lan batin.

Kula minangka wakil saking muda lan mudi, sak lebetipun gesang bermasyarakat asring
gatosaken asoring dukuh lan dawahipun harga diri pimpinan dukuh lan sesepuh, ugi kula tiyang
enem engkang tansah ngrumiyinaken emosi lan anarkis, inggih awit sedoyo kala wau boten sanes
kiranging seserepan babagan sesrawungan lan unggah-unguh.

Awit saking mboten wonten perkawis engkang saged kangge sarana ngicali raos kuciwa dateng tiyang sepuh kejawi minal
aidzin wal faidin.

Mugi kanti ridhonipun tiyang sepuh muda lan mudi tansah pikantuk ridhonipun Allah SWT
sahingga sak wingkingipun saget ngangkat derajat lan martabatipun dukuh ing mriki sowanipun.

Amien Wabilahitaufik wal hidayah,
Wassalmuallaikum Wr.Wb.

Halal Bihalal Bahasa Jawa 6

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah, alhamdulillahil ladzi arsala rasullahu bil huda wad dinil haq.

Liyuth hirohu ‘alad dini kulih. Walau kharihal musyrikuun. Asyadu ala ilaha ilaha wa asyhadu anna muhammadan abduhu warosulluh.
Allahumma sholli ‘ala sayyidina muhammad wa ‘ala ali muhammad
Amma ba’du.

1. Dhumateng panjenenganipun Bapak Mubaligh, Bapak K. M. Nurudin ingkang kawula hormati.

2. Dhumateng Bapak Kepala Desa Kaliboto dalasan para perangkatipun ingkang kawula hormati.

3. Dhumateng Bapak Ketua Badan Permusyawaratan Desa, Desa Kaliboto dalasan para
anggotanipun.

4. Dhumateng Bapak Ketua Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa, Desa Kaliboto dalasan
seksi-seksinipun.

5. Bapak Ketua RW, Ketua RT Dusun Ngelo Asri dalasan wakil-wakilipun

6. Para rawuh, tamu undangan, para pinisepuh Warga Masyarakat Dukuh Ngelo Asri dalasan
rencang-rencang Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri ingkang kawula hormati ugi.

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito
sedaya saenggo saget ngrawuhi Halal Bi Halal Karang Taruna “Lestari” dalasan wargo
masyarakat wonten Dukuh Ngelo Asri mriki.

Ibu, Bapak para rawuh dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati, sakderengipun
kula nyuwun pangapunten ingkang agung, dene kula kinen matur dhumateng para sesepuh
dalasan para rawuh sedaya, kula ingkang minangka wakil sedaya rencang-rencang Karang
Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri mriki.

Kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan
panjenengan sami. Mugi-mugi karawuhan panjenengan ing pangajab, kula sak konco Karang
Taruna “Lestari Asri” kerso’o hanampi sungkem saha paring pangapunten kanca-kanca Karang
Taruna “Lestari Asri” wonten Dukuh Ngelo Asri mriki.

1. Ingkang ongko sepisan

Sak lebetipun sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya para sesepuh dalasan
pinisepuh wargo masyarakat Dukuh Ngelo Asri mriki. Kula minangka wakil saking kanca-kanca
Karang Taruna “Lestari Asri” kathah sanget kekiranganipun.

awit saking meniko wonten kesempatan saha wekdal ingkang sae puniko panjenengan kerso’o paring pangapunten
dhumateng sedaya kanca-kanca Karang Taruna “ Lestari Asri” wonten ing Dukuh Ngelo Asri
mriki.

2. Dene ingkang ongko kalih

Ugi sak lebetipun sesambetan saha sesrawungan mbok bilih kathah sanget tandang
tanduk, solah saha tingkah, saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya
bebasan tindak sapecak, tembung sak limah saha ulat dlerengan.

ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terang-terangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene
ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula wau.

Kula, minangka wakil Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri mriki ngaturaken sugeng riyaya, MINAL AIDZIN
WALFAIDZIN.

Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin. Dhumateng Ibu, Bapak, Para sesepuh khususipun wonten ing Dukuh Ngelo Asri mriki lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya ingkang rawuh wonten dalu punika.
Mugi gusti Allah Subhanahu Wata’ala paring pangapunten dhumateng kita sedaya.

lan mugi-mugi sedaya doso saha kalepatan sageto kalebur wonten ing dalu puniki.
Amin...Amin...Amin...Ya Rabbal ‘alamin.

Ugi kula atas nami kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” nyuwun do’a saha pangestu mugi Karang Taruna “Lestari Asri” saged nglajengaken lan nindakaken gegayuhan.

luhur tumindak ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun.

Ugi dhumateng masyarakat Dukuh Ngelo Asri lumeberipun Nusa bangsa dalasan Agami.
Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten menggah ikrar saking
Karang Taruna “Lestari Asri” Dukuh Ngelo Asri ingkang saged kula aturaken dhumateng
panjenegan sedaya.

Kawula minangka wakil saking kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri”
mboh bilih kathah kekirangan saha kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten.

Mugimugi kita sedaya pinaringan berkah dalasan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.
Amin Ya Rabbal’alamin...Taqabalallahu minna wa mingkum, Jazakumullah khoiron katsiron,
Bilahit taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Baca juga: Cara Tukar Poin BNI Mobile Banking/BNI POIN+ Terbaru 2023 Praktis dan Mudah

Itulah daftar 6 teks halal bihalal lebaran Idul Fitri 2023/144 H dalam bahasa Jawa untuk acara keluarga hingga sekolah.

Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news

Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved