Contoh Teks MC atau Pranatacara dalam Bahasa Jawa untuk Acara Pernikahan hingga Sunatan
Artikel ini memuat contoh teks MC atau Pranatacara dalam bahasa Jawa untuk acara pernikahan hingga sunatan.
Penulis: Novaldi Hibaturrahman | Editor: Novaldi Hibaturrahman
TRIBUNSUMSEL.COM- MC merupakan profesi yang menugaskan seseorang untuk memandu jalannya berbagai kegiatan.
Maka itu, sebaiknya seseorang yang bertugas sebagai MC harus memahami susunan acara hingga tata bahasa yang digunakan, termasuk bahasa Jawa.
Dalam bahasa Jawa, MC atau Master of Ceremony dikenal dengan istilah Pranatacara.
Berikut ini contoh teks MC atau Pranatacara dalam bahasa Jawa untuk acara pernikahan hingga sunatan.
Contoh Teks MC untuk Acara Pernikahan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama’ khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul ‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do’aipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho’illa Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah…
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’a, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
……………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,
………………………………….
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
………………
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
………………
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
………………
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do’aipun.
……………….
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb
Contoh Teks MC untuk Acara Siraman
Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh
Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan batos.
Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.
Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih, keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika, wondene pratelanipun mekaten:
1. Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe penganten putri Dewi Kartika dhumateng Rama sarta Ibu
2. Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.
3. Manawi tatacara siraman sampun purna, Rara Dewi Kartika lajeng kakanthi manjing ing patenggan, hanindakaken tatacara sengkeran.
4. Badhe penganten putri sasampunipun manjing patenggan sigra anindakaken tatacara pethet rikma utawi tigas rikma saha sadeyan dhawet.
Mekaten para tamu kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing tatacara siraman saha sadeyan dhawet hing wanci siyang menika, handadosna hing kawuningan.
Contoh Teks MC untuk Acara Aqiqah
Bismillahirrohmaanirrohiim. Assalaamualaikum wr.wb. Kawilujengan, rahmat, saha berkahipun Alloh S.w.t, mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Asyhadualla ila ha illalloh wa asyhadu anna Muhammadarrosululloh
Tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqoh, anak ayu / Bagus putranipun Bapak saha Ibu wonten Pajangan Rt. 04/Rw. XII, Kalurahan Pajang, Kecamatan Laweyan, Surakarta, dinten Senin Kliwon surya kaping 5 Desember 2022
Para sesepuh, para pinisepuh kakung putri ingkang kula bekteni, para sarjana sujaneng budi ingkang luhur ing budi;
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang bagya mulya; dalah para tamu sinedhahan ingkang kebak ing kabagyan.
Minangka pambukaning titilaksana/ adicara, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t.
Dene ing wekdal (siyang, sonten, dalu) menika kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan, sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Sukmanto ingkang ing wekdal menika ngawontenaken tasyakuran sepekenan inggih aqiqohan putranipun jaler.
Pun anak Bagus Jagad Pinilih ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten ing kalenggahan menika.
Sholawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW minangka rahmatan lil alamin, para kulawarga, para sahabatipun, lan para padherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi pungkasaning jaman.
Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing pakurmatan, kula Imam Sukoco ingkang kasraya minangka pambiwara ing wekdal menika badhe angaturaken menggah urut-urutaning lampah adicara tasyakuran aqiqoh ingkang sanget prasaja ing dalu menika, inggih menika adicara :
Sepisan pambuka
Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an saha tegesipun utawi saritilawah.
Adicara kaping tiga atur pambagyaharja
Pengaosan
Doa wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma
Adicara sepekenan bayi utawi aqiqoh paripurna.
Mekaten para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, menggah reroncening adicara tasyakuran aqiqoh lairipun anak Bagus Jagad Pinilih
Contoh Teks MC untuk Acara Pertemuan RT
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawula hormati Bapak Ketua RT (sebutkan RT berapa)
Ingkang ugi kawula hormati, bapak/ibu warga RT (sebutkan RT berapa)
Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah, kanthi rahmat hiduayatipung kito saget makempal wonten acara pertemuan rutin arisan RT menika, ing dalemipun Bapak ...
Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad SAW ingkang dados uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun wonten ing dinten akhir.
Kawula badhe maosaken acara arisan pertemuan RT menika.
1. Sepindah, pembukaan.
2. Kaping kalih, sambutan tuan rumah.
3. Nomer tugo, Sambutan Bapak Ketua RT.
4. Nomer sekawan, saran, usul, ugi tanggapan.
5. Kaping gangsal, pengumuman laporan keuangan.
6. Banjur penutup.
Monggo, kito nukak acara punika kanthi waosan alfatihah.
Salajengipun, inggih punika sambutan tuan rumah, dumateng Bapak ...., wekdal ugi panggenan sakcekapipun.
Menika sambutan tuan rumah.
Salajengipun, sambutan ugi informasi saking Bapak ketua RT, dumateng Bapak ..., wekdal kasumanggaaken.
Mangga, kito lanjut acara ingkang nomer sekawan inggih punika saran ugi usulan saking warga.
Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT, kasumanggaaken.
Acara saran, usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan ingkang dereng saget kaputusaken, kito sambung ing pertemuan wulan ngajeng.
Acara saklajengipun inggij punika laporan keuangan, dumateng poro punggawa ingkang kagungan jejibahan, sumonggo wekdal kasumanggaaken.
Inggih mekaten reercening acara wonten ing dalu puiko, mugi-mugi saget ndadosaken lungungan kito sansoyo sae.
Acara pingkasan puniko inggih penutup.
Mbok bilih anggen kulo matur lan mandu wonten ingkang kurang pas, mboten mrarani penggalih kulo nyuwun angunging pangarsami.
Sumangga, bareng-bareng kito tutup acara pertemuan RT ing dalu puniko kanthi waosan hamdalah.
Alhamdulillah hirabbilalamin.
Wassalamualaiakum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Teks MC untuk Acara Sunatan
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Pangeran ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing dalu menika.
Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu’alaa asrofil ambya’i wal mursalin. Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar ‘abduhu wa rosuuluhu.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni; para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya; dalah para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Kinarya pratandha binukaning adicara supitan ing dalu menika, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t, Pangeran ingkang Mahawicaksana.
Dene kita tansah pinaringan kasarasan, yuswa panjang, kekiyatan saha kesempatan sami saged rawuh wonten dalem / griyanipun Bapak Muladi ingkang saperlu sami paring panyengkuyung saha puji pandonga dhumateng Bagus Ramadhani ingkang ing wekdal nindakaken sunnahipun Nabi Ibrahim A.s, inggih menika dipunilamaken utawi kasupitaken.
Shalawat miwah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Rasululloh Muhammad SAW, ingkang tansah anyebaraken rahmatipun wonten jagad raya menika
Lan ingkang paring syafaat saha pitulungan benjing wonten ing alam loka baka tumrap para umatipun ingkang sami ngrasuk saha angamalaken agami Islam.
Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, kula Imam Santosa ingkang tinanggenah saha kajibah minangka pangendhaliwara ing dalu menika badhe amaosaken menggah reroncening titilaksana tetesan utawi supitan ing wekdal menika.
Wondene urut-urutaning lampah adicara inggih menika.
Sepisan pambuka
Adicara kaping kalih maos surat Yassin sesarengan katutup waosan doa utawi puji pandonga raharja
Lampah kaping tiga atur pambagya raharja
Adicara kaping sekawan pengaosan
Lelangen utawi hiburan
Adicara supitan paripurna
Para tamu sinedhahan ingkang kula bekteni, mekaten menggah rantamaning adicara Supitan
Baca juga: 2 Contoh Teks MC Maulid Nabi Mauhammad yang Singkat Lengkap dan Jelas
Baca juga: Contoh Teks MC dalam Bahasa Inggris, Lengkap dengan Struktur dan Artinya
Baca juga: 15 Pantun Lucu Pilihan Untuk MC Acara Pernikahan, Disampaikan Saat Kegiatan Resepsi
Itulah contoh teks MC atau Pranatacara dalam bahasa Jawa untuk acara pernikahan hingga sunatan.
Baca artikel dan berita lainnya langsung dari google news
Teks MC Bahasa Jawa
Contoh Teks MC Bahasa Jawa
Contoh Naskah Pranatacara
Contoh Naskah MC dalam Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
2 Contoh Teks MC Maulid Nabi Bahasa Sunda Beserta Susunan Acaranya, Singkat dan Mudah Digunakan |
![]() |
---|
21 Ucapan Maulid Nabi Muhammad SAW 1447H/2025 dalam Bahasa Sunda, Berkesan dan Menyentuh Hati |
![]() |
---|
Kalender September 2025: Penenggalan Weton Jawa Neptu dan Jadwal Libur Nasional Maulid Nabi |
![]() |
---|
Bunyi Sholawat Adrikni Beserta Cara Mengamalkannya 100 Kali |
![]() |
---|
Sholawat Kamilah Versi Pendek dan Panjang, Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.